Jeneng Jawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search

Jeneng Jawa iku cara pawèwèh jeneng kang dianut déning wong Jawa lan suku liya kang kaprabawan déning budaya Jawa, kaya déné wong Cina Jawa. Wong Jawa akèh kang mung nganggo siji jeneng nanging ana uga sawetara wong Jawa kang masang jeneng wong tuwané (bapaké) ing samburiné jenengé.

Jeneng Jawa umumnya asal saka basa Jawa; akèh kang njupuk utawa ngandhut unsur saka basa Sangskerta. Jeneng tembung wiwitan "Su-" lan "Wa-" akèh tinemu ing lingkungan wong Jawa. Saliyané asal saka tembung Jawa lan Sangskerta jeneng Jawa uga kaprabawan déning tembung saka Basa Arab, mligi ing tlatah kang duwé tradhisi Islam kang kuwat, kaya déné ing tlatah pasisir lor Jawa.

Jeneng tunggal[besut | besut sumber]

Akèh wong Jawa kang mung nganggo jeneng tunggal, tuladhané Présidhèn Indonésia kapisan lan kaloro, Soekarno lan Soeharto. Rakyat biyasa akèh kang mung duwé jeneng tunggal, déné wong-wong kang duwé pangkat utawa kalungguhan dhuwur ing masarakat racaké nganggo jeneng punjul siji, nanging arang kang nganggo jeneng kulawarga.

Amaraga anané prabawa kabudayan njaba, akèh wong kang nambahaké jeneng marang jeneng tunggalé. Tuladhané: Albertus Soegijopranoto, biskop Indonesia sepisanan, migunakaké asma baptis Albertus ing sangarepé asmané, Soegijopranoto.

Jeneng patronimik wong Jawa[besut | besut sumber]

Jeneng patronimik iku jeneng ngarep bapaké kang dipasang ing jeneng anaké. Tuladhané jeneng présidhèn Indonésia angka 4, Abdurrahman Wahid, kang dijupuk saka Wahid Hasyim, bapaké, kang njupuk saka Hasyim Asyari, (kang ngadegaké organissi pendiri Nahdlatul Ulama). Semono uga jeneng présidhèn Indonésia angka 5, Megawati Sukarnoputri, kang njupuk asma bapaké, Soekarno, présidhèn Indonésia kang kapisan.

Uga delengen[besut | besut sumber]