Ngoko (basa)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search

Basa ngoko iku basa Jawa kang nganggo tembung lan rimbagan (afiksasi) ngoko[1]. Basa ngoko kapérang loro, ya iku basa ngoko lugu lan ngoko alus. Basa ngoko dadi dhasaring basa Jawa, sangisoré krama.

Pérangan[besut | besut sumber]

Ing jaman modhèren, basa ngoko kapérang loro, ya iku ngoko lugu lan ngoko alus. Ing jaman kajawèn, basa ngoko kapérang dadi ngoko lugu lan ngoko andhap, déné ngoko andhap kapérang manèh dadi ngoko antya-basa, lan ngoko basa-antya[1].

Ngoko lugu[besut | besut sumber]

Ngoko lugu iku basa kang nganggo tembung lan rimbagan ngoko kabèh[1] utawa ora kawoworan tembung krama inggil lan krama. Ing ngisor iki contoné tulisan ing basa ngoko lugu.

Mengko soré, yèn sida, aku arep lunga menyang Surabaya. Yèn kowé duwé dhuwit, bok aku disilihi sangu. Arep njaluk Paman, dhèwèké lagi ora duwé dhuwit. Ana dhuwit sathithik, nanging jaréné Paman, wis kadhung ditukokaké obat. Bibi lara tangané. Bisa ta nyebrak sadina rong dina?[2]

Kabèh tembung ing ndhuwur iku ngoko.

Ngoko alus utawa ngoko antya-basa[besut | besut sumber]

Ngoko alus iku basa kang nganggo tembung lan rimbagan ngoko lan kawoworan tembung krama inggil[1]. Ing jaman biyèn, ngoko alus karan ngoko antya-basa[3]. Ing ngisor iki contoné tulisan ing basa ngoko alus.

Mengko soré, yèn sida, aku arep lunga menyang Surabaya. Yèn panjenengan kagungan dhuwit, bok aku diparingi sangu. Arep nyuwun Paman, panjenengané lagi ora kagungan dhuwit. Ana dhuwit sathithik, nanging pangandikané Paman, wis kadhung dipundhutaké obat. Bibi gerah astané. Bisa ta nyebrak sadina rong dina?[2]

Ana ing conto ing ndhuwur, tembung panjenengan, kagungan, paring, nyuwun, panjenengané, pangandika, pundhut, gerah, lan asta minangka tembung krama inggil.

Ngoko basa-antya[besut | besut sumber]

Ngoko basa-antya iku basa kang nganggo tembung saha rimbangan ngoko lan kawoworan tembung krama inggil saha krama[1]. Ngoko basa-antya iku kanggo mligi ing unggah-ungguh basa jaman kajawèn lan wis ora kanggo manèh ing jaman saiki. Ing ngisor iki contoné tulisan ing basa ngoko basa-antya.

Mengko soré, yèn sida, aku arep lunga menyang Surabaya. Manawi panjenengan kagungan dhuwit, bok aku diparingi sangu. Arep nyuwun Paman, panjenengané lagi boten kagungan dhuwit. Ana dhuwit sathithik, nanging pangandikané Paman, wis kadhung dipundhutaké obat. Bibi gerah astané. Saged ta nyebrak sadina rong dina?

Saliyané tembung-tembung krama inggil kang wis kasebut ing ndhuwur, ana tembung krama, ya iku manawi, boten, lan saged.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b c d e Suwadji 2013, kk. 10-11.
  2. a b Suwadji 2013, kk. 13-14.
  3. Harjawiyana & Supriya 2001, kk. 42-43.

Réferènsi[besut | besut sumber]