Menyang kontèn

Sastra Jawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
     
Sastra Jawa
Sastra Jawa Kuna
Sastra Jawa Tengahan
Sastra Jawa Anyar
Sastra Jawa Modern
Sastra kagandhèng
Sastra Jawa-Bali
Sastra Jawa-Lombok
Sastra Jawa-Madura
Sastra Jawa-Palembang
Sastra Jawa-Sunda
Sastra Jawa-Tionghoa

Mula bubukaning Sastra Jawa iku prasasti kang tinemu ing tlatah Sukabumi, Paré, Kedhiri, Jawa Wétan. Prasasti kang racaké diarani Prasasti Sukabumi iki tinulis ing tanggal 25 Maret taun 804 Masèhi. Isiné ditulis nganggo basa Jawa Kuna.

Sawisé prasasti Sukabumi, ana prasasti liyané saka taun 856 Masèhi kang isiné sawijining tembang kakawin. Kakawin kang isiné wis ora pepak manèh iki, tembang basa Jawa (Kuna) kang lawas dhéwé.

Biasané, sajarah sastra Jawa dipérang dadi patang jaman:

Saliyané iku ana katégori mirunggan manèh, yaiku Sastra Jawa-Bali. Sastra iki terusané saka Sastra Jawa Tengahan. Sabanjuré, ana uga Sastra Jawa-Lombok, Sastra Jawa-Sunda, Sastra Jawa-Madura, lan Sastra Jawa-Palèmbang

Saka kabèh sastra tradhisional Nusantara, sastra Jawa iku kang paling unggul lan paling akèh kasimpen karya sastrané. Nanging, sawisé proklamasi RI taun 1945, sastra Jawa rada dianggep kaya anak kuwalon ing Nagara Kesatuan RI. Amarga kang diutamakaké iku rasa manunggaling bangsa Indonésia.

Basa Jawa wiwitané ditulis nganggo aksara turunan aksara Pallawa kang asalé saka kiduling India. Aksara iki kang dadi leluhuré aksara Jawa modhèren utawa Hanacaraka kang isih dianggo nganti saiki.

Banjur karo mumbul-mumbulé agama Islam ing abad kaping 15-16, aksara Arab ya dipigunakaké kanggo nulis basa Jawa; aksara iki diarani aksara pégon.

Sawisé iku, karo tekané wong-wong Éropah ing tanah Jawa, aksara Latin dipigunakaké kanggo nulis basa Jawa.

Deleng uga

[besut | besut sumber]