Menyang kontèn

Mohammad Yamin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Mohammad Yamin
Mantri Informasi Indonésia ka-14
Linggih
6 Maret 1962  13 November 1963
PrésidhènSoekarno
Kang sadurungéMaladi
Kang sawiséRoeslan Abdulgani
Mantri Panggulawenthah, Pengajaran lan Budaya Indonésia ke-9
Linggih
30 Juli 1953  12 Agustus 1955
PrésidhènSoekarno
Kang sadurungéBahder Djohan
Kang sawiséR.M. Suwandi
Mantri Kehakiman Indonésia ka-6
Linggih
27 April 1951  14 Juni 1951
PrésidhènSoekarno
Kang sadurungéWongsonegoro
Kang sawiséLukman Wiriadinata
Rerincèn dhiri
Lair(1903-08-24)24 Agustus 1903
Nèderlan Sawahlunto, Sumatera Barat, Hindia Nèderlan
Pati17 Oktober 1962(1962-10-17) (umur 59)
Indhonésia Jakarta, Indonésia
BangsaIndonésia
AgamaIslam

Mr. Prof. Muhammad Yamin, SH (lair ing Sawahlunto, Sumatra Kilèn, 24 Agustus 1903  pati ing Jakarta, 17 Oktober 1962 ing umur 59 taun) inggih punika salah satunggalipun pahlawan nasional,[1] budayawan, lan aktivis hukum saking Indonésia.[2] Panjenenganipun tilar donya ing Jakarta, 17 Oktober 1962 lan dipunmakamaken ing Talawi, Sawahlunto, Sumatera Kilèn.[1][2] Panjenenganipun sampun kathah ngasilaken karya seratan ing sawatawis dasawarsa 1920 ingkang kathahipun mawi basa Melayu.[2] Karya seratanipun dipunterbitaken ing jurnal Jong Sumatra.[2] Ing babagan sastra, Mohammad Yamin misuwur minangka pangadrg puisi modern [[ing basa Jawa limrahipun puisi dipunsebat geguritan).[2]

Mohammad Yamin miwiti sekolah ing Hollands Indlandsche School (HIS), sekolah guru, Sekolah Menengah Pertanian Bogor, Sekolah Dhokter Kéwan Bogor, ngantos sekolah kehakiman (Reeht Hogeschool) Jakarta.[2] Panjenenganipun kalebet salah satunggalipun ahli hukum lan penyair misuwur angkatan pujangga ènggal.[2] Taufik Abdullah ngantos nganggep manawi Muhammad Yamin minangka sajarawan Indonésia paling ageng ing abad sapunika.[2]

Mohammad Yamin ugi aktif ing jagad pulitik. Panjenenganipun dipundadosaken pandheganipun Jong Sumatera Bond ing taun 1926-1928.[2] Nalika taun 1931, panjenenganipun mlebet parté Indonésia.[2] Sasampunipun parté punika dipunbibaraken, panjenenganipun lajeng damel Partai Gerakan Rakyat Indonesia sesarengan kaliyan Adam Malik, Wilopo, lan Amir Syarifuddin.[2] panjenenganipun lajeng dipundadosaken minangka anggota Volksraad lan damel golongan nasional Indonésia.[2] Mohammad Yamin kalebet anggota BPUPKI lan anggota Panitia 9 ingkang kasil ngrumusaken Piagam Jakarta lan dados lelandhesan kawujudipun UUD 1945 lan Pancasila.[2] Panjenenganipun tresna sanget kaliyan manunggalipun bangsa Indonésia.[2] Profesor Mohammad Yamin naté dados anggota KNIP.[2] Sasanèsipun punika, panjenenganipun ugi naté dipunparingi amanah minangka mantri, ing antawisipun inggih punika Mantri Panggulawenthah, Pengajaran lan Budaya, Mantri Informasi, lan sapiturutipun.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 Biografi Muhammad Yamin Archived 2011-09-06 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 20 Agustus 2011)
  2. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 Biografi Muhammad Yamin Archived 2011-04-14 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 20 Agustus 2011)

Pranala njawi

[besut | besut sumber]