Menyang kontèn

Soedirman

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Soedirman
24 Januari 191629 Januari 1950

Jenderal Besar Soedirman
Papan kelairan Bodas Karangjati, Purbalingga, Jawa Tengah
Papan pesaréan Magelang, Jawa Tengah, Indonésia
Pengabdian tumrap Indhonésia Indonésia
Suwéné dines 1945–1950
Pangkat Jenderal Besar Anumerta Bintang Lima (1997)
Kesatuan TKR/TNI
Divisi V / Banyumas
Batalyon Kroya
Komando Panglima Besar TKR / TNI (pangkat Jenderal)
Panglima Divisi V / Banyumas (pangkat Kolonel)
Komandan Batalyon Kroya, Jawa Tengah
Perang Palagan Ambarawa
Serangan Umum 1 Maret 1949
Perang Kamardhikan Indonésia
Penghargaan Wira Pembela Kemerdekaan

Soedirman utawi jangkepipun Jéndral Besar TNI Anumerta Soedirman (Ejaan Soewandi: Sudirman) (lair ing Bodas Karangjati, Rembang, Purbalingga, 24 Januari 1916 – tilar donya ing Magelang, 29 Januari 1950 kanthi yuswa 34 taun) inggih punika salah sawijining wira Indonésia ingkang berjuang ing mangsa kamardhikan Républik Indonésia. Katulis wonten ing sajarah Indonésia, panjenengané njabat dados Panglima lan Jéndral Indonésia kapisan ingkang paling nem. Nalika yuswanipun Soedirman 31 taun panjenengané sampun dados Jéndral. Sanadyan gerah tuberkulosis paru-paru panjenengané tetep berjuang ing palagan kanggé mbela kamardhikan Indonésia. Soedirman tilar donya amargi gerah tuberkulosis paru-paru lan dipunsarèkaké ing Taman Makam Wira Semaki (Kusumanagara), Yogyakarta.

Kulawarga

[besut | besut sumber]

Soedirman ageng wonten ing kulawarga ingkang sedherhana. Ramanipun, Karsid Kartowirodji makarya wonten ing Pabrik Gula Kalibagor, Banyumas. Lan ibunipun, Siyem inggih punika keturuna Wedana Rembang. Nalika Soedirman 8 sasi panjenengané dipunpundhut putra déning Raden Tjokrosoenaryo salah satunggaling asistèn Wedana Rembang ingkan taksih seduluripun Siyem.

Soedirman nglampahi pasinaonan wonten ing Sekolah Taman Siswa ingkang dipunlajengaken wonteng ing HIK Sekolah guru Muhammadiyah wonten ing kutha Surakarta nanging boten purna. Nalika pamulangan panjenengané ugi anggota organisasi Pramuka Hizbul Wathan. Soedirman dados guru wonten ing HIK Muhammadiyah ing Cilacap.

Nalika mangsa penjajahan Jepang Soedirman mlebet ing prajurit Pembela Tanah Air PETA ing Bogor dipundhidhik déning prajurit Jepang. Sasampunipun ngrampungaken pasinaunan ing PETA panjenengané dados Komandan Batalyon ing Kroya, Cilacap|Kroya Jawa Tengah. Lajeng dados Panglima Divisi V/Banyumas sasampunipun TKR dumadi, lan dados Panglima Angkatan Perang Républik Indonésia Panglima TKR.

Soedirman misuwur kanthi pribadi ingkang teguh ing kapercayan lan cekelan urip, Soedirman langkung ngutamakake keperluan bebrayan lan nagari tinimbang kaperluanipun piyambak, keséhatanipun Soedirman piyambak ugi. Katulis ing buku anggitaning Tjoktopranolo pungawanipun nalika gerilya, panjenengané tiyang ingkang konsisten lan konsekuen nalika mbela kepentingan nagari.

Nalika penjajahan Jepang Soedirman naté dados anggota Badan Pengurus Makanan Rakyat lan anggota Dewan Perwakilan Rakyat Karesidenan Banyumas. Lan yasa Koperasi kanggé nulung rakyat saking kelaparan.

Sasampunipun Perang Dunia II purna, Jepang nyerah tanpa sarat marang Pasukan Sakuthu lan Soekarno ngumumaken kamardhikan Indonésia. Soedirman angsal prèstasi kapisan dados prajurit sawisé mundhut senjata prajurit Jepang ing Palagan Banyumas, Jawa Tengah. Soedirman mimpin batalyon PETA dados resimen ing Banyumas ingkang dipunrintis dados wadyabala perang republik Indonésia lan dados wadyabala utama ing perang Revolusi Nasional Indonésia.

Perang Dunia II kang dipunmenangn déning prajurit Sakuthu ing atase Jepang ndadosaken prajurit Walanda mlebet ing pulo Hindia, Walanda sapunika Républik Indonésia ingkang sampun mutusaké kanggé mardhika. Wadya Sakuthu dugi ing Indonésia sawisé prajurit Jepang nyerah kanthi alasan mundhut ragatipun prajurit Jepang, nanging NICA tumut kalih prajurit Sakuthu badhé mundhut Indonésia dados koloninipun. Nanging TKR perang kaliyan prajurit Sakuthu.

Palagan ageng kapisan ingkang dipunpimpin déning Soedirman inggih punika Palagan Ambarawa nglawan prajurit Inggris lan NICA, Walanda ingkang kalaksanan ing wulan November dumugi Dhésèmber 1945. 12 Dhésèmber 1945 Soedirman nyerang Inggris sesarengan ing Ambarawa. Palagan wau kalaksana 5 dinten dipunpungkasi kanthi mundhuripun prajurit Inggris ing Semarang tanggal 16 Dhésèmber 1945.

Sawisé Soedirman menang ing Palagan Ambarawa tanggal 18 Dhésèmber 1945, panjenengané dipunangkat dados Jéndral déning Présidhèn Soekarno. Soedirman angsal gelar Jéndral boten saking sistem Akademi Militer utawi pasinaonan sanès nanging saking prèstasinipun.

Nalika Agresi Militer II Walanda kedaden, kutha krajanipun Indonésia dipunpindah wonten ing Yogyakarta sebab Jakarta sampun dipunkuwasai déning prajurit Walanda. Soedirman mimpin prajurit kanggé mbela Yogyakarta saking Walanda tanggal 19 Dhésèmber 1948. Nalika palagan mau, panjenengané sampun gerah Tuberkulosis ingkang sampun parah. Sanadyan kados makaten panjenengané tetep tumut perang kanthi tandu.

Soedirman langkung awrat anggènipun nglampahi gesangipun, amargi paru-parunipun penjenange namung kantun satunggal ingkang saged dipunagem. Salajengipun Yogyakarta dipunpundhut denng Walanda, sanadyan sempet dipunkuwasai Indonésia nalika Seranagan Umum I Maret 1949. Nalika samanten, Présidhèn Soekarno lan Mohammad Hatta lan sapérangan anggota kabinèt dipuncekel déning prajurit Walanda. Amargi kaanan ingkang awrat, Soedirman kanthi dipuntandu mimpin perang. Panjengane pindah-pindah ngantos 7 sasi saking wana dumugi wana, saking gunung ing gunung kanthi kaanan gerah ingkang awrat. Sanadyan taksih kersa mimpin perang, panjenengané kondur.

Sasampunipun Walanda nyerahaken kepuloan nusantara dados Républik Indonésia Sarékat ing Konferensi Meja Bundar taun 1949 ing Den Haag, Jéndral Soedirman kondur ing Jakarta bebarengan kaliyan Présidhèn Soekarno lan Mohammad Hatta.

Tilar donya

[besut | besut sumber]

Nalika 29 Januari 1950, Jéndral Soedirman tilar donya ing kutha Magelang, Jawa Tengah sebab gerah Tuberkulosis ingkang awrat. Lan kasarèkaken ing Taman Makam Wira Kusuma Nagara ing Semaki, Yogyakarta. Panjenenganipun tunjuk dados Jéndral Besar Anumerta kanthi gangsal lintang, dumugi sapunika pangkat punika namung dipunparingaken déning 3 Jéndral ing Indonésia inggih punika Haji Muhammad Soeharto, Abdul Haris Nasution lan panjengipun.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]