Menyang kontèn

Tembung krama-ngoko

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Krama ngoko)
Tembung-tembung krama-ngoko (tinengeran KN) ing Kamus Basa Jawa (Bausastra Jawa)

Ing basa Jawa, tembung krama-ngoko (utawa tembung ngoko-krama[1]) iku tembung ngoko kang ora ana padhan ing tembung krama.[1] Amarga iku, tembung ngoko mau banjur bisa kaanggo ing kabèh tataran basa Jawa, kalebu basa krama.[2]

Tembung krama-ngoko kang dikramakaké aran tembung krama enggon-enggonan lan kalebu tembung kang ora baku. Cacahing tembung krama-ngoko iku akèh dhéwé ing basa Jawa, nanging mung pérangan cilik kang duwé padhan tembung krama inggil.[2]

Ing bausastra-bausastra Jawa, tembung-tembung krama-ngoko tinengeran kn utawa KN.

Tembung krama-ngoko iki cacah akèh dhéwé ing basa Jawa. Conto tembung krama-ngoko kang ora ana padhan ing tembung krama inggil: angin, anyep, awu, bakar, bapa, biyung, bumi, gapura, godhog, gorèng, guru, hawa, jagat, jaman, jangan, jangkrik, kampung, kantor, kucing, kuwung, lawuh, méga, murid, oyod, pedhes, pedhut, pit, ramé, sekolah, singa, srengéngé, tandha, tenger, térong, umob, unta, wédang, wit, lan woh.

Ing sor iki conto tembung krama-ngoko (kandel) lan padhané ing tembung krama inggilé.

Krama-ngoko Krama inggil
adhi rayi
adus siram
cangkem tutuk
dolan ameng-ameng
lambé lathi

Panganggoning tembung

[besut | besut sumber]

Tembung krama-ngoko bisa kaanggo ing kabèh tataran basa Jawa: basa ngoko lan basa krama. Ing ngisor iki conto panganggoning tembung krama-ngoko ing basa ngoko lugu lan basa krama lugu lumantar tembung kuwung lan lambé kang tinengeran kn ing Bausastra Jawa.

Basa ngoko lugu

  1. Lambéné dibèngèsi abang.
  2. Bubar udan, kuwung katon ing langit.

Basa krama lugu

  1. Lambénipun dipunbèngèsi abrit.
  2. Bibar jawah, kuwung katingal ing langit.

Sapérangan tembung krama-ngoko duwé padhan tembung krama inggil. Tembung-tembung mangkono salin dadi tembung krama inggil ing basa ngoko alus lan basa krama alus. Contoné iku tembung lambé kang duwé padhan tembung krama inggil lathi (digarisi sor), déné kuwung ora duwé padhan tembung krama inggil.

Basa ngoko alus

  1. Lathiné dibèngèsi abang.
  2. Bubar udan, kuwung katon ing langit.

Basa krama alus

  1. Lathinipun dipunbèngèsi abrit.
  2. Bibar jawah, kuwung katingal ing langit.

Tembung kuwung ing ukara-ukara 2 ora ngalami owah-owahan ing kabèh tataran basa amarga ora duwé padhan ing tembung krama inggil. Jalaran iku, ora ana béda antaraning ukara 2 ing basa ngoko lugu lan basa ngoko alus lan ukara 2 ing basa krama lugu lan ing basa krama alus.

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. a b Suwadji 2013, kc. 3–4.
  2. a b Gina 2012, kc. 96.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  • Gina (2012). Puspa Rinonce. Yogyakarta: Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. ISBN 9789791854054. OCLC 959081456.
  • Kamus Basa Jawa (Bausastra Jawa) (édhisi ka-2). Sleman: Penerbit PT Kanisius. 2011. ISBN 9789792128581.
  • Suwadji (2013). Ngoko Krama. Yogyakarta: Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. ISBN 9786027777620. OCLC 890814963.