Menyang kontèn

Basa Arab

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Arab
العربية/عربي
al-ʻarabiyyah/ʻarabī 
Arabic albayancalligraphy.svg
Pronunciation /al ʕarabijja/, /ʕarabi/
Dituturaké ing Nagara-nagara Liga Arab, kaum minoritas ing nagara-nagara Éritréa, Mali, Niger, Kénya, Chad, Sénégal, Sudan Kidul, Étiopia, Iran, Madagaskar, Tanzania, Mozambik, lsp.
Gunggung panutur 290 yuta
Rumpun basa
Sistem tulisan Aksara Arab
Braille Arab
Aksara Suriah (Garshuni)
Aksara Ibrani (Kulawarga basa Yahudi-Arab)
Aksara Yunani (Arab Maron Siprus)
Aksara Latin (Malta, Arab Libanon, Arab Tunisia)
Status resmi
Basa resmi ing Arab Baku Modhèren iku basa resmi 27 nagara, paling akèh katelu sangisoré basa Inggris lan basa Prancis
Regulated by
Kodhe basa
ISO 639-1 ar
ISO 639-2 ara
ISO 639-3 ara
{{{mapalt}}}
     Basa Arab minangka basa resmi siji-sijiné
     Basa Arab minangka salah sawiji basa resmi
     Basa Arab minangka basa resmi minoritas



Basa Arab (اللغة العربية al-lughah al-‘Arabīyyah) iku basa saka kulawarga basa Semitik sing saiki dipituturaké ing Wétan Tengah lan Afrika Lor nanging awalé saka nagara sing saiki diarani Arab Saudi. Cacah panuturé ana wong 225 yuta. Kajaba iku basa Arab uga basa sembahyangan ing agama Islam. Basa Arab kanggo nglampahi sembahyang, kaya ta niyat wudhu, solat, jakat, kaji, ngaturaké donga, lan ngibadah liya-liyané.

Basa Arab nduwèni luwih akèh panutur tinimbang basa-basa liyane ana ing rumpun basa Semit. Basa iki dituturaké déning punjul saka 280 yuta wong minangka basa kapisan (basa ibu), lan wong-wong mau iku kakèhané netep ana ing Timur Tengah lan Afrika Lor. Basa iki minangka basa resmi saka 25 negara, lan minangka basa sembahyangan ana ing agama Islam amarga minangka basa kang dianggo dèning Alquran lan minangka sawijining basa kang kasebut ana ing Alquran.

Adhedasar panyebaran geografisé, basa Arab pacelathon nduwèni akéh variasi dhialèk), pira-pira panutur saka dhialèk iku mau malah ora bisa padha mangertèni panutur kang guna dhialèk liya. Basa Arab Modern diklasifikasikaké minangka siji makro basa kanthi 27 sub-basa ana ing ISO 639-3. Basa Arab Baku (kasebut uga Basa Arab Sastra) diwulangaké kanthi jembar ana ing sekolah lan universitas, sarta digunakaké uga ana ing panggonan makarya, kantor, pamrentahan, lan medhia massa.

Klasifikasi

[besut | besut sumber]

Basa Arab biyasané diklasifikasikaké minangka salah sijining basa Semit Tengah. Para ahli basa isih nduweni beda pandhangan babagan klasifikasi paling apik kanggo pracabangan basa Semit. Rumpun basa Semit wis bubrah kanthi signifikan antarané kala Purwa-Semit kanthi anané kemunculan rumpun basa Semit Tengah, utamané ana ing babagan tata basa. Inovasi ana ing basa Semit Tengah sekabehane krawat ana ing basa Arab kalebu:

1- Konversi formasi statif kanthi konjugasi sufiks (jalas-) dadi tembung kang njelasaké kala biyèn (lampau).

2- Konversi formasi bentuk biyen kanthi konjugasi prefiks (yajlis-) dadi tembung kang njelasaké kala saiki

3- Eliminasi bentuk-bentuk modhal/aspek kanthi konjugasi prefiks liyané (misal, kala saiki kang dibentuk kanthi ndhobelaké wod (akar kata) tengah, kala perfek kang dibentuk kanthi ndheselake /t/ sawisé konsonan wod kapisan, lan bisa dadi kalebu kasus jusif kang dibentuk kanthi panggeseran panekenan, lsp.

4- Perkembangan pasif internal.

Kosakata

[besut | besut sumber]

Tembung serapan

Sumber paling penting panyerapan tembung manca tumuju basa Arab (pra-Islam) asalé iku saka basa kang ana kaitané, yaiku basa Aram, kang biyèné minangka basa komunikasi utama antar bangsa ing sakabèhé Wétan Adoh (Timur Dekat) lan Wetan Tengah (Timur Tengah) kuna, lan basa Ethiopia. Minangka tambahan, ana akeh istilah budaya, agama, lan politik kang wis ngleboni basa Arab saka rumpun basa Iran, utamané Persia, Partia, lan Persia Klasik, lan Yunani Helenistik. Tuladhané kayata kang wis kakutip saka buku De Prémare:

Huruf-huuf kang Ana Ing Basa Arab

[besut | besut sumber]

Huruf-huruf basa Arab iku ana 29 cacahé. Nanging, uga ana pendhapat yèn huruf-huruf basa Arab iku ana 30 amarga ana rubeda antarané huruf لا (lam-alif) iku diitung siji huruf dhewe utawa ora dianggep huruf amarga minangka gabungan saka rong huruf, yaiku lam (ل) lan alif (ا). Huruf-huruf kasebut sakabehe yaiku:

Huruf Pangucapan
ا alif___(ora dilambangaké)/aa
ب baa___b
ت taa___t
ث tsaa___ts (diucapaké kayata basa Inggris "thin")
ج jiim____j
ح haa___h (diucapaké kayata h ana ing tembung "sawahan")
خ khaa___kh (diucapaké kayata wong lagi ngorok)
د daal___d
ذ dzaal___dz (diucapaké kayata d nanging ing ilat ana ing untu)
ر raa___r
ز zaay___z
س siin___s
ش syiin___sy
ص shaad___sh (diucapaké kayata s nanging luwih tebel)
ض dhaad/dlaad (diucapaké kayata d nanging luwih tebel)
ط thaa___th (diucapaké kayata t nanging luwih tebel)
ظ zhaa___zh (diucapaké kayata dz nanging luwih tebel)
ع 'ain___' (diucapaké kayata alif nanging luwih mendhuwur)
غ ghain___gh (diucapaké kayata r ing basa Prancis)
ف faa
ق qaaf___q (diucapaké kayata k nanging luwih mengisor lan tebel)
ك kaaf___k
ل laam___l
م miim___m
ن nuun___n
و waaw___w/uu
ه Haa___H (diucapaké kayata h ana ing tembung "bahan")
لا lam alif (gabungan saka rong huruf)
hamzah____` (diucapaké kayata k ana ing tembung "tuak")
ي yaa___y/ii

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]