Menyang kontèn

Ater-ater

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wiktionary
Wiktionary
Pirsani informasi ngenani Ater-ater ing KamusWiki.

Ater-ater iku wuwuhan kang dumunung ing sangareping tembung lingga ing paclathon [1][2]. Yèn ing basa Indonésia diarani awalan, yèn ing basa Inggris diarani prefix [3]. Tembungprefix kadadéan saka tembung lingga fix kang duwé teges "nambahi" lan ater-ater "pre-" duwé teges "sadurungé" [4].

Ing basa Jawa, ater-ater iki kapérang dadi telu, yaiku hanuswara, tripurusa, lan ater-ater liya [1].

Hanuswara

[besut | besut sumber]

Ater-ater hanuswara uga diarani ater-ater kang nganggo swara irung, amarga swarané mbrengengeng [1]. Kang kalebu ater-ater hanuswara yaiku n-, ny-, m-, lan ng- [5]. Ater-ater hanuswara lumrahé ateges solah tingkah utawa nindakaké pagawèyan [1]. Ater-ater uga lumrah mratélakaké tembung tanduk (aktip) [1].

Ater-ater hanuswara iki uga ngluluhi wyanjana ing ngareping tembung lingga. Wyanjana kang luluh iku:

  1. ⟨t⟩ luluh déning n-, tuladha: tari dadi nari
  2. ⟨s⟩ lan ⟨c⟩ luluh déning ny-, tuladha: sulih dadi nyulih, cakot dadi nyakot
  3. ⟨p⟩ lan ⟨w⟩ luluh déning m-, tuladha: watu dadi matu, puter dadi muter
  4. ⟨k⟩ lan ⟨w⟩ luluh déning ng-, tuladha: kembang dadi ngembang, wétan dadi ngétan

Yèn ing tembung lingga kang awalé dudu wyanjana iku, hanuswarané mung ditambahi, tuladha:

  1. Jaluk dadi njaluk
  2. Arep dadi ngarep
  3. Brengengeng dadi mbrengengeng

Tripurusa

[besut | besut sumber]

Ater-ater tripurusa yaiku ater-ater kang minangka sesulih purusa [1]. Ater-ater tripurusa iku kosokbalené ater-ater hanuswara [6]. Béda karo ater-ater hanuswara, déné ater-ater tripurusa mratèlaké tembung tanggap (pasip) [1]. Cacahé ater-ater tripurusa ana telu, yaiku dak- utawa tak-, ko-, lan di- [6].

Tuladha:

  1. dak- + pangan = dakpangan (aku pangan)
  2. ko- + pangan = kopangan (kowé pangan)
  3. di- + pangan = dipangan (dhèwèké pangan)

Ater-ater Liya

[besut | besut sumber]

Ater-ater saliyané ater-ater hanuswara karo tripurusa cacahé ana 13, yaiku sa- utawa se-, pa-, pi-, pra-, tar- utawa ter-, ka- utawa ke-, kuma-, kapi-, kami-, a-[6].

Tuladha:

  1. sa- + tengah = satengah
  2. pa- + emut = pemut (⟨a⟩ ilang amarga tembung linggané awal swara)
  3. pi- + kukuh = pikukuh
  4. pra- + jurit = prajurit
  5. tar- + waca = tarwaca
  6. ka- + jupuk = kajupuk
  7. kuma- + wani = kumawani
  8. kami- + tèngèng = kamitèngèng
  9. kapi- + luyu = kapiluyu

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g Sutrisno.1982. Pathining Basa. Semarang: Mutiara Permatawidya
  2. Pateda, Mansoer. 1988. Linguistik (Sebuah Pengantar. Bandung: Angkasa. Hal-78
  3. http://en.wikipedia.org/wiki/Affix
  4. http://id.wikipedia.org/wiki/Awalan
  5. Sasangka, Catur Wisnu. 1991. Paramasastra Gagrak Anyar. Yogyakarta: Duta Wacana University Press. ISBN 979-8139-23-2
  6. a b c Kurniati, Endang. 2009. Sintaksis Basa Jawa. Semarang: Griya Jawi