Basa ngoko

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Basa ngoko iku basa Jawa kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko. Ater-ater lan panambang ngoko ana dak-, ko-, di-, -ku, -mu, -(n)é, lan -(k)aké.

Saka panganggoné jaman saiki, ana basa ngoko kang dianggep alus lan ora alus. Mula, basa ngoko banjur kapérang loro: basa ngoko alus lan basa ngoko lugu. Duk nguni, basa ngoko kapérang telu: ngoko lugu, ngoko antya-basa, lan ngoko basa-antya.[1]

Basa ngoko minangka dhasaring basa Jawa. Duk nguni, sandhuwuring basa ngoko ana basa madya, déné basa krama ana ing dhuwur dhéwé. Saiki, sandhuwuring basa ngoko langsung basa krama.

Pérangan[besut | besut sumber]

Lawasan[besut | besut sumber]

Unggah-ungguh Jawa kang lawas

Basa krama kang lawas kapérang telu: ngoko lugu, ngoko antya-basa, lan ngoko basa-antya.[1][2][3] Ana uga kang mérang basa ngoko dadi basa ngoko lugu lan basa ngoko andhap. Basa ngoko andhap banjur kapérang manèh dadi basa ngoko antya-basa lan basa ngoko basa-antya.[2][4][5]

Cathetan: mungguh ing conto, tembung krama dikandelaké, déné tembung krama inggil digarisi sor.

Ngoko lugu[besut | besut sumber]

Basa ngoko lugu (utawa mung basa ngoko, uga diarani basa Jawa dwipa[5]) iku basa ngoko kang mung nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko.[1][3][5] Madyama purusané nganggo tembung kowé, déné pratama purusané nganggo tembung aku.[6] Panganggoning basa ngoko lugu padatané ing guneming bocah marang bocah, wong tuwa marang wong nom tanpa ngajèni, bandara marang abdiné.[5] Ing sor iki conto ukara kang nganggo basa ngoko lugu.

  1. Kowé apa arep mangan iwak wedhus?[3]
  2. Aku arep menyang pasar. Kowé tunggua omah![5]

Ngoko antya-basa[besut | besut sumber]

Basa ngoko antya-basa iku basa ngoko kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko kanthi woworan tembung krama inggil.[1][3][5] Madyama purusa kang kaanggo iku tembung sliramu[5] utawa sariramu, déné pratama purusané nganggo tembung aku.[6] Panganggoning basa ngoko antya-basa padatané ing guneming wong tuwa marang wong nom kang pangkat luwih dhuwur lan priyayi marang priyayi kang wis raket banget.[5] Ing sor iki conto ukara kang nganggo basa ngoko antya-basa.

  1. Sariramu apa karsa dhahar iwak wedhus?[3]
  2. Sliramu apa ora tindak menyang kantor?[5]

Ngoko basa-antya[besut | besut sumber]

Basa ngoko basa-antya iku basa ngoko kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko kanthi woworan tembung krama saha tembung krama inggil.[1][3][5] Madyama purusa kang kaanggo iku tembung panjenengan[5] utawa panjenenganmu, déné pratama purusané nganggo tembung aku.[6] Ana sawatara tembung ngoko kang ora kena dikramakaké supaya dumadi basa ngoko basa-antya, ya iku: ana, endi, ora, arep, aku, iki, iku, utawa, isih, apa, aja, iya, amarga, enggon, kana, kéné, kono, karo, kapan, kepriyé, kang, durung, dudu, saiki, saprana, sapréné, saprono, samana, saméné, samono, sing, wis, lagi, pira, dhèk, jaré, mau, manèh, menawa, menyang, marang, mung, mengko, mangkana, mengkéné, mengkono, baé, lan nganti.[4] Panganggoning basa ngoko basa-antya padatané ing guneming wong tuwa marang wong nom kang pangkat luwih dhuwur.[5] Ing sor iki conto ukara kang nganggo basa ngoko basa-antya.

  1. Panjenenganmu apa karsa dhahar ulam ménda?[3]
  2. Yèn panjenengan wis kagungan wekdal, mbok ya maringi serat.[5]

Anyaran[besut | besut sumber]

Unggah-ungguh Jawa kang anyar

Basa ngoko kang anyar kapérang loro: ngoko lugu lan ngoko alus.[1]

Ngoko lugu[besut | besut sumber]

Basa ngoko lugu iku basa ngoko kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko.[7] Basa ngoko lugu iki padha karo basa krama lugu kang lawas. Ing ngisor iki conto tulisan ing basa ngoko lugu.

Mengko soré, yèn sida, aku arep lunga menyang Surabaya. Yèn kowé duwé dhuwit, bok aku disilihi sangu. Arep njaluk Paman, dhèwèké lagi ora duwé dhuwit. Ana dhuwit sathithik, nanging jaréné Paman, wis kadhung ditukokaké obat. Bibi lara tangané. Bisa ta nyebrak sadina rong dina?[7]

Conto ing dhuwur mung nganggo tembung ngoko.

Ngoko alus[besut | besut sumber]

Basa ngoko alus iku basa ngoko kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko sarta kaworan tembung krama inggil lan tembung krama andhap.[7] Basa ngoko alus iki padha karo basa ngoko antya-basa kang lawas. Ing ngisor iki conto tulisan ing basa ngoko alus.

Mengko soré, yèn sida, aku arep lunga menyang Surabaya. Yèn panjenengan kagungan dhuwit, bok aku diparingi sangu. Arep nyuwun Paman, panjenengané lagi ora kagungan dhuwit. Ana dhuwit sathithik, nanging pangandikané Paman, wis kadhung dipundhutaké obat. Bibi gerah astané. Bisa ta nyebrak sadina rong dina?[7]

Conto ing dhuwur nganggo tembung ngoko lan tembung krama inggil (panjenengan, kagungan, paring, nyuwun, pangandika, pundhut, gerah, lan asta).

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f Suwadji 2013, kk. 10-11.
  2. a b Harjawiyana & Supriya 2001, k. 18.
  3. a b c d e f g Prajapustaka 1925, kk. 3-5.
  4. a b "Antya basa lan basa antya". Sasadara. 1903-08-09. 
  5. a b c d e f g h i j k l m Padmosoekotjo 1953, kk. 13-15.
  6. a b c Prajapustaka 1925, kk. 4-5.
  7. a b c d Suwadji 2013, kk. 13-14.

Rujukan[besut | besut sumber]