Kakawin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Kakawin iku wujud tembang ing basa Jawa Kuna kang nganggo pupuh kang asalé saka Indhia lan mau sekar ageng utawa tembang gedhé. Ing basa Jawa Anyar tembung iki uga bisa tinulis kekawin.

Sawijining kakawin mawi tembang tartamtu racaké tumata ing minimal sa-pada. Kabèh pada kakawin duwé patang baris nganggo wilangan wanda kang padha. Banjur sa-pada disusun karo apa kang diarani guru laghu. Guru laghu iku aturan kwantitas sawijining wanda.

Sa-wanda iku bisa dawa utawa cendhak. Sing dikarepaké wanda dawa cendhak iku vokal kang dawa utawa cendhak. Vokal dawa iku jinisé ana loro; vokal kang pancèn dawa lan vokal kang posisiné ana ing ngarepé rong konsonan.

Conto:

  • rât (donya), vokalé mesthi dawa
  • putra (anak), vokalé dawa amarga dituti karo rong konsonan.

Conto pupuh[besut | besut sumber]

Dadi contoné pupuh kakawin kang jenengé Śārdūlawikrīḍita iku kawangun saka 19 wanda. Banjur 19 wanda iki guru-laghuné ka ya mengkéné −−−|UU−|U−U|UU−|−−U|−−U| U. Sagaris − tegesé wanda iku kwalitasé dawa, kamangka U tegesé wanda iku cendhak. Banjur | tegesé namung pawates waé saben telung wanda lan ora ana artiné kusus.

Ing pupuh kakawin, sawijining wanda kang ngamot swara dawa (ā, ī, ū, ö, e, o, ai, lan au) otomatis diarani wanda dawa utawa "guru" (=abot) kamangka sawijining wanda kang ngamot vokal cendhak diarani wanda cendhak utawa "laghu" (=èntèng). Nanging sawijining vokal cendhak yèn ditutaké déning rong konsonan nggawé wanda kang disandhang dadi dawa. Banjur wanda pungkasan dijenengaké sawijining anceps (sawijining istilah basa Latin) kang tegesé ya iku yèn wanda iki bisa dawa utawa cendhak.

Minangka conto dijupuk tuladha saka pupuh pambuka Kakawin Arjunawiwāha:

Tèks Jawa Kuna mawa pupuh Śardūlawikrīḍita Jarwa
Ambĕk sang paramārthapaṇḍita huwus limpad sakêng śūnyatā, Batin sang wruh Hakikat Paling Dhuwur wis nglimpadi kabèh amarga nekuni kasunyatan[1],
Tan sangkêng wiṣaya prayojñananira lwir sanggrahêng lokika, Ora amarga kasurung déning nepsu indriya tujuané, lir nyambut kang fana waé,
Siddhāning yaśawīrya donira sukhāning rāt kininkinira, Sidaning yasa lan kabajikan tujuané. Kabagyan ngalam donya diprihatinaké.
santoṣâhĕlĕtan kĕlir sira sakêng sang hyang Jagatkāraṇa. Damé bagya, nalika kasekat kelir dhèwèké saka sang Murbêng Jagad.

Dadi larik kapisan Arjunawiwāha iki wrangkané kaya mengkéné:

−−−|UU−|U−U|UU−|−−U|−−U| U
Ambĕk sang | paramār|thapaṇḍi|ta huwus |limpad sa|kêng śūnya|tā

Sawijining tèks kakawin racaké kadhapur saka pupuh kang béda-béda. Kakawin Arjunawiwāha kang didadèkaké tuladha iki, nduwé 35 pupuh kang séjé-séjé.

Wateking pupuh kakawin[besut | besut sumber]

Béda karo pupuh macapat, kakawin pupuhé ora ana wateké.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ Jarwa dhedhasar buku Ignatius Kuntara Wiryamartana, Arjunawiwāha, (1990:124)

Uga delengen[besut | besut sumber]