Budaya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search

Budaya iku tegesé kabèh pamikir manungsa kang sipaté abstrak kang diwujudake dadi pola tingkah laku ing masarakat lan kasil Budaya kang sipaté fisik. Dadi budaya iku nduwé pérangan utawa unsur kang tahap-tahape ya iku: pikiran utawi gagasan utawi ide, rasa lan niyat. Kabèh gabungan pérangan utawa unsur-unsur iku mung ana ing manungsa.

sawijining upacara ing Malawi

Tembung budaya iku asalé saka basa Sansekerta ya iku "buddayah" kang asalé saka tembung "budhi" utawa akal. Akal iku dadi salah siji prangkat utama manungsa kanggo nglakoni urip lan ora ana makluk liya kang nduwé akal.

Miturut Prof. Koentjaraningrat, kabudayan iku gabungan kabèh sistem, gagasan, tindakan lan kasil karya manungsa ing masarakat kang bisa dipakolèhaké liwat sinau.

Kabudayan[besut | besut sumber]

Kabudayaan iku kasil saka gabungan unsur-unsur pikiran, rasa lan niyat kang diwujudke manungsa kanggo nglakoni urip.

Budaya golongan masarakat lumrah dadi ukuran dhuwur cendheke peradaban.

Pérangan/unsur budaya[besut | besut sumber]

Saka pikiran, rasa utawa perasaan lan niyat utawa karsa iku manungsa ngembangaké kabudayan kang lumrahé nduwé sipat-sipat kang padha. Babagan-babagan kasil pengembangan kabudayan iku antarané ing babagan-babagan:

  • Agama (rohani): Sajatiné manungsa iku ngrasa lemah, ora mampu lan iki njalari manungsa nggolèk kang luwih mampu, kang nguwasani. Saka kéné lair kebutuhan kang sipaté religius, nggolèk kang sajati, déwa lan liyané kang nuwuhaké sistem kepercayaan antarané animisme, dinamisme uga manisme lan uga upacara/ritual kepercayaane.
  • Sosial: Manungsa uga ora bisa urip dhèwèkan, iki dadi nuwuhaké gayutan sadulur, tetangga utawa komunitas kang luwih gedhé upamané nagara.
  • Elmu lan teknologi: Manungsa uga butuh paham apa-apa kang ana ing sakiteré upamané yèn mbengi ana lintang ning yèn awan ana srengéngé, iki nglairaké sistem kawruh liwat pengamatan, uji coba lan sinau. Kanggo seserepan luwih lanjut, manungsa dadi butuh prangkat-prangkat kang diyasa nganggo tèhnik-tèhnik tinentu.
  • Basa: Komunikasi antar manungsa nuwuhaké sistem basa (lésan lan uga tulisan) uga kalebu ing kéné basa isyarat.
  • Seni: Kasil saka pamikir manungsa kang arupa adat utawa wujud jogèd, sastra, seni rupa, lan liyané.
  • lan liyané

Wujud budaya[besut | besut sumber]

Sajatiné, wujud kabudayan iku lair saka 3 unsur budaya ya iku:

  • Pikiran/gagasan: Wujudé esih abstrak ana ing pikiran manungsa ning uga bisa ditulisaké. Iki biyasa diarani wujud budaya awal kang bisa dijabarake dadi ide, aji-aji, aturan-aturan lan liyané.
  • Tingkah laku: Wujudé wis nyata lan dadi kabiasan ing masarakat.
  • Kasil budaya kang nduwé wujud fisik (artefak): Wujudé uga wis nyata lan nduwé sipat fisik.

Uga delengen[besut | besut sumber]