Mangkunagara I

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
K.G.P.A.A.
Mangkunegara I
Adipati Mangkunagara Ka-1
Linggih
28 Dhésèmber 1757
(Sabtu Legi 5 Jumadilawal 1682 Alip)[1] – 23 Desember 1795
Kang sadurungéOra ana, jabatan anyar
Kang sawiséMangkunagara II
Rerincèn dhiri
LairB.R.M. Said
(1725-04-07)April 7, 1725[butuh sitiran]
(Ahad Legi, 6 Ruwah 1650 Jimakir windu Kuntara[1])
Kartasura, Hindhia Walanda
PatiDhésèmber 23, 1795(1795-12-23) (umur 70)
Surakarta, Hindia Belanda
BangsaMataram - Kartasura
SisihanPadmi : K.Rt. Bandara (putri HB I dari selir)
Garwa : Mas R.Ay. Kusumapatahati (=R.Ay. Mangkunagara Sepuh)
Ampil berputra: 6 orang (Nyi Ajeng Megatsari, Nyi Aj. Wirasari, Nyi Aj. Kertasari, Nyi Aj. Wangsasari, Nyi Aj. Puspasari, dan Nyi Aj. Marliyah[1]
Anak25 putra
Wong tuwaK.Pgr. Arya Mangkunagara dari Kartasura
(putra tertua Sunan Amangkurat IV Kartasura)
AgamaIslam
Papan jeneng Raden Mas Said ing Surakarta kang dimupangatake kanggo jeneng dalan

Mangkunagara I ingkang kawastanan Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Mangkunagara I (Hanacaraka: ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦦꦔꦺꦫꦤ꧀​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦄꦂ​ꦪꦩꦁꦑꦸꦟꦒꦫ꧇꧑꧇) utawi Pangéran Sambernyawa utawi Radèn Mas Said (miyos ing Kartasura, 7 April 1725 – séda ing Surakarta, 28 Dhésèmber 1795 kanthi yuswa 70 taun) inggih punika raja lan pangadeg kraton Mangkunagaran. Ramanipun asma Pangéran Arya Mangkunagara Kartasura lan ibunipun R.A. Wulan. Jejuluk Pangéran Sambernyawa dipunparingaken déning Nicolaas Hartingh, gupernur VOC, amargi wonten ing paprangan, RM. Said tansah mimpang lan andamel pepati tumrap mengsah-mengsahipun. Mangkunagara I dhaup kaliyan satunggaling tani Rubiyah, ingkang misuwur kanthi jejuluk "Matah Ati". Mangkunagara I maréntah wewengkon Kadhaung, Matesih, Hanggabayan, Sembuyan, Gunungkidul, Pajang sisih lèr lan Kedhu. Panjenenganipun mengku praja 40 taun, lan séda ing tanggal 28 Dhésèmber 1795.

Mangkunagara bélani kaum baléla wiwit taun 1740 (nalika panjenengané umur 14 taun) lan terus mersudi nganti taun 1757 (umur 31 taun). Mungsuh-mungsuhe sakawit yaiku Susuhunan Pakubuwana II (jumeneng ratu 1726-1749) lan Kumpeni Walanda (VOC).

Sakawit Mangkubumi nentang Mangkunegara. Sawise Mangkubumi dhewe balela taun 1746, kalorone sekuthon nglawan Keraton Kasunanan Surakarta lan VOC. Mangkubumi yaiku pengadeg kang luwih tuwa, dene Mangkunagara kadhapuk minangka sénapatiné. Mangkunagara dadi salah sawijining pengadeg militèr kang pinunjul lan pengalaman sadawane sejarah Jawa. Sutresnanè utawa pandhemené kang akèh banget.

Ing taun 1755 tumeka taun 1757, sarampungé perang antara keraton Surakarta lan Mangkubumi, keraton Surakarta malah dadi luwih reja. Nanging Susuhunan Pakubuwana III nembe ngancik yuswa 25 taun lan mèh tanpa pengalaman perang) lan kudu ngakoni kasorané dibandhingake kalawan pamané, Sultan Mangkubumi, ing Yogyakarta kang ngancik yuswa 40 taun. Dadi panjenengané ngundang Mangkunagara kang ngancik yuswa 31 taun lan sawijining sénopati kang kaloka kanggo ngajak rukun lan manggon ing Surakarta kanggo neguhaké kreatoné. Asile Mangkunegara mlebu Surakarta, ninggalaké kagiyatané kang ubet ana perang lan jumeneng dadi Pangéran Miji, yaiku pangéran kang kalungguhané luwih dhuwur drajaté tinimbang pangéran liyané.

Panji Perang[besut | besut sumber]

Tembung samber ing basa Jawa padha tegesé karo sambar ing basa Indonésia. Tembung nyawa ing basa Jawa uga padha tegesé ing basa Indonésia. Dadi samber nyawa yaiku samubarang kang nyamber lan bedhag samubarang, kayata manuk elang kang nyamber kuthuk utawa macan kang nyamber kidang.

Istilah samber nyawa jedhul ing rong sumber primèr saka zaman Mangkunagara. Kapisan, otobiografi kang rinipta Sang Pangèran priyangga, otobiografi ing basa Jawa kang paling kuna kang kinawruhan tumeka saiki. Asesirah Serat Babad Pakunagaran.

Perang Pindha Sima[besut | besut sumber]

Panji perang Samber Nyawa kondhang ing bebrayan Jawa nalika Mangkunegara isih perang, lan saiki dadi obyek kang bisa gawé giris mungsuh-mungsuhé. Malah panji perang kasebut kaanggep duwèni daya kang ngédab-édabi.

Salah sawijining kedadéyan kang gegatutan kalawan panji perang kacaritakaké ana ing sumber Jawa lan Walanda. Kedadeyan kasebut dumadi ing sasi Oktober 1756. Ing semèster kaloro taun 1756, kahanan Mangkunagara sangsaya mutawatiri. Bebarengan karo pengèlone kang isih loyah, kang cacahé ora nganti 400 bregada, lan kulawargané, panjenengané sumedya bela awaké ing redi Kaduwang. Para mungsuhé Sultan Mangkubumi, Susuhunan Pakubuwana III, lan Kumpeni Walanda kasil ngepung kanthi nutup kabeh dalan. Sultan Mangkubumi sawijining perwira kang uga kondhang, mandhégani bregadané priyangga.

Ing sasi Oktober 1756, kanthi sokongan 300 bregada kapal piyandelé, Mangkunagara metu anèng dalan saka Prambanan nuju Ngayogyakarta. Nalika iku Ngayogyakarta dijagani sethithik tentara, sebab sakèhé bregada kasultanan kang dipandhégani Sri Sultan lan katambahan VOC isih ana ing Kaduwang kanggo golèki Mangkunagara.

Mangkunagara lan bregadané langsung nglurug keraton kang isih anyar kang wangunané isih saka kayu. Dhèwèké kabèh terus mlaku mengidul keraton, anèng pesanggrahan Bupati wewengkon Mataram, Radèn Adipati Jayaningrat. Sang Bupati nalika nembé ngunjuk tèh kalawan Tumenggung Sindusastra, kepala para pujangga kasultanan. Pener Mangkunagara jeblugaké mimis. Kaloro tokoh sênior kasebut ngupaya nglolosaké awaké liwat kebonan, nanging gagal. Sindusastra kacekel lan diperjaya, dene Jayaningrat nandang tatu.

Sri Sultan Mangkubumi banget dukané. Panjenengané kasil dilimpé dening Mangkunagara, kang kasil nglolosaké awaké saka kepungan ing Kaduwang, mlebu kraton Ngayogyakarta tanpa pasulayan, merjaya lan ngobong, sarta lunga bareng sapérangan gedhé bregadané lan mesthi baé kanthi gawa panji perang Samber Nyawa kang kondhang kaloka. Senadyan pirang-pirang sasi sawise kadadéyang ing Yogyakarta, Sang Pangéran ngakoni pakartine ing Surakarta.

Pensiun[besut | besut sumber]

Ing tanggal 28 Dhésèmber 1795 utawa Senèn Pon, 16 Jumadilakir, windu Adi, wuku Pahang, mangsa Kapitu, taun Jimakir 1722, Pangeran Mangkunagara I surud ing kasédan jati ing dalem Surakarta. Panjenengané kapethak ing Mangadeg, Pèrèng Gunung Lawu.

Sawisé wafat, raja-raja Jawa lan tokoh-tokoh gedhé liyané disebut Anumerta. Mangkunagara I sawijining prawira sejati, kang duwèni karir perang kang gumebyar. Kanthi mangkono Suwargi Pangéran Mangkunagara I dumadi Pangéran Samber Nyawa. Jeneng kasebut dadi jeneng kang misuwur tmeka saiki, yaiku 222 taun sawisé sédané Pangéran Mangkunagara I.

Jogèd Yasan Mangkunagara[besut | besut sumber]

Jogèd sakral ingkang karipta déning RM. Said (KGPAA Mangkunagara I), inggih punika:

  1. Bedhaya Mataram-Sénapatèn Anglirmendhung (7 beksan wanita, pasindhèn, lan niyaga wanita), minangka pèngetan dhumateng lelabuhan perang Kasatriyan Panaraga.
  2. Bedhaya Mataram-Sénapatèn Diradameta (7 pabeksan priya, pasindhèn, lan niyaga priya), minangka monumèn lelabuhan perang ing Wana Sitakepyak.
  3. Bedhaya Mataram-Sénapatèn Sukapratama (7 pabeksan priya, pasindhèn, lan niyaga priya), monumèn lelabuhan perang bedhah bètèng Vredeburg, Ngayogyakarta.

Gelar Pahlawan Nasional[besut | besut sumber]

Ing warsa 1983, pamaréntah ngangkat Mangkunagara I minangka pahlawan nasional, amargi jasa-jasa kapahlawananipun saha pikantuk anugrah Bintang Mahaputra.

Priksani ugi[besut | besut sumber]


Dipunrumiyini
déning:
boten wonten
Raja Mangkunagaran
1757-1795
Dipunlajengaken
déning:
Mangkunagara II


  1. a b c Sumahatmaka et al. 1973. Pratelan Para Darah Dalem Soewargi Kangdjeng Goesti Pangeran Adipati <arja Mangkoenagara I hing Soerakarta Hadiningrat: Asalsilah djilid I. Mangkunegaran. Surakarta.