Siswondo Parman

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Siswondo Parman
S Parman.jpg
Lair: Wanasaba, Jawa Tengah, 4 Agustus 1918
Tilar donya: Lubang Buaya, Jakarta, 1 Oktober 1965
Pasarean: TMP Kalibata - Jakarta

Siswondo Parman (Wonosobo, Jawa Tengah, 4 Agustus 1918 ; Lubang Buaya, Jakarta, 1 Oktober 1965) utawa luwih dikenal kanthi jeneng S. Parman kuwi salah siji saka pahlawan revolusi Indonesia lan tokoh militer Indonesia. S. Parman séda diprejaya nalika prastawa G30S PKI lan nampa jenderal anumerta. S. Parman disarèkaké ing TMP Kalibata, Jakarta.

Karir militer[sunting | sunting sumber]

Sawisé proklamasi kamardikan RI, S Parman mlebu TKR, bibit kawité militer Indonesia. Pungkasan Desember 1945, S Parman diangkat dadi Kepala Staf Polisi Militer ing Yogyakarta. Patang taun sawisé kuwi pindhah menyang Jakarta lan munggah pangkat dadi Mayor. Nalika kuwi S Parman mèlu tugas numpes pambrontakan "Angkatan Perang Ratu Adil" kang dipimpin déning Raymond Westerling, kang duwé rencana arep mrejaya Mentri Pertahanan lan Panglima Angkatan Bersenjata. [1]. Ing taun 1951, Parman dikirim menyang sekolah Polisi Militer ing Amérika Sarékat, lan ing tanggal 11 November taun kuwi uga, diangkat dadi Komandan Polisi Militer Jakarta. Sabanjuré S Parman mengku jabatan sawetara jabatan ing Markas Polisi Militer, lan ing Departemen Pertahanan sadurungé dikirim menyang London dadi Atase Militer ing Kadutan Indonesia ing London. [1]. Tanggal 28 June, kanthi pangkat Mayor Jendral, S Parman diangkat dadi Asisten 1 kanthi tanggung jawab bidang intelijen, sangisoré Kepala Staf Angkatan Darat Letnan Jendral Ahmad Yani.

Séda[sunting | sunting sumber]

Bebarengan karo para jéndral Angkatan Dharat liyané, Parman diculik ing wanci subuh tanggal 1 Oktober 1965 déning anggota G30S/PKI. Para penculik mlumpat pager ing dalemé S Parman kang dumunung ing Jalan Samsurizal No. 32, Jakarta. Ngira yèn ana rampok ing omahé tanggané, S Parman banjur tangi. Nalika mbukak lawang ngarep, S Parman adhep-adhepan karo para penculik kang kandha yèn diutus déning Presidhèn Sukarno.

Sawisé diwènèhi wektu kanggo ganti klambi, Parman njaluk marang garwané supaya lapor menyang komandané yakuwi Ahmad Yani, nanging kabel tilpun wis dikethok[2]. Parman diunggahaké truk lan digawa menyang pangkalan gerakan ing laladan Lubang Buaya. S Parman banjur ditémbak mati lan bebarengan karo para jéndral liyané dicemplungaké jroning sumur tuwa ing Lubang Buaya.

Jasad para kurban kasil ditemokaké tanggal 4 Oktober lan sabanjuré disarèkaké ing TMP Kalibata[3]. Dina iku uga, para kurban dianugerahi gelar Pahlawan Revolusi déning Presidhèn Sukarno[4]

Referensi[sunting | sunting sumber]

Umum[sunting | sunting sumber]

  • Bachtiar, Harsja W. (1988), Siapa Dia?: Perwira Tinggi Tentara Nasional Indonesia Angkatan Darat (Who is S/He?: Senior Officers of the Indonesian Army), Penerbit Djambatan, Jakarta, ISBN 979-428-100-X
  • Mutiara Sumber Widya (publisher)(1999) Album Pahlawan Bangsa (Album of National Heroes), Jakarta
  • Secretariat Negara Republik Indonesia (1994) Gerakan 30 September Pemberontakan Partai Komunis Indonesia: Latar Belakang, Aksi dan Penumpasannya (The 30 September Movement/Communist Party of Indonesia: Bankground, Actions and its Annihilation) ISBN 979-08300-025
  • Sudarmanto, Y.B. (1996) Jejak-Jejak Pahlawan dari Sultan Agung hingga Syekh Yusuf (The Footsteps of Heroes from Sultan Agung to Syekh Yusuf), Penerbit Grasindo, Jakarta ISBN 979-553-111-5

Cathetan[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b Sudarmanto (1966)
  2. ^ Sekretariat Negara Republik Indonesia (1994)
  3. ^ Sekretariat Negara Republik Indonesia (1975)
  4. ^ Mutiara Sumber Widya (publisher)(1999)


Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Siswondo_Parman&oldid=813598"