Dhialèk Jawa Wétanan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Carabasa Jawa Wétanan (Ind: dialek bahasa Jawa Timur) utawa basa Jawa Wétanan (iku salah siji saka telung carabasa gedhé basa Jawa kang dicaturaké ing mèh saindengé tlatah Jawa Wétan lan sawenèh tlatah Jawa Tengah brang lor-wétan. Carabasa Jawa Wétanan brang lor watesé tekan tlatah Jawa Tengah, déné brang kidul ora nyrambahi kabèh tlatah kidul Jawa Wétan. Paling kulon, carabasa Jawa Wétanan dicaturaké tekan Pathi lan Grobogan. Paling wétan, carabasa Jawa Wétanan dicaturaké tekan Banyuwangi, kang sapérangané nganggo basa Using. Carabasa iki dumadi saka pirang-pirang bageyan carabasa kaya: Blora, Pathi, Bojanegara, Gresik, Surabaya, Malang, lsp.

Carabasa Jawa Wétanan yèn dibandhingna karo carabasa baku (carabasa Jawa Tengahan), bédané katon ing babagan swarajati (Ind: fonetik) lan paramasastra (Ind: tatabahasa).

Swarajati[besut | besut sumber]

Ing sawenèh wewengkon, kaya Gresik, Pasuruan, Surabaya, Sidaharja, fonem swara carabasa Jawa Wétanan kang ditemokaké ana wolu: /a/, /i/, /u/, /e/, /ə/, /ɛ/, /o/, lan /ɔ/.[1] Iki béda saka gunggung fonem swara kang ditemokaké ing carabasa baku kang cacahé enem[2]: /a/, /i/, /u/, /e/, /ə/, lan /o/, déné /ɛ/ lan /ɔ/ dianggep alofon. Pasangan minimal kanggo nuduhaké yèn /ɛ/ lan /ɔ/ iku fonem contoné tembung /ɔmbɔ/ ('jembar') lan /amba/ ('ngambah'), uga tembung /kabe/ ('kulawarga berencana') lan /kabɛ/ ('kabèh').[1]

Ing carabasa Jawa Wétanan, ana korèspondhènsi antarané uni [ɛh] lan [ɔh] karo [ɪh] lan [ʊh] ing carabasa Jawa Tengahan. Contoné kaya ing Pasuruan karo Bojanegara, tembung /mulɛh/ korèspondhènsi lan tembung mulih /mulɪh/ ing carabasa Jawa Tengahan, déné tembung /abɔh/ korèspondhènsi lan tembung abuh /abʊh/ ing carabasa Jawa Tengahan.[1]

Fonem /w/ ing awal tembung iku ora muncul ing carabasa Jawa Wétanan. Contoné, tembung Jawa Tengahan wétan, weruh, karo wutuh dadi /etan/, /ərʊ(h)/ utawa /ərɔ(h)/, karo /utʊ(h)/.[1]

Paramasastra[besut | besut sumber]

Ing babagan gramatika, carabasa Jawa Wétanan duwé ciri ing tataran morfologi lan sintaksis.

Morfologi[besut | besut sumber]

Ana limang ciri morfologi kang mbédakaké carabasa Jawa Wétanan saka Jawa Tengahan, ya iku:

  • panambang -(n)em kanggo nandhani persona keloro[1] kang ditemokaké ing wewengkon Blora, Pathi, lan Rembang;
  • panambang -lèh kanggo nandhani imperatif[1] kang ditemokaké ing wewengkon Blora, Pathi, lan Rembang;
  • ater-ater tik- kanggo nandhani tembung kriya pasif[1]; tik uga kanggo tembung ancer-ancer[1];
  • dwipurwa kang tegesé 'nganggo'[1];
  • ater-ater sun- utawa sang- kanggo nandhani pronomina posèsif ing sadurungé tembung aran[1]; sang- dienggo ing wewengkon Gresik.
Ciri morfologi Jawa Wétanan Jawa Tengahan
panambang -(n)em jambunem
kalungem
jambumu
kalungmu
panambang -lèh sigarlèh
panganlèh
sigara
pangana
ater-ater tik- tikpangan
tiksapu
dipangan
disapu
dwipurwa 'nganggo' gegelung gelungan
ater-ater sun-
ater-ater sang-
sunroti
sangroti
rotiku
rotiku

Sintaksis[besut | besut sumber]

Ciri sintaksis kang mbédakaké carabasa Jawa Wétanan saka Jawa Tengahan katon ing struktur ukara pasif mawa pelaku persona I lan II. Nèk strukturé ing carabasa baku tak-V utawa kok-V, ing carabasa Jawa Wétanan strukturé dadi di-V (karo) awakku utawa di-V (karo) awakmu[1].

Ciri sintaksis Jawa Wétanan Jawa Tengahan
di-V (karo) awakku Wit gedhang tikpékul karo awakku.
Wit gedhang tikpékul awakku.
Wit gedhang takpikul.
di-V (karo) awakmu Wit gedhang tikpékul karo awakmu.
Wit gedhang tikpékul awakmu.
Wit gedhang kokpikul.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k Wedhawati 2006, k. 22.
  2. Wedhawati 2006, k. 65.

Réferènsi[besut | besut sumber]