Geguritan

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Lukisan Walmiki pinuju nggurit epik Ramayana.

Geguritan yaiku wohing susastra kang basané cekak, mentes lan éndah. Geguritan asalé saka tembung "gurit", kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. Déné geguritan ing kéné, ateges rumpakan kidung kang mawa paugeran gumathok, yaiku:

  • Cacahing gatrané ora tartamtu, nanging apese 4 gatra.
  • Saben-saben sagatrané guru wilangan lan guru lagu padha waé, runtut mawa purwakanthi guru swara.
  • Lumrahe kabuka utawa kawiwitan srana ukara: "Sun anggegurit".

Geguritan iku kalebu puisi Jawa modhèrn, amarga ora kaiket ing aturan kayadéné tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana ilham utawa inspirasi (angen-angen). Geguritan mujudaké karya kang sipaté pribadi, mula geguritan panganggit siji lan sijiné béda-béda. Angen-angen kang ana sajroné pikirané pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kaya kang dikarepaké panganggit. Kanthi mengkono, geguritan iku basané katon éndah, bisa migunakaké purwakanthi, dwipurwa, seselan lan liya-liyané. Geguritan iku duwèni nilai- nilai utawa amanat kang bisa kapethik kanthi diparafrasakake dhisik. marafrasakake geguritan iku ateges nganalisis utawa ngudari ukara- ukara geguritan iku supaya maksudé bisa katangkep. Geguritan iku kawujud saka téma, pamilihane tembung uga nganggo sarana rétorika lan majas. Sarana rétorika lan majas paédahé kanggo gawé geguritan iku éndah lan enak kawaca.

  • Cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah
  • Menthes yaiku tembungé duwé makna kang jero.
  • Éndah ngemu purwakanthi swara, sastra utawa basa.
  • Tembungane pilihan

Wujud kasusastran[sunting | sunting sumber]

Minurut wujudé, kasusastran kuwi jinisé ana telu, yaiku prosa (gancaran), geguritan lan drama (sandiwara). Kang mbédakaké kateluné yaiku wujudé. Kasusatran prosa utawa gancaran awujud paragraf, kasusastran geguritan kuwi awujud bait, lan kasusastra drama utawa sandiwara awujud dialog (pacelathon).

Tuladha wujud geguritan[sunting | sunting sumber]

Yèn Rembulane Moblong, Paman

Dening I. Kunpriyatno

yén rembulané moblong, paman

aku kangen sanja menyang plataranmu

nggelar klasa sangisore wit gayam

jejadhuman karo ngematké swarané

bocah – bocah sing padha dolanan

yèn rembulané moblong, paman

aku kangen ngrungokake gumelegeré guyumu

sanadyan sawah lan tegal siji mbaka

siji ilang. Sanadyan anak lanang

milih ngumbara ing paran

suthik ngopèni lemah warisan

yèn rembulané moblong, paman

aku kangen nyekseni marang keteguhanmu

nggegem sawijining kapitayan. Ngadhepi

owah – owahané jaman. Kaya watu karang

sing ora nate gigrig nantang jumlegurè

alun ing satengahé wahudayan

Penjebar Semangat;Nomor 50. 12 Desember 2009

Deleng uga[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Geguritan&oldid=829013"