Basa walikan Malangan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sejarahing[besut | besut sumber]

Basa walikan cara Malangan iki pramilane diucapake karo para bromocorah sing yèn jaman saiki pada karo preman. Nanging bromocorah iki tujuanne saé, ya iku merjuangake nasibe wong cilik lan rakyat saka panindésaning Walanda ing jaman iku. Kanggo mbingungke Walanda lan teliksandhine, para bromocorah iku nganggé basa sing diwalik-walik lan basa iku mau sing dadi tenger-tengere basa walikan khas kuta Malang. Basa iki milai ana ing taun 1930an. Basa sing diwalik ukarane ora mung basa jawa, nanging yo soko basa liyané, ya iku basa arab, meduro, indonesia lan liyané.

Arupaning Basa[besut | besut sumber]

Basa walikan Malangan ini asline saka walikaning Basa Jawa lan Basa Indonesia. Akèh kosakatane barang sing asaling saka cara lokalan.

Upami:

  • Saya dadi ayas
  • Kamu dadi umak
  • Arek dadi kera
  • Malang dadi Ngalam
  • Orang dadi genaro
  • Wedok dadi kodew/wanyik
  • Lanang dai nganal
  • Akèh dadi kanyab
  • Biyasa dadi asaib(kanyab asaib (akèh balon))
  • Pulang dadi ngalup
  • Makan dadi nakam
  • Lumaku-Lumaku dadi uklam-uklam
  • Nasi goreng dadi isan ngerog
  • Gedang dadi ngadeg
  • Beli dadi ileb
  • Ngerti dadi itreng
  • Konco/Kawan dadi "Nawak"

Nanging ana manèh kang asalé saka basa Jawa Malangan dhéwé. Kaya ta

  • Ojir = dhuwit dadi "raijo"

Lan ora kabèh ukara sing bisa diwalik-walik, kaya ta

  • Ngoker = ngrokok
  • Idrek = nyambut gawé

Conto Basa Walikan[besut | besut sumber]

  • Ayas asli kèra ngalam. Ayas asaib ngomong boso ngalaman ambek walikan ngalam nok hamur ambek nawak-nawak kewed.Nanging sakmarie ayas pindah ana ing Suroboyo, kadang kolo ketemue ambek kèra oroboyis ambek genaro arodam. Dadi wis kadit gelek ngomong ngalaman manèh, paling pol lek ngalup apa ketemu padha ngalame.

Conto liyané:(Walikane ora mesti letterlijk)

  • Ayas kate ukut oker. Tegesé Aku arep tuku rokok.
  • Tanggal kewut ngene wis gak ewud ojir. (Tanggal tuwa ngene wis ra duwé dhuwit)
  • Unyabe panas dayohe gawékno het. (Banyune wis panas tamune gawékno teh)
  • Ebes rudit. (bapak sare)
  • wis nakama? lek gurung ayo ana ing warung ipok pérangan. (Wis dhahar? Yèn durung ayo ana ing warung kopi pérangan)
  • kera iki sik umur omil. (bocah iki ijik limang taun)
  • Kodew nganal padha ae. (Putri kakung padha baé)
  • Lan satunggalane.

Delengen uga[besut | besut sumber]