Roeslan Abdulgani
| Roeslan Abdulgani | |
|---|---|
![]() | |
| Mantri Informasi Indonésia ka-15 | |
| Linggih 24 Oktober 1962 – 27 Agustus 1964 | |
| Présidhèn | Soekarno |
| Kang sadurungé | Mohammad Yamin |
| Kang sawisé | Achmadi |
| Mantri Jaba Praja Indonésia ka-9 | |
| Linggih 24 Maret 1956 – 28 Januari 1957 | |
| Présidhèn | Soekarno |
| Kang sadurungé | Ide Anak Agung Gde Agung |
| Kang sawisé | Soebandrio |
| Rerincèn dhiri | |
| Lair | 24 Novèmber 1914 |
| Pati | 29 Juni 2005 (umur 90) |
| Bangsa | Indonésia |
| Profési | Diplomat |
| Agama | Islam |
| Tandha tangan | |
Roeslan Abdulgani (Cithakan:Lairmati) ya iku nagarawan lan pulitikus Indonésia kang minangka Mantri Jaba Praja Indonésia ing taun 1956-1957.[1] Dhèwèké racaké diundang kanthi nama Cak Roes.[1]
Roeslan ya iku Sekretaris Jenderal Departemen Jaba Praja nalika taun 1954-1956.[1] Setaun sawisé, dhèwèké dadi Sekretaris Jenderal Konferensi Asia-Afrika ing Bandung ing taun 1955.[1] Sawisé dadi Mantri Jaba Praja, dhèwèké dadi Mantri Informasi nalika taun 1962-1966, lan Wakil Mahamantri ing taun 1966-1967.[1] Sawisé présidhèn diganti saka présidhèn Soekarno diganti présidhèn Soeharto, Roeslan dipercaya dadi Duta Besar RI ing Perserikatan Bangsa-Bangsa (1967-1971) lan uga dadi Ketua Tim Penasihat Présidhèn ngenani Pancasila 20 taun wiwit taun 1978.[1]
Roeslan uga duwé gelar Jenderal TNI Kahormatan Bintang Papat, Bintang Mahaputra.[2] Samangsa uripé, dhèwèké dikenal duwé gayutan kang cedhak karo Présidhèn Soeharto.[2] Saka nikahe karo Sihwati Nawangwulan, dhèwèké duwé lima anak.[2]
Pendidikan
[besut | besut sumber]Karier Roeslan Abdulgani
[besut | besut sumber]- Anggota National Indonesische Padvinderij (1926).[2]
- Ketua Indonésia Moeda (1934).[2]
- Guru Sekolah Menengah Islamiyah/Perguruan Rakyat/Kursus malam
Taman Siswa, Surabaya (1935).[2]
