Hubungan internasional

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Hubungan Nagarantara, utawa kerep dicekak HI, iku cawang saka èlmu pulitik, wujud studi bab persoalan-persoalan manca nagara lan isu-isu global antarané nagara-nagara sajeroning sistem nagarantara, kalebu peran nagara-nagara, organisasi-organisasi antar pamaréntah, organisasi-organisasi non pamaréntah utawa lembaga swadaya masarakat, lan perusahaan-perusahaan multinasional. Hubungan Nagarantara iku babagan akademis lan kawicaksanan publik kang sifaté positif utawa normatif amarga Hubungan Nagarantara nyoba nganalisis sarta ngrumusaké kawicaksanan manca nagara saka nagara-nagara tinamtu. Saliyané èlmu pulitik, gayutan nagarantara uga migunakaké warna-warna babagan èlmu kaya déné ékonomi, sajarah, hukum, filsafat, géografi, sosiologi, antropologi, psikologi, studi-studi budaya sajeroning kajian-kajiané. HI uga nyakup rentang isu kang amba, wiwit globalisasi lan dampak-dampaké marang masarakat lan kadhaulatan nagara, nganti kalestarèn ekologis, proliferasi nuklir, nasionalisme, perkembangan ékonomi, terorisme, kajahatan kang diorganisasèkaké, kaslametan umat manungsa, lan hak-hak asasi manungsa.

Sajarah[besut | besut sumber]

Sajarah gayutan nagarantara sok dianggep diwiwiti saka Bedhamèn Westphalia ing taun 1648, nalika sistem nagara modhèren dikembangaké. Sadurungé, organisasi-organisasi otoritas pulitik abad tengahan Éropa didhasaraké marang tatanan hirarkis kang ora cetha. Westphalia yasa konsèp legal bab kadhaulatan, kang tegesé kuwasa, utawa kadhaulatan-kadhaulatan kang sah ora bakal ngakoni pihak-pihak liya kang duwé kalungguhan kang padha kanthi internal sajeroning wates-wates kadhaulatan wewengkon kang padha. Otoritas Yunani lan Roma kuna kadhangkala mèmper karo sistem Westphalia, nanging kaloroné ora duwé gagasan kadhaulatan kang mirunggan. Westphalia njurung bangkité nagara-bangsa (nation-state), institusionalisasi tumrap diplomasi lan bala. Sistem kang asalé saka Éropa iki diekspor menyang Amérika, Afrika, lan Asia, liwat kolonialisme, lan “standar-standar peradaban”. Sistem nagarantara kontemporer pungkasané diwangun liwat dekolonisasi ing sajeroning mangsa Perang Dingin. Nanging, sistem iki rada keladuk diprasajakaké. Sawetara sistem nagara-bangsa dianggep “modhèren”, isih akèh nagara kang ora kalebu sajeroning sistem mau lan banjur sinebut “pra-modhèren”. Luwih adoh, sawatara nagara wis ngliwati tatanan sistem nagara-bangsa iku lan dianggep “pasca-modhèren”. Tataran analisis sajeroning Hubungan Nagarantara yaiku cara kanggo ngamati sistem nagarantara, kang nyakup tataran individual, nagara-bangsa domestik, tataran nagarantara kang dumadi saka persoalan-persoalan transnasional lan nagarantara tataran global.

Téyori gayutan nagarantara[besut | besut sumber]

(Artikel utama: Téyori gayutan nagarantara)

Apa kang kanthi eksplisit diakoni minangka téyori gayutan nagarantara ora dikembangaké nganti sawisé Perang Donya I, lan dibahas kanthi luwih rinci ing ngisoriki. Nanging, téyori HI duwé tradhisi dawa migunakaké karya èlmu-èlmu sosial liyané.

Téyori[besut | besut sumber]

Èpistemologi lan téyori HI[besut | besut sumber]

Téyori-téyori utama Hubungan Nagarantara antarané yauwi: Realisme, Neorealisme, Idealisme, Liberalisme, Neoliberalisme, Marxisme, Téyori dependensi, Téyori kritis, Konstruksivisme, Fungsionalisme lan Neofungsiionalisme.

Lumrahé, téyori-téyori HI bisa dipérang dadi rong tilikan epistemologis, yaiku tilikan “positivis” lan “pasca-positivis”. Téyori-téyori positivis duwèni tujuan kanggo replikasi métodhe-métodhe èlmu-èlmu sosial kanthi nganalisis dampak kakuwatan-kakuwatan material. Téyori-téyori iki racaké difokusaké marang aspek kaya déné interaksi nagara-nagara, ukuran kakuwatan-kakuwatan militèr, kaseimbangan kakuwasan lan liya-liyané. Epistemologi pasca-positivis nulak idé yèn donya sosial bisa disinaoni kanthi cara kang objektif lan bébas-aji. Epistemologi iki nulak idé-idé sèntral bab neo-realisme/liberalisme, kaya téyori pilihan rasional, kanthi alesan yèn métodhe ilmiah iku ora bisa ditrapaké sajeroning donya sosial lan anggepan yèn HI iku ora bisa dadi èlmu.

Téyori-téyori Positivis[besut | besut sumber]

Realisme Neorealisme

Téyori-téyori pasca-positivis/reflektivis[besut | besut sumber]

Téyori-téyori pascastrukturalis

Institusi-institusi dalam gayutan nagarantara[besut | besut sumber]

Persatuan Bangsa Bangsa[besut | besut sumber]

Cithakan:Deleng uga

PBB iku organisasi nagarantara minangka “himpunan global pamaréntah-pamaréntah kang mènèhi fasilitasi kerjasama sajeroning hukum nagarantara, kaamanan nagarantara, perkembangan ékonomi, lan kasetaraan sosial”. PBB minangka institusi nagarantara kang paling pinunjul. Akèh institusi legal duwèni struktur organisasi kang mèmper karo PBB.