Tembung krama inggil

Tembung krama inggil iku tembung Jawa kang kanggo ngurmati utawa ngajèni kanthi cara ngluhuraké madyama purusa utawa pratama purusa. Tegesing tembung inggil iku 'dhuwur' utawa 'luhur'.[1] Tembung krama inggil mung kaanggo ing basa ngoko alus lan krama alus.[2] Tembung krama inggil ora duwé dhasar saka tembung-tembung liya, mula béda banget karo tembung krama lan tembung ngoko kang sawatara tembungé bisa dibandhingaké siji karo liyané.[1] Wujud kang mèh padha karo tembung krama inggil yaiku tembung krama andhap, bédané kanggo ngurmati wong yaiku kanthi cara ngasoraké dhèwèké dhéwé.[3] Sawatara tembung krama inggil ora duwé padhané ing tembung krama andhap.
Ing bausastra-bausastra Jawa, tembung krama inggil tinengeran ki utawa KI.
Tuladha
[besut | besut sumber]Ing isor iki tuladha tembung krama inggil (kandel), padhané ing tembung ngoko, lan padhané ing tembung krama, nanging ora ana padhané ing tembung krama andhap.[4]
| Ngoko | Krama | Krama inggil |
|---|---|---|
| bungah | bingah | rena |
| enggo | enggé | agem |
| imbuh | imbet | tanduk |
| jeneng | nama | asma |
| kowé | sampéyan | panjenengan |
| lungguh | lenggah | pinarak |
Ing isor iki tuladha tembung krama inggil (kandel), padhané ing tembung ngoko, padhané ing tembung krama, lan padhané ing tembung krama andhap.[4]
| Ngoko | Krama | Krama inggil | Krama andhap |
|---|---|---|---|
| akon | akén | ndawuhi | ngaturi |
| awèh | nyukani | maringi | nyaosi |
| kandha | criyos | ngendika | matur |
| njaluk | nedha | mundhut | nyuwun |
| nyilih | nyambut | (mundhut) ngampil | (nyuwun) ngampil |
| takon | takén | ndangu | nyuwun priksa |
| undang | ngundang | nimbali | ngaturi |
Uga delengan
[besut | besut sumber]Cathetan sikil
[besut | besut sumber]- ↑ a b Suwadji 2013, kc. 8–9.
- ↑ Suwadji 2013, kc. 14.
- ↑ Suwadji 2013, kc. 9.
- ↑ a b Suwadji 2013, kc. 41–49.
Rujukan
[besut | besut sumber]- Suwadji (2013). Ngoko Krama. Yogyakarta: Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. ISBN 9786027777620. OCLC 890814963.