Basa madya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

Basa madya (saiki kaaran basa krama madya) iku basa Jawa kang nganggo tembung madya mawa ater-ater saha panambang ngoko.

Miturut unggah-ungguh Jawa kang lawas, basa madya dumunung ing antaraning basa ngoko lan basa krama. Kala samana, péranganing basa madya ana telu: madya ngoko, madyantara, lan madya krama.[1][2] Ing unggah-ungguh Jawa kang anyar, basa madya ora kaanggo manèh; ora madeg dhéwé kang séjé saka basa ngoko lan basa krama. Ing samangko, basa madya sok kaanggep péranganing basa krama minangka basa krama kang ora alus[1] lan ora baku, mula kaaran basa krama madya.

Pérangan[besut | besut sumber]

Unggah-ungguh Jawa kang lawas: basa madya ana ing antaraning basa ngoko lan basa krama.

Duk nguni, péranganing basa madya ana telu: madya ngoko, madya krama, lan madyantara. Mangokoa, sawenèh pustaka ora sarujuk anggoné mratélakaké madya krama lan madyantara.

Cathetan: mungguh ing conto, tembung ngoko dikandelaké lan digarisi sor, tembung krama dikandelaké, déné tembung krama inggil digarisi sor.

Madya ngoko[besut | besut sumber]

Basa madya ngoko iku basa madya kang nganggo tembung madya lan tembung ngoko mawa ater-ater lan panambang ngoko.[1][2][3][4] Madyama purusané nganggo tembung dika, déné pratama purusané nganggo tembung kula. Panganggoning basa madya ngoko padatané ing guneming bakul marang bakul.[2] Ing sor iki conto ukara kang nganggo basa madya ngoko.

  1. Mang madhang sega abang.[4]
  2. Dika kok sajak kesusu ngajak mulih kula. Onten preluné napa, ta?[2]
  3. Dika napa arep mangan iwak wedhus?[3]

Madya krama[besut | besut sumber]

Basa madya krama iku basa madya kang nganggo tembung madya lan tembung krama mawa ater-ater lan panambang ngoko (Panemu 1).[3][4] Ana panemu liya manawa basa madya krama uga ngemu tembung krama inggil (Panemu 2).[1][2] Panganggoning basa madya krama padatané ing guneming wong wadon marang bojoné.[2] Ing sor iki conto ukara kang nganggo basa madya krama.

  1. Mang nedha sekul abrit.[4] (Panemu 1)
  2. Pakné, wanci ngèten kok empun ajeng tindak teng kantor. Napa kathah padamelan?[2] (Panemu 2)
  3. Samang napa ajeng nedha ulam menda?[3] (Panemu 1)

Madyantara[besut | besut sumber]

Basa madyantara iku basa madya kang nganggo tembung madya, tembung krama, tembung krama inggil kanthi ater-ater lan panambang ngoko (Panemu 1).[3][4] Ana panemu liya manawa basa madyantara mung ngemu tembung madya lan tembung krama (Panemu 2).[1] Panemu liya manèh ngarani basa madyantara padha karo basa madya ngoko, mung béda ing madyama purusa kang nganggo tembung mang, samang, utawa sampéyan ing basa madyantara (Panemu 3).[2] Panganggoning basa madyantara padatané ing guneming wong wadon marang bojoné[4], priyayi cilik marang priyayi cilik, lan priyayi marang saduluré kang pangkat luwih cendhak.[2] Ing sor iki conto ukara kang nganggo basa madyantara.

  1. Mang dhahar sekul abrit.[4] (Panemu 1)
  2. Sampéyan rak empun duwé tumbak sing luwih apik, ta?[2] (Panemu 2)
  3. Sampéyan napa kersa dhahar ulam ménda?[3] (Panemu 1)

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b c d e Suwadji 2013, kk. 12.
  2. a b c d e f g h i j Padmosoekotjo 1953, kk. 13-15.
  3. a b c d e f Prajapustaka 1925, kk. 5-6.
  4. a b c d e f g "Antya basa lan basa antya". Sasadara. 1903-08-09.

Rujukan[besut | besut sumber]