Mohammad Hatta
Mohammad Hatta | |
---|---|
![]() | |
Wakil Présidhèn Indonésia 1 | |
Linggih 18 Agustus 1945 – 1 Dhésèmber 1956 | |
Présidhèn | Soekarno |
Kang sadurungé | boten wonten, kalungguhan énggal |
Kang sawisé | Hamengkubuwana IX (kalungguhan lowong antawis 1956-1973) |
Nayakotama Indonésia 3 | |
Linggih 29 Januari 1948 – 16 Januari 1950 | |
Présidhèn | Soekarno |
Kang sadurungé | Amir Sjarifoeddin |
Kang sawisé | Abdul Halim |
Mantri Jaban Rangkah Indonésia angka 10 | |
Linggih 20 Dhésèmber 1949 – 6 September 1950 | |
Kang sadurungé | Agus Salim |
Kang sawisé | Mohammad Roem |
Rerincèn dhiri | |
Lair | [1] Bukittinggi, Sumatra Kulon, Hindhia-Nèderlan | 12 Agustus 1902
Pati | 14 Maret 1980[1] Jakarta, Indonésia | (umur 77)
Parté pulitik | Parté Nasional Indonésia |
Sisihan | Rahmi Rachim |
Agama | Islam |
Tandha tangan | ![]() |
Dr.(H.C.) Drs. H. Mohammad Hatta (lair ing Bukittinggi, 12 Agustus 1902 – pati ing Jakarta, 14 Maret 1980 ing umur 77 taun) inggih punika salah sawijining pejuang, nagarawan, lan pahlawan nasional wonten ing Indonésia.[2] Mohammad Hatta inggih dados wakil présidhèn kang kapisan wonten ing Indonésia.[3] Mohammad Hatta gadhah asma ingkang misuwur ing bebrayan inggih punika Bung Hatta,[4] nanging sajatosipun rumiyin asma alitipun inggih punika Mohammad Athar.[5] Bung Hatta punika misuwur dados Bapak Koperasi, lan namanipun dipun-ginakaken dados nama papan anggegana (papan anggegana) internasional wonten ing Jakarta.
Kulawargi[besut | besut sumber]
Bung Hatta miyos wonten ing Kampung Aur Tajungkang, Kutha Bukittinggi surya kaping 12 Agustus 1902.[5] Bung Hatta punika putra saking H. Mohammad Djamil (bapak) lan Siti Saleha (ibu).[5][6]
Bung Hatta dipunkagungi putra 3 (tiga) saking garwanipun ingkang asma Rahmi Hatta.[5] Putra sapisan dipunparingi asma Meutia Farida Hatta (21 Maret 1947), kaping kalih ingkang asma Gemala Rabi’ah Hatta (1953) lajeng ingkang kaping tiga namanipun Halidah Nuriah Hatta (25 Januari 1956).[5]
Putrinipun asma Meutia Hatta njabat minangka Mantri Nagara Pemberdayaan Perempuan sajeroning Kabinet Indonésia Bersatu pimpinan Présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono.
Pendhidhikan[besut | besut sumber]
Pendhidhikan ing Indonésia[besut | besut sumber]
Pendhidhikan Mohammad Hatta inggih punika sapisan HIS (sekolah dhasar basa Walanda kanggé putra-putra pribumi).[7] Lan ugi Bung Hatta inggih pikantuk pendhidhikan dhasar ing Europese Largere School (ESL) ing Bukittingi (tamat 1916) lajeng Meer Vitgebreid Lagere Onderwijs (MULO) ing Padang (tamat 1919)).[8] dipunundhuh tanggal 8 Juli 2011 Lan panjenenganipun ugi pados ngèlmu ugi nglajengaken pendhidhikan ing Handle Middlebare School (Sekolah Menengah Dagang) ing Jakarta lulus warsa 1921.[8]
Wiwit saking sekolah menengah pertama punika panjenenganipun sampun sregep ndhèrèk organisasi, sanèsipun panjeneganipun inggih tiyang ingkang tangat nglampahi ajaran agama Islam.[7] Nalika sekolah wonten ing Jakarta, panjeneganipun nglajengaken kagiyatan kaliyan Jong Sumatranen Bond.[7] Panjenenganipun nalika samanten ugi asring wonten ing asrama Sekolah Tinggi Kedhokteran pepanggihan kaliyan kancanipun ingkang asma Bahder Djohan ingkang dados guru besar lan Rektor Universitas Indonésia.[7]
Pendhidhikan ing Luar Negeri[besut | besut sumber]
Nalika Bung Hatta ndhèrèk organisasi lan dados Bendahara Jong Sumatranen Bond ing Padang (1916-1919) ingkang kedah tanggel jawab lan ulet.[5] Panjenenganipun nglajengaken pendhidhikan perguruan tinggi Walanda mundhut ékonomi wonten ing Nederland Handelshogeschool di Rotterdam (tamat minangka gelar Drs, 1932).[5]
Lelabetan[besut | besut sumber]
Aktif wonten Organisasi[besut | besut sumber]
Mohammad Hatta ndhèrèk Indonesischee Vereniging, obahan internasional (Liga Tegen Imperalisme,Tegen Koloniale Onderdrukking en voor Nationale Onafhankelijkheid-Liga menetang Imperialisme, Menentang Penindasan Kolonial Mendukung Kemerdekaan Indonésia).[7]
Mangsa Pandhudhuk Jepang[besut | besut sumber]
Ing mangsa punika Bung Hatta dados tiyang wigatos ingkang nomer kalih(2) ing pemimpin Pusat Tenaga Rakyat (Putera,1942-1943), lajeng ing Jawa Hokokai (Himpunan Kebaktian Rakyat Jawa, 1943-1944).[7] Bung Hatta ugi ing Tyuo Sangi In (Dewan Pertimbangan Pusat, 1943-1944);ugi dados penaséhat (sanyo) lan dados ketua dewan sanyo (1944-1945) ing departemen ékonomi.[7] Bung Hatta inggih dados anggota Panitia Penyelidik Adat-istiadat (1942), lan ingkang wigatos panjeneganipun ugi dados anggota Badan Penyelidik Usaha-Usaha kemerdekaan Indonésia (1945).[7]
Mangsa Revolusi[besut | besut sumber]
Bung Hatta minangka salah sawijining tokoh saking prokamator kemerdekaan Indonésia.[7] Panjenenganipun dados tiyang ingkang wigatos nggantos pitung tembung ing Piagam Jakarta ingkang dipundadosaken Pambukaan UUD 1945:"dengan kewajiban menjalankan syari'at Islam bagi pemeluk-pemeluknya" dipun-gantos kaliyan "Ketuhanan Yang Maha Esa".[7]
Sipat Nagarawan kagunganipun Bung Hatta[besut | besut sumber]
Manawi bangsa India ngadhahi Mahatma Gandhi minangka bapak nagarawan ingkang sedherhana, santun, bersahaja kanggé rakyatipun, lajeng Indonésia ngadhahi Bung Hatta.[9] Salawas gesangipun, Bung Hatta kathah ngagem sipat santunipun dhumatheng sinten kemawon tiyangipun.[9] Menapa tiyangipun mungsuh manawi kanca.[9] Bung Hatta inggih sanget pakurmatanipun lan lajeng ngekanca ingkang raket kaliyan Bung Karno, minangka ing taun 1950-an tiyang kekalih punika boten saged makarya sesarengan malih babagan pulitik.[9] Panjenenganipun lengser saking kalungguhan Wakil Présidhèn ing taun 1956, amarga pasulayan kaliyan Présidhèn Soekarno.
Pahargiyan Bung Hatta[besut | besut sumber]
Bung Hatta inggih dipuntunjuk dados tokoh HAM (Hak Asasi Manungsa).[10] Pahargiyan punika saking mengeti lelabetan Bung Hatta minangka babagan perlindungan uga penegakkan HAM.[10] Mengeti dinten HAM punika dhumawah surya kaping 10 Dhésèmber ingkang wonten gegayutanipun kaliyan Bung Hatta.[11] Badan Penelitian lan Pengembangan HAM punika gadhah tujuan paring pangertosan malih bilih kula lan panjenegan sadaya minangka bangsa kedah mengeti lelabetanipun Bung Hatta kanggé kepentinganipun bangsa ingkang salajengipun.[11]
Bung Hatta ugi dados Gelar Dhoktor Honoris Causa saking Universitas Gadjah Mada (1956), Universitas Hasanuddin (1973), lan Universitas Indonésia (1975).[5]
Panjenenganipun ugi nampi tanda jasa Bintang Républik saking Présidhèn Soeharto (15 Agustus 1972).[5]
Tilar donya[besut | besut sumber]
Bung Hatta tilar donya surya kaping 14 Maret 1980 ing Jakarta.[5] Panjenenganipun dipunsarèkaken ing Tanah Kusir, Jakarta.
Uga delengen[besut | besut sumber]
Rujukan[besut | besut sumber]
Cathetan suku[besut | besut sumber]
- ↑ a b "Moh. Hatta". Profile of Vice Presidents . Secretary of Vice President of Republic of Indonésia. Dibukak ing 2006-10-25.
- ↑ www.kaskus.us (dipunundhuh surya kaping 7 Juni 2011)
- ↑ kepustakaan-presiden.pnri.go.id (dipunundhuh surya kaping 7 Juni 2011)
- ↑ Profile Dr Mohammad Hatta (dipunundhuh surya kaping 4 Juni 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j Biodata Mohammad Hatta (dipunundhuh surya kaping 29 Juli 2011). Masalah sitiran: Tenger
<ref>
ora trep; jeneng "web 4" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger<ref>
ora trep; jeneng "web 4" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger<ref>
ora trep; jeneng "web 4" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger<ref>
ora trep; jeneng "web 4" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger<ref>
ora trep; jeneng "web 4" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger<ref>
ora trep; jeneng "web 4" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger<ref>
ora trep; jeneng "web 4" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger<ref>
ora trep; jeneng "web 4" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger<ref>
ora trep; jeneng "web 4" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda - ↑ Hatta, Mohammad (2002). Mohammad Hatta: memoir : terbitan khusus satu abad Bung Hatta (ing basa Indonesia). Yayasan Hatta. ISBN 978-979-97081-0-6.
- ↑ a b c d e f g h i j Noer,Deliar.2001.Membincangkan Tokoh-Tokoh Bangsa.Mizan Pustaka:Bandung hal 348 Masalah sitiran: Tenger
<ref>
ora trep; jeneng "buku" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger<ref>
ora trep; jeneng "buku" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger<ref>
ora trep; jeneng "buku" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger<ref>
ora trep; jeneng "buku" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger<ref>
ora trep; jeneng "buku" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger<ref>
ora trep; jeneng "buku" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger<ref>
ora trep; jeneng "buku" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger<ref>
ora trep; jeneng "buku" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger<ref>
ora trep; jeneng "buku" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda - ↑ a b id.shvoong.com
- ↑ a b c d orange.web.id(dipunundhuh surya kaping 14 Juli 2011)
- ↑ a b www.tribunnews.com (dipunundhuh surya kaping 18 Juli 2011)
- ↑ a b www.balitbangham.go.id(dipunundhuh surya kaping 18 Juli 2011)
Dhaptar pustaka[besut | besut sumber]
- Arniati Prasedyawati Herkusumo (1982). Chuo Sangi-in: Dewan Pertimbang Pusat Pada Masa Pendudukan Jepang [Chuo Sangi-in: The Central Advisory Council during the Japanese Occupation] . Jakarta, Indonesia: PT. Rosda Jayaputra.
- Kahin, George McTurnan (1961) [1952]. Nationalism and Revolution in Indonesia. Ithaca, New York: Cornell University Press.
- Kahin, George Mc. T (1980). "In Memoriam: Mohammad Hatta (1902–1980)". Indonesia. 30: 113–120.
- Mrazek, Rudolf (1994). Sjahrir: politics in exile in Indonesia. (SEAP Cornel South East Asia program. ISBN 0-87727-713-3.
- Mohammad Hatta (1957). The Co-operative Movement in Indonesia. Ithaca, N.Y.: Cornell University Press.
- Mohammad Hatta (November 1961). "Colonialism and the Danger of War". Asian Survey. 1 (9): 10–14. doi:10.2307/3023504. JSTOR 3023504.
- Mohammad Hatta (March 1965). "One Indonesian View of the Malaysia Issue". Asian Survey. 5 (3): 139–143. doi:10.2307/2642403. JSTOR 2642403.
- Stutje, Klaas (2015). "To Maintain an Independent Course: Inter-war Indonesian Nationalism and International Communism on a Dutch-European Stage". Dutch Crossing: Journal of Low Countries Studies (ing basa Walanda). 39 (3): 204–220. doi:10.1080/03096564.2015.1101298. S2CID 146939108.
- Ricklefs, M.C. (2008) [1981]. A History of Modern Indonesia Since c.1300 (édhisi ka-4th). London: MacMillan. ISBN 978-0-230-54685-1.
- Sudarmanto, Y.B. (1996). Jejak-Jejak Pahlawan dari Sultan Agung hingga Syekh Yusuf (The Footsteps of Heroes from Sultan Agung to Syekh Yusuf) (ing basa Indonesia). Jakarta: Grasindo. ISBN 979-553-111-5.
- Weismann, Itzchak (2009). The Naqshbandiyya: Orthodoxy and Activism in a Worldwide Sufi Tradition. Abingdon-on-Thames: Routledge. ISBN 978-0-415-48992-8.
Pranala njaba[besut | besut sumber]
- Bung Hatta di TokohIndonésia.com
- Menteri Luar Negeri Drs. Muhamad Hatta
- Turun Gunung: Bung Hatta 11 Tahun di Walanda (20 September 1921 - 20 Juli 1932)
Didhisiki déning: ora ana |
{{{jabatan}}} 1945-1956 |
Diganti déning: Sri Sultan Hamengkubuwana IX |
Didhisiki déning: Amir Sjarifoeddin |
{{{jabatan}}} 1948–1950 |
Diganti déning: Abdul Halim |
Didhisiki déning: Agus Salim |
{{{jabatan}}} 1949-1950 |
Diganti déning: Mohammad Roem |
Cithakan:Wakil Présidhèn Indonésia Cithakan:Pancasila Indonésia