Sastra

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Sastra iku sawijing tembung silihan saka Basa Sansekerta; "śāstra", sing tegese "tulisan" utawa "buku", saka tembung dasar "śās-" sing tegese "weruh". Ing basa Jawa, tembung iki biasane dienggo ngarani "kasusastran" utawa sajinising tulisan sing nduwe arti utawa kaendahan tartamtu. Ananging, tembung "sastra" ugi bisa ngarani kabeh jinis tulisan, apa iki endah apa ora. Karya sastra ugi dipungginakaken kagem media mratelaaken pengalaman panggangit. Ukara, tembung, lan basa ingkang dipunginaaken dening panganggit punika basa ingkang endah saengga dadosaken raos remen kagem tiyang ingkang maos. Prastawa-prastawa ingkang dipunangkat panggangit boten namung prastawa ingkang sae kemawon ananging ugi prastawa ingkang awon wontening salebeting carios. Ananging saking carios éndah utawi awon punika kita saged mundhut sari pathinipun. Pangganggit ugi saged mangaribawa kabudayan masyarakat tertemtu ing salebeting karya sastra ingkang dipunanggit, kadosta pola pikir masyarakat.

Saliyane iku, tembung sastra bisa dibagi dadi sastra tulis karo sastra lisan (sastra oral). Neng kene sastra ora akeh gathuke karo tulisan, nanging gathuke karo Basa sing didadekake wahana kanggo mengekspresikan pengalaman atau pemikiran tertentu.

Biasane kasusastran dibagi miturut daerah geografis utawa basa.

Sastra Nusantara[sunting | sunting sumber]

Genre utawa jinis karya sastra[sunting | sunting sumber]

Tembung genre asalipun sangking basa Prancis ingkang arthosipun inggih meniko jenis. Lajeng, genre sastra inggih meniko jenisipun karya sastra. Aristoteles ing dalem tulisanipun ingkang terkenal hiyo iku Poetica, ngemot dasar-dasaripun teori genre. Teori meniko inggih ngemot jenis karya sastra ingkang tumuju marang karya sastra Yunani klasik, ananging ingkang sae sangking teori meniko inggih teorinipun saged dilebetaken ing karya sastra ingkang sedhoyo negari. Miturut Aristoteles, karya sastra ingkang dasaripun sangking perwujudanipun meniko dipunbagi dados 3, inggih meniko epik, lirik, lan drama.[1] Epik inggih meniko teks ingkang sepalihipun ngemot diskripsi, lan sepalih ingkang lintu ngemot tokoh (cakapan). Epik ugo saged dipun arani prosa. Lirik inggih meniko ungkapan ide utawi perasaanipun pengarang. Ing dalem babakan niki ingkang dipun bahas inggih "aku" lirik, ingkang biasanipun kasebut penyair. Lirik meniko ingkang wayah saiki dipunkenal dados puisi utawi sajak, inggih karya sastra ingkang ngemot ekspresi perasaan pribadi ingkang luweh ngutamakaken carane damel ekspresi. Drama inggih meniko karya sastra ingkang dominasi guneman sedhoyo paraga. Kriteria drama ingkang bentenaken inggih wonten 2 werni karya sastra lintunipun inggih hubunganipun manungso kaliyan donya panggenan lan wekdal. Lirik sifatipun subjektif, sebabipun namung ngendikakaen donya penyair. Drama sifatipun objektif, sebabipun mboten ngemotaken donya parekanipun, tanpa diskripsi ing sajabone objektif. Epik inggih meniko campuran antawisipun subjektif lan objektif. Wekdal ingdalem karya sastra epik ngalir linear (kronologis utawi flashback); ingdalem drama wekdal dipun nyatakaken utawi ingkang kedadeyan saniki; lan ingdalem lirik wekdal kados atos, sebab sejatosipun lirik mboten kaiket kaliyan wekdal. [2].

Prosa lan Puisi[sunting | sunting sumber]

Puisi mawi cara konvensional saged dipun arthosaken dados tuturan ingkang kaiket (emosi, imajinasi, pikiran, nada, ide, baris, bait, rima, lan saklintunipun). Prosa inggih karangan. Perlu sanget dipunbahas arthosipun prosa lan puisi miturut A.W. De groot ingkang dipunkutip dening Rachmat Djoko Pradopo [3].

  • Kesatuan korespondensi prosa inggih meniko kesatuan sintaksis, nanging kesatuan korespondensi puisi inggih meniko kesatuan akustis.
  • Korespondensi puisi ngemot sajak, ananging prosa mboten nggadhahi korespondensi.
  • Ingdalem baris sajak wonten periodisitas sangking awal dumugi akhir, ananging ingdalem prosa mboten wonten periodisitas.

Bentenipun prosa kaliyan puisi inggih sejatosipun kaemot ing kadar padhetipun sedoyo meniko. Sahinggo, karya sastra meniko menawi padhet saged kasebat puisi lan menawi mboten padhet meniko kasebat prosa. Meniko sebabipun muncul tembung puisi ingkang prosais lan prosa ingkang puitis. Sifat prosa ingkang utami inggih meniko ngudari lan puisi madhetaken. Bahan utaminipun inggih sami, meniko persoalanipun manungso. Prosa meniko ekspresi nyusun carios (konstruktif), puisi meniko ekspresi nyiptakaken curahan jiwa (kreatif). Rumus: x + y = z. X = pengalaman, y = renungan, imajinasi, lan teknik, z = hasilipun inggih meniko cariyos ingkan sampun dipun reka. Werni-werni cariyos reka daya meniko ingdalem sastra modern, hiyo iku novel, cerpen, lan novela. Novel inggih meniko cariyos reka daya ingkang langkung dhawa, ingkang ngemot paraga, aluripun, lan setting utawi latar. Cerpen inggih meniko cariyos ingkang cendhak, ingkang musataken ing kahanan ingdalam wekdal meniko, utaminipun inggih konflik. Novela inggih meniko cariyos reka daya ingkang luweh dhawa lan angel saking cerpen, ananging mboten langkung dhawa kados novel, isinipun mboten dipun putusi ing setunggal kahanan kedadeyan, lan konflik.

Drama[sunting | sunting sumber]

Tembung drama asalipun meniko saking basa Yunani draomai ingkang arthosipun nindakaken. Drama inggih paragaan cariyos utawi lakonan ing kahuripan manungso ingkang dipun pentasaken. Drama ingdalem karya sastra arupi naskah drama. Drama salintunipun dados karya sastra uga dados karya seni. Proses kadadeanipun drama inggih saged dipun damel rumus ngangge formula 4 M. - M-1 : Menghayalkan (ngayalaken) - M-2 : Menuliskan (nulisaken) - M-3 : Memainkan (maragakaken) - M-4 : Menyaksikan (mirsani) Drama dados karya sastra namung ngantos tahap M-2. Umumipun naskah drama ngemot 10 susunan karakter, antawisipun : 1. Susunan jeneng paraga 2. Sinopsis 3. Urutanipun nomer dialog kaliyan jeneng paraga 4. Nyantumaken tandha baca ingkang nyata 5. Menehi penjelasan dados keterangan ingdalem tandha kurung 6. Menehi tandha bagianipun ilustrasi musik 7. Nyusun urutan kata dan kalimat ingkang nyata 8. Ngemot pokok pikiran ingkang nyata ingdalem dialog 9. Menehi tandha panggantos babak ingkang nyata 10. Ngakhiri cariyos kaliyan kalimat ingkang padhet Miturut isinipun, drama kebagi dados 8 werni, antawisipun:

  • Tragedi : drama ingkang nyariosaken kesedihan
  • Komedi : drama jenaka ingkang ngemot sindiran utawi kritik
  • Tragedi-komedi : drama ingkang nyariosaken kesedihan uga jenaka
  • Opera : drama ingkang tuturanipun arupi lagu-lagu
  • Operet : drama kados opera ananging luweh cendhak
  • Tableau : drama ananging mboten wonten tuturanipun, paraga namung ngandhalaken gerak patah-patah (pantomim)
  • Minikata : drama ingkang migunakaken tuturan singkat ingkang ngandalaken gerak teatrikal
  • Lawakan : drama ingkang sedhoyonipun ngemot humor sahingga isi cariyos mboten penting.

Kesimpulanipun, objek ilmu sastra inggih meniko prosa, puisi, lan drama, ingkang rincianipun arupi puisi, novel, cerpen, novela, lan naskah drama.

Referensi[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Teeuw, A: "Membaca dan Menilai Sastra", kaca 109. Gramedia, 1983
  2. ^ Hartoko, Dick lan B. Rahmanto: "Pemandu di Dunia Sastra", kaca 53. Kanisius, 1986
  3. ^ Pradopo, Rachmat Djoko:"Pengkajian Puisi", kaca 112. Gadjah Mada University Press, 1998

Uga tontonen:

  • Bali menyang : Basa
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sastra&oldid=816865"