Pulitik

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Pulitik utawa pulitik iku prosès nggawé lan pembagéan kakuwasan sajeroning masarakat kang antarané awujud prosès ngrumusaké kawicaksanan, mligi sajeroning nagara. Dhéfinisi iki minangka upaya nggandhèngaké sawetara dhéfinisi kang béda-béda bab hakikat pulitik kang kaloka sajeroning Èlmu pulitik.

Pulitik iku seni lan ngèlmu kanggo ngrengkuh kakuwasan sacara konstitusional utawa sacara nonkonstitusional.

Saliyané iku pulitik uga bisa ditilik saka arah kang béda, ya iku antarané:

  • pulitik iku usaha kang ditempuh déning warga nagara kanggo minangka kahanan apik kanggo sakabèhé (téyori klasik Aristoteles)
  • pulitik iku bab kang magepokan karo penyelenggaraan pamaréntahan lan nagara
  • pulitik minangka kagiyatan kang diarahaké kanggo ngéntukaké lan njaga kakuwasan ing masarakat
  • pulitik iku kabèh soal bab prosès ngrumusaké lan nglaksanaaké kawicaksanan publik.

Sajeroning mangertèni pulitik kudu faham sawetara kunci, antarané: kakuwasan pulitik, legitimasi, Sistem Pulitik, perilaku pulitik, partisipasi pulitik, prosès pulitik, lan uga ora kalah wigatiné seluk beluk bab parté pulitik.

Èlmu pulitik[besut | besut sumber]

Téyori pulitik[besut | besut sumber]

Téyori pulitik iku kajian bab konsep nentokaké tujuan pulitik, piyé carané nggayuh tujuan mau sarta kabèh konsekuensiné. Basan bab Téyori Pulitik antarané filsafat pulitik, konsep bab Sistem Pulitik, nagara, masarakat, kadhaulatan, kakuwasan, legitimasi, lembaga nagara, owah-owahan sosial, pangyasa pulitik, perbandingan pulitik, lll.

Akèh banget wangun sistem pulitik kang dikembangaké déning nagara-nagara ing donya antarané: anarkisme,autoritarian, dhémokrasi, diktatorisme, fasisme, federalisme, feminisme, fundamentalisme keagamaan, globalisme, imperialisme, kapitalisme, komunisme, liberalisme, libertarianisme, marxisme, meritokrasi, monarki, nasionalisme, rasisme, sosialisme, theokrasi, totaliterisme, oligarki dsb.

Lembaga pulitik[besut | besut sumber]

Lumrahé tegesé sawijining organisasi, nanging lembaga bisa uga arupa sawijining kabiasaan utawa prilaku kang duwèni pola. Perkawinan upamané, iku lembaga sosial, kang diakoni déning nagara liwat KUA utawa Cathetan Sipil ing Indonésia apa déné kang diakoni déning masarakat waé tanpa pangakon nagara. Sajeroning bab iki, sawijining organisasi uga arupa prilaku kang duwé pola kanthi mènèhi kalungguhan marang wong-wong tinamtu supaya bisa ngayahi fungsi kanggo nggayuh tujuan bebarengan, organisasi bisa formal utawa informal. Lembaga pulitik iku prilaku pulitik kang duwèni pola sajeroning babagan pulitik.

Parté lan Golongan[besut | besut sumber]

Hubungan Internasional[besut | besut sumber]

Sajeroning wangun klasik gayutan internasional iku arupa gayutan antar nagara, nanging sajeroning perkembangan sabanjuré, konsep iki owah dadi nyakup kabèh interaksi kang dumadi lintas wates nagara. Sajeroning wangun klasik, gayutan internasional diperanaké mung déning para diplomat (lan spiun) saliyané wadya sajeroning paperangan. Dén sajeroning konsep anyar gayutan internasional, werna-werna organisasi internasional, perusahaan, organisasi nirlaba, malah wong pribadi bisa dadi aktor kang wigati tumrap pulitik internasional.

Masarakat[besut | besut sumber]

Ya iku kumpulan manungsa kang dumunung ana ing sajeroning tlatah nagara.

Kakuwasan[besut | besut sumber]

Sajeroning téyori pulitik nunjuk marang kamampuan kanggo nggawé supaya wong liya nglakokaké bab kang ora dikarepaké. Max Weber nulis aané telu sumber kakuwasan: kasiji saka asumber saka ukum utawa undhang-undhang; kaloro, sumber saka kakerasan kaya déné penguasan gaman; katelu, sumber saka karisma.

Nagara[besut | besut sumber]

Nagara minangka sawijining kawasan teritorial kang ing jeroné ana padunung, duwé kadhaulatan kanggo nglakokaké pamaréntahan, lan diakoni déning nagara liya. Katentuan kang tersebut ing dhuwur iku minangka syarat ngadegé nagara miturut konferensi Montevideo ing taun 1933

Tokoh lan pemikir Èlmu pulitik[besut | besut sumber]

Tokoh-tokoh pulitik[besut | besut sumber]

Pemikir-pemikir pulitik[besut | besut sumber]

Mancanagara[besut | besut sumber]

Tokoh tokoh pemikir Ilmu Pulitik saka kalangan teoris klasik, modhèren utawa kontempoter antarané: Aristoteles, Adam Smith, Cicero, Friedrich Engels, Immanuel Kant, John Locke, Karl Marx, Lenin, Martin Luther, Max Weber, Nicolo Machiavelli, Rousseau, Samuel P Huntington, Thomas Hobbes, Antonio Gramsci, Harold Crouch, Douglas E Ramage.

Indonésia[besut | besut sumber]

Sawetara tokoh pemikir lan juru nulis materi Èlmu pulitik lan Hubungan internasional saka Indonésia antarané: Miriam Budiardjo, Salim Said dan Ramlan Surbakti.

Uga delengen[besut | besut sumber]