Globalisasi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Budaya mall ing Jakarta. Fénoména mekaripun mall-mall ing sadaya pelosok donya nedahaken sampun dumadosipun globalisasi.

Globalisasi punika satunggiling istilah ingkang gadhah sesambetan kaliyan paningkatan silih-gandhèng lan silih-gumantung antarbangsa lan antarmanungsa ing saindhenging donya lumantar perdagangan, invèstasi, lelampahan, budaya populèr, lan wujud-wujud interaksi ingkang sanès saéngga wates-wates satunggiling nagari dados samar.

Ing kathah perkawis, globalisasi gadhah kathah karakteristik ingkang sami kaliyan internasionalisasi saéngga kakalih istilah punika asring silih-gentos. Sabagéyan pihak asring ngginakaken istilah globalisasi ingkang sesambetan kaliyan saya kirangipun peran nagari utawi wates-wates nagari.

Pangertosan[besut | besut sumber]

Tembung "globalisasi" kapendhet saking tembung global, ingkang tegesipun universal. Globalisasi dèrèng gadhah dhéfinisi ingkang mapan, kejawi namung saugi dhéfinisi karya (working definition), saéngga gumantung saking sisih pundi tiyang mriksani. Wonten ingkang mastani satunggiling prosès sosial, utawi prosès sajarah, utawi prosès alamiah ingkang badhé andadosaken sadaya bangsa lan nagari ing donya tansaya kaiket satunggal kaliyan satunggalipun, mujudaken satunggiling tatanan kagesangan énggal utawi manunggaling ko-éksisténsi kanthi nyingkiraken wates-wates géografis, ékonomi lan budaya masarakat.

Mitos ingkang wonten prekawis globalisasi inggih punika bilih prosès globalisasi badhé ndamel donya dados sragam. Prosès globalisasi badhé mbusek idhéntitas lan jati dhiri. Kabudayan lokal utawi ètnis badhé kauntal déning kekiyatan budaya ageng utawi kekiyatan budaya global.

Panganggep utawi pikiran ing nginggil kasebat boten sadayanipun leres. Kemajengan tèknologi komunikasi saèstu sampun ndamel wates-wates lan let dados ical lan boten wonten ginanipun. John Naisbitt (1988), ing bukunipun ingkang asesirah Global Paradox punika nelakaken prekawis ingkang malah gadhah sipat paradhoks saking fénoména globalisasi. Naisbitt (1988) ngajengaken pokok-pokok pikiran sanès ingkang wujud paradhoks, inggih punika tansaya dados universal, tumindak kita tansaya kasukuan, lan menggalih lokal, tumindak global. Perkawis punika dipunmaksudaken kita kedah mituhu dhumateng perkawis-perkawis ingkang gadhah sipat ètnis, ingkang namung dipundarbèni golongan utawi masarakat punika piyambak ingkang dados modhal pangembangan tumuju donya internasional.

Ing sisih sanèsipun, wonten ingkang mirsani globalisasi punika satunggiling proyèk ingkang kausung déning nagari-nagari adhikuwaos, saéngga saged ugi tiyang gadhah pandhangan négatif utawi sujana dhumateng globalisasi. Saking kacatingal punika globalisasi boten sanès kapitalisme ing wujudipun ingkang paling mutakhir. Nagari-nagari ingkang kiyat lan sugih, tamtu badhé ngendhalèkaken ékonomi donya lan nagari-nagari alit tansaya boten wonten dayanipun amargi boten kuwagang tetandhingan, amargi globalisasi kapara gadhah prabawa ingkang ageng dhumateng perékonomian donya, malahan gadhah prabawa dhumateng babagan-babagan sanès kados déné budaya lan agami.

Ciri globalisasi[besut | besut sumber]

  • Éwah-éwahan ing konsèp ruwang lan wekdal. Tuwuh ngrembakanipun barang-barang kados télpon genggam, télévisi satelit, lan internèt nedahaken bilih komunikasi global dumados saklangkung rikat, sauntawis lumantar mobah-mosikipun massa kados lumantar turismé, andadoskaen kathah perkawis budaya ingkang éwah. Fénoména kamajengan donya internèt sampun ngéwahi kanthi drastis mliginipun ing babagan aksès dhumateng èlmu. Wontenipun ènsiklopèdhi bébas kados déné Wikipédia sampun saged ndhobrak aksès masarakat dhumateng èlmu ingkang suwau katutup lan kedah tumbas, dados gratis, saged dipunmekaraken déning sinten kémawon lan saged dipunundhuh kanthi bébas. Punapa malih ènsiklopedhia punika dipunsadiyakaken ing werni-werni basa (langkung saking 250 basa) ing donya, saéngga langkung nggampilaken aksès lan saged dados satunggiling ciri lan wahana globalisasi.
  • Pasar lan prodhuksi ékonomi ing nagari-nagari ingkang bènten dados gumantung/mbetahaken satunggal lan satunggalipun amargi mekaripun perdagangan internasional, paningkatan prabawa perusahaan multinasional, lan dhominasi organisasi kados World Trade Organization (WTO).
  • Paningkatan interaksi kultural kanthi mekaripun medhia massa (mliginipun télévisi, filem, musik, lan transmisi pawartos lan ulah raga internasional). Sapunika kita saged ngonsumsi lan ngraosaken gagasan lan pangalaman énggal perkawis budaya ingkang saklangkung pepak, upaminipun ing babagan fashion, literatur, lan dedhaharan.
  • Tambahing masalah ingkang sami kanggé sadaya, umpaminipun ing babagan lingkungan ngagesang, krisis multinasional, inflasi regional lan sanèsipun.


Kennedy lan Cohen nelaaken bilih transformasi punika sampun mbeta kita sadaya dhumateng globalisme, satunggiling kasadharan lan pamahaman énggal bilih donya punika satunggal. Giddens negasaken bilih kathah tiyang ingkang uninga manawi sayektosipun dhiri kita tumut mendhet pérangan ing donya ingkang kedah owah tanpa saged dipunkendhalèkaken ingkang dipuntengeri kanthi pangraos lan kawigatosan dhumateng perkawis ingkang sami, éwah-éwahan lan kaanan boten mesthi, sarta kasunyatan ingkang mungel kadadosan. Sesarengan kaliyan punika Peter Drucker nyebataken bilih globalisasi punika jaman transformasi sosial. Saben pinten atus taun ing sajarah manungsa, transformasi ngédap-édabi tansah dumados. Ing sapérangan dasawarsa kémawon, masarakat sampun éwah malih ing pasawangan perkawis donya, aji-aji dhasar, struktur pulitik lan sosial, ugi ing babagan seni. Sèket taun salajengipun muncul satunggaling donya ingkang énggal.

Téyori globalisasi[besut | besut sumber]

Cochrane lan Pain negasaken bilih ing sesambetanipun kaliyan globalisasi, wonten tigang posisi téoritis ingkang saged kapirsani, inggih punika:

  • Para globalis pitados bilih globalisasi punika satunggiling kasunyatan ingkang gadhah konsekuénsi nyata dhumateng kadospundi tiyang lan lembaga ing donya lumampah. Para globalis pitados bilih nagari-nagari lan kabudayan lokal badhé ical kataman kabudayan lan ékonomi global ingkang homogen (sawarni). Éwasemanten, para globalis boten gadhah pendhapat ingkang sami perkawis konsekuénsi dhumateng prosès wau.
  • Para globalis positif lan optimistis nanggapi kanthi saé perkembangan kados punika lan nelakaken bilih globalisasi badhé ngasilaken masarakat donya ingkang toléran lan gadhah tanggel waler.
  • Para globalis pesimis gadhah pendhapat bilih globalisasi punika satunggaling fénoména négatif amargi perkawis kasebat sajatosipun wujud panjajahan kilèn (mliginipun Amérika Sarékat) ingkang meksa sapérangan wangun budaya lan konsumsi ingkang homogen lan katingalipun leres saking njawi. Sapérangan globalis salajengipun minangka golongan kanggé nentang globalisasi (antiglobalisasi).
  • Para tradisionalis boten pitados bilih globalisasi saweg dumados. Para tradisionalis gadhah pendhapat bilih fénoména punika namung mitos utawi, manawi pancèn wonten, namung dipunageng-agengaken. Para tradisionalis ngrujuk bilih kapitalismé sampun dados setunggiling fénoména internasional ingkang dangunipun atusan taun. Punapa ingkang saweg kita alami sapunika namung wujud tahap lajengan, utawi évolusi, saking prodhuksi lan perdagangan kapital.
  • Para transformasionalis wonten ing antawisipun para globalis lan tradisionalis. Para transformasionalis sarujuk bilih prabawa globalisasi sampun dipunlangkung-langkungaken déning para globalis. Nanging, para transformasionalis ugi gadhah pendhapat bilih bodho sanget manawi kita nyangkal kawontenanipun konsèp punika. Posisi téoritis punika gadhah pendhapat bilih globalisasi kedahipun dipunpahami dados "saprangkat sesambetan ingkang wonten kaitanipun setungal lan satunggalipun kanthi murni nglampahi satunggiling kekiyatan, ingkang sapérangan ageng boten dumados kanthi langsung". Para transformasionalis nelakaken bilih prosès punika saged kawalik, mliginipun nalika perkawis kasebat négatif utawi, sakbotenipun, saged dipunkendhalèni.

Sajarah globalisasi[besut | besut sumber]

"Novgorod Torg", satunggiling lukisan déning Appolinary Vasnetsov (1856-1933) ingkang nggambaraken interaksi antarmanungsa lan antarbangsa lumantar perdagangan ing abad kaping 19.

Kathah sejarawan ingkang nyebat globalisasi dados fénoména ing abad kaping 20 punika kasambetaken kaliyan bangkitipun ékonomi internasional. Kamangka interaksi lan globalisasi ing sesambetan antarbangsa ing donya sampun wonten wiwit maabad-abad kapengker. Manawi dipuntelusuri, winih-winih globalisasi sampun tuwuh nalika manungsa wiwit ngenal perdagangan antarnagari watawis taun 1000 lan 1500 M. Ing wekdal punika para pedagang saking Tiongkok lan India wiwit nlusuri nagari sanès nglangkungi margi dharat (umpaminipun kados jalur sutra) utawi margi seganten kanggé dagang.

Fase salajengipun dipuntengeri kanthi dhominasi perdagangan kaum muslim ing Asia lan Afrika. Kaum muslim ndamel jaringan perdagangan ingkang antawisipun ngambah Jepang, Tiongkok, Vietnam, Indonésia, Malaka, India, Pèrsi, pasisir Afrika Wétan, Segara Tengah, Venesia, lan Genova. Kaum pedagang muslim ugi nyebaraken aji-aji agamanipun, asma-asma, abjad, arsiték, aji sosial lan budaya Arab dhumateng warga donya.

Fase salajengipun kanthi tetenger éksplorasi donya kanthi ageng-agengan déning bangsa Éropah. Spanyol, Portugis, Inggris, lan Walandi punika pelopor-pelopor eksplorasi punika. Perkawis punika kasengkuyung ugi kanthi dumadosipun révolusi indhustri ingkang ningkataken keterkaitan antarbangsa donya. Manéka werni tèknologi wiwit pinanggih lan dados dhasar mekaring tèknologi sapunika kados komputer lan internèt. Ing wekdal punika mekar ugi kolonialisasi ing donya ingkang mbeta prabawa ageng dhumateng dhifusi kabudayan ing donya.

Saya mekaring indhustri lan kabetahan dhumateng bahan baku sarta pasar ugi njalari munculing manéka werni perusahaan multinasional ing donya. Ing Indonésia umpaninipun, milai pulitik pintu terbuka, perusahaan-perusahaan Éropah mbikak manéka werni cabangipun ing Indonésia. Freeport lan Exxon saking Amérika Sarékat, Unilever saking Walandi, British Petroleum saking Inggris punika sapérangan contonipun. Perusahaan multinasional kados punika tetep dados ikon globalisasi ngantos sapunika.

Fase salajengipun terus lumampah lan pikantuk momentumipun nalika perang dingin rampung lan kuminisme ing donya runtuh. Runtuhipun kuminisme kadosipun maringi pangleresan bilih kapitalisme punika margi paling saé kanggé mujudaken kasejahtraan donya. Implikasinipun, nagari-nagari ing donya milai nyawisaken dhiri dados pasar ingkang bébas. Perkawis punika kasengkuyung ugi kanthi mekaring tèknologi komunikasi lan transportasi. Kasilipun, sekat-sekat antarnagari milai boten cetha.

Réaksi masarakat[besut | besut sumber]

Gerakan pro-globalisasi[besut | besut sumber]

Pannyengkuyung globalisasi (asring ugi ingaran pro-globalisasi) nganggep bilih globalisasi saged ningkataken kasejahtraan lan kamakmuran ékonomi masarakat donya. Para panyengkuyung lelandhesan téyori kaunggulan komparatif ingkang kacetusakan déning David Ricardo. Téyori punika nelakaken bilih satunggiling nagari lan nagari sanès silih gumantung lan saged silih nguntungaken setunggaul kaliyan satunggalipun, lan salah satunggal wujudipun inggih punika silih gumantung ing babagan ékonomi. Kekalih nagari saged melakukan transaksi pertukaran selaras kaliyan kaunggulan komparatif ingkang dipungadhahi. Umpaminipun, Jepang gadhah kaunggulan komparatif ing produk kodhak dhigital (saged nyithak langkung èfesien lan mutunipun saé) sauntawis Indonésia gadhah kaunggulan komparatif ing prodhuk kain. Kanthi téyori punika Jepang kaanjuraken kanggé ngendhegaken prodhuksi kainipun lan nggantos faktor-faktor prodhuksinipun kanggé maksimalaken prodhuksi kodhak dhigital, lajeng nutupi kekirangan panawaran kain kanthi mundhut saking Indonésia, makaten ugi kosok wangsulipun.

Salah satunggiling panyandhet utami dumadosipun kerjasama wau inggih punika wontenipun larangan-larangan lan kawicaksanan protèksi saking pamaréntah satunggaling nagari. Ing satunggil sisih, kawicaksanan punika saged ngreksa prodhuksi lebet nagari, nanging ing sanès sisih, perkawis badhé ningkatipun ragad prodhuksi barang impor saéngga awrat nembus pasar nagari ingkang dipuntuju. Para pro-globalisme boten sarujuk wontenipun protèksi lan larangan wau. Para pro-globalisme péngin dipunleksanaaken kawicaksanan perdagangan bébas saéngga regi barang-barang saged dipuntekan, akibatipun panyuwunan bakal mundhak. Amargi panyuwunan mundhak, kamakmuran badhé mundhak lan makaten saterusipun.

Sapérangan golongan pro-globalisme ugi ngritik Bank Donya lan IMF, kanthi pendhapat bilih kalih badan kasebat namung ngontrol lan ngaliraken dana dhumateng satunggaling nagari, sanès dhumateng satunggaling koprasi utawi perusahaan. Minangka asilipun, kathah silihan ingkang dipunparingaken dhawah ing tangan para diktator ingkang salajengipun nylèwèngaken lan boten migunakaken dana kasebat kados mesthinipun, nilar rakyatipun wonten ing lilitan utang nagari, lan ndadosaken tingkat kamakmuran tansaya mandhap. Amargi tingkat kamakmuran tansaya mandhap, mila masarakat nagari punika kapeksa ngirangi tingkat konsumsinipun; kalebet konsumsi barang impor, saéngga laju globalisasi bakal kacandhet lan—miturut golongan pro-globalisme—ngirangi tingkat kasejahtraan kang ndunungi donya.

Gerakan antiglobalisasi[besut | besut sumber]

Artikel utama: antiglobalisasi
Gerakan antiglobalisasi

Antiglobalisasi punika satunggaling istilah ingkang umum dipun-ginakaken kanggé maparaken sikap pulitis tiyang-tiyang lan golongan ingkang nentang prajanjèn dagang global lan lembaga-lembaga ingkang ngatur perdagangan antarnagari kados Organisasi Perdagangan Donya (WTO).

"Antiglobalisasi" dipunanggep déning sapérangan tiyang minangka obahan sosial, sauntawis sanèsipun nganggep minangka istilah umum ingkang njangkep sapérangan obahan sosial ingkang bènten-bènten. Punapa kémawon maksadipun, para pangikut antiglobalisasi dipunmangunggalaken ing perlawanan dhumateng ékonomi lan sistem perdagangan global sapunika ingkang miturut tiyang-tiyang punika ngikis lingkungan gesang, hak-hak buruh, kadhaulatan nasional, donya katiga, lan kathah malih jalaran-jalaran sanèsipun.

Nanging, tiyang-tiyang ingkang dipunparingi cap "antiglobalisasi" asring nulak istilah punika lan langkung remen nyebat dhirinipun minangka Gerakan Kaadilan Global, Gerakan saking Sedaya Gerakan utawa sapérangan istilah sanèsipun.

Globalisasi Perékonomian[besut | besut sumber]

Dhatengipun tenaga makarya asing punika satunggaling tandha-tandha dumadosipun globalisasi tenaga makarya

Globalisasi perékonomian wujud satunggaling prosès kagiyatan ékonomi lan perdagangan, ing pundi nagari-nagari ing saindhenging donya dados satunggal kekiyatan pasar ingkang saya karintegrasi tanpa alangan wates téritorial nagari. Globalisasi perékonomian ngedahaken pambusakkan sadaya watesan lan rerendhetan dhumateng arus modhal, barang lan jasa.

Nalika globalisasi ékonomi dumados, wates-wates satunggaling nagari badhé dados kabur lan keterkaitan antawisipun ékonomi nasional kaliyan perékonomian internasional badhé tansaya kenceng. Globalisasi perékonomian ing satunggal pihak badhé mbikak peluang pasar prodhuk saking lebet nagari nuju pasar internasional kanthi kompetitif, kosok wangsulipun ugi mbikak peluang mlebetipun prodhuk-prodhuk global mlebet pasar domestik.

Miturut Tanri Abeng, pawujudan nyata saking globalisasi ékonomi antawisipun dumados ing wangun-wangun:

  • Globalisasi prodhuksi, perusahaan ndamel prodhuksi ing kathah nagari, kanthi sasaran supados biyaya prodhuksi dados langkung asor. Perkawis punika dipunlampahi kanthi saé amargi opah buruh ingkang asor, tarif béya mlebet ingkang mirah, infrastruktur ingkang nyekapi utawi amargi iklim usaha lan pulitik ingkang kondhusif. Donya ing perkawis punika dados lokasi manufaktur global.
  • Globalisasi pambiyayan. Perusahaan global gadhah aksès kanggé pikantuk silihan utawi ndamel invèstasi (ing wangun portofolio utawi langsung) ing sadaya nagari ing donya. Minangka conto, PT Telkom salebetipun ngathahaken ékan sambungan tèlpon, utawi PT Jasa Marga salebetipun miyaraken jaringan margi tol sampun manfaataken sistem pambiyayan kanthi pola BOT (build-operate-transfer) sesarengan mitrausaha saking manca nagari.
  • Globalisasi tenaga makarya. Perusahaan global badhé saged manfaataken tenaga makarya saking saindhenging donya selaras kaliyan kelasipun, kados panggunaan staf profésional dipunpundhut saking tenaga makarya ingkang sampun gadhah pangalaman internasional utawi buruh kasar ingkang saged dipunpendhet saking nagari tumuwuh. Kanthi globalisasi mila human movement badhé saya gampil lan bébas.
  • Globalisasi jaringan informasi. Masarakat sawijining nagari kanthi gampil lan énggal pikantuk informasi saking nagari-nagari ing donya amargi kemajengan tèknologi, antawisipun langkung: TV,radhio,médhia cithak lsp. Kanthi jaringan komunikasi ingkang saya majeng sampun mbiyantu wiyaripun pasar nuju manéka warni wilahan donya kanggé barang ingkang sami. Minangka conto: KFC, clana jeans levi's, utawi hamburger wonten ing pasar pundi kémawon. Akibatipun selera masarakat donya -ingkang dhomisilinipun ing kitha utawa ing dhusun- nuju ing selera global.
  • Globalisasi Perdagangan. Perkawis punika mawujud ing wangun panurunan lan penyeragaman tarif sarta pambusakan manéka warni rerendhet nontarif. Kanthi makaten kagiyatan perdagangan lan persaingan dados sansaya énggal, ketat, lan fair.

Thompson nyathet bilih kaum globalis ngeklaim wekdal punika sampun dumados sawijining intensifikasi kanthi rikat ing investasi lan perdagangan internasional. Umpaminipun, kanthi nyata perékonomian nasional sampun dados péranganing perékonomian global ingkang ditengarai kaliyan wontenipun kakiyatan pasar donya.

Kasaéan globalisasi ékonomi[besut | besut sumber]

  • Produksi global saged dipuntingkataken

Pandangan punika selaras kaliyan téyori 'Kauntungan Komparatif' saking David Ricardo. Langkung spésialisasi lan perdagangan faktor-faktor prodhuksi donya saged dipun-ginakaken kanthi langkung èfesién, output donya nambah lan masarakat badhé pikantuk kauntungan saking spésialisasi lan perdagangan ing wangun pendapatan ingkang saya mundhak, ingkang salajengipun saged ugi ningkataken pamblanjan lan tabungan.

  • Ningkataken kamakmuran masarakat ing satunggaling nagari

Perdagangan ingkang langkung bébas mungelaken masarakat saking sapérangan nagari ngimpor langkung kathah barang saking njawi nagari. Perkawis punika njalari konsumen gadhah pilihan barang ingkang langkung kathah. Sasanèsipun punika konsumen ugi saged nikmati barang ingkang langkung saé kanthi regi ingkang langkung mirah.

  • Miyaraken pasar kanggé prodhuk lebet nagari

Perdagangan njawi nagari ingkang langkung bébas mungelaken saben nagari pikantuk pasar ingkang langkung wiyar saking pasar lebet nagari.

  • Saged pikantuk langkung kathah modhal lan tèknologi ingkang langkung saé

Modhal saged dipunpendhet saking investasi asing lan mliginipun dipunnikmati déning nagari-nagari tumuwuh amargi masalah kekirangan modhal lan tenaga ahli sarta tenaga kadhidhik ingkang gadhah pengalaman kathahipun dipunadhepi déning nagari-nagari tumuwuh.

  • Nyawisaken dana tambahan kanggé pambangunan ékonomi

Pambangunan séktor indhustri lan sapérangan séktor sanèsipun boten namung dipunkembangaken déning perusahaan asing, nanging mliginipun liwat investasi ingkang dipunlampahi déning perusahaan swasta dhomestik. Perusahaan dhomestik punika asring mbetahaken modhal saking bank utawi pasar saham. Dana saking njawi nagari utamanipun saking nagari-nagari majeng ingkang nglebeti pasar arta lan pasar modhal ing lebet nagari saged mbiyantu nyawisaken modhal ingkang dipunbetahaken wau.

Awonipun globalisasi ékonomi[besut | besut sumber]

  • Ngrendheti tuwuhing séktor indhustri

Salah satunggaling èfèk saking globalisasi inggih punika tuwuhing sistem perdagangan njawi rangkah ingkang langkung bébas. Tetuwuhan punika njalari nagari-nagari tumuwuh boten saged malih ngginakaken tarif ingkang inggil kanggé maringi protèksi dhumateng indhustri ingkang nembé tuwuh (infant industry). Kanthi punika perdagangan njawi rangkah ingkang langkung bébas nimbulaken rendhetan dhumateng nagari tumuwuh kanggé majengaken séktor indhustri dhomestik ingkang langkung rikat. Sasanèsipun punika katergantungan dhumateng indhustri-indhustri ingkang dipungadhahi perusahaan multinasional sangsaya mundhak.

  • Ngawoni neraca pambayaran

Globalisasi kapara minggahaken barang-barang impor. Sawalikipun, manawi satunggaling nagari boten kuwagang bersaing utawi tetandhingan, pramila èkspor boten saged tuwuh. Kawontenan punika saged ngawonaken kondhisi neraca pambayaran. Èfèk awon sanès saking globaliassi dhumateng neraca pambayaran inggih punika pambayaran néto pendhapatan faktor prodhuksi saking njawi nagari kapara ngraosaken dhéfisit. Invèstasi asing ingkang saya kathah ndadosaken ilèn pambayaran kauntungan (pendhapatan) invèstasi dhateng njawi nagari sangsaya mundhak. Boten tuwuhipun èkspor saged ndadosaken awonipun neraca pambayaran.

  • Séktor kauangan sangsaya boten stabil

Salah satunggalipun èfèk wigatos saking globalisasi inggih punika pangaliran invèstasi (modhal) portofolio ingkang saya ageng. Invèstasi punika mliginipun ngambah partisipasi dana njawi nagari dhateng pasar saham. Nalika pasar saham saweg mundhak, dana punika badhé mili mlebet, neraca pambayaran tambah kathah lan regi artos badhé tambah saé. Kosokwangsulipun, nalika regi-regi saham ing pasar saham sangsaya mandhap, dana lebet nagari badhé mili dhateng njawi nagari, neraca pambayaran kapara dados tambah awon lan regi artos dhomestik mrosot. Kawontenan boten stabil ing séktor kauwangan punika saged nimbulaken èfèk awon dhumateng kastabilan kagiyatan ékonomi kanthi kaselruhan.

  • Ngawoni prospèk tuwuhing ékonomi jangka panjang

Manawi perkawis-perkawis ingkang dipuntelakaken ing nginggil lumampah ing satunggaling nagari, mila ing jangka cekak tuwuhing ékonomini dados boten stabil. Ing jangka panjang tetuwuhan ingkang kados punika badhé ngirangi lajunipun tuwuhing ékonomi. Pendhapatan nasional lan kasempatan nyambut damel badhé sangsaya rendhet tuwuhipun lan masalah pangangguran boten saged dipunatasi utawi malah sangsaya awon. Ing pungkasanipun, manawi globalisasi nimbulaken èfèk awon dhumateng prospèk tuwuhing ékonomi jangka panjang satunggaling nagari, distribusi pendapatan dados sangsaya boten adil lan masalah sosial-ékonomi masarakat sangsaya awon.

Globalisasi kabudayan[besut | besut sumber]

Tata busana Harajuku saking Jepang ingkang dados 'ikon' kaum mudha mudhi donya punika satunggaling conto dumadosipun globalisasi kabudayan.

Globalisasi maringi prabawa dhumateng mèh sadaya aspèk ingkang wonten ing masarakat, kalebet ing antawisipun aspèk budaya. Kabudayan saged ateges aji-aji (values) ingkang dipunanut déning masarakat utawi persèpsi ingkang dipundarbèni déning warga masarakat dhumateng perkawis ingkang pepak. Aji-aji utawi persèpsi wonten sesambetanipun kaliyan aspèk-aspèk kajiwan/psikologis, inggih punika punapa ingkang wonten ing alam pikiran. Aspèk-aspèk kajiwan punika dados wigatos tegesipun manawi dipunsadhari, bilih tindak tanduk satunggaling tiyang sanget dipunprabawai déning punapa ingkang wonten ing alam pikiran tiyang wau. Conto salah satunggiling asil pamikiran lan panemon wau inggih punika kasenian, ingkang wujud subsistem saking kabudayan.

Globalisasi ingkang dados satunggaling tandha-tandha nyebaripun aji-aji lan budaya tartamtu dhumateng donya sadaya (saéngga dados budaya donya utawi world culture) sampun katingal wiwit rumiyin. Cikal bakal saking panyebaran budaya donya punika saged katelusuri saking lelampahan para panjlajah Éropah Kilèn tumuju kathah papan ing donya punika (Lucian W. Pye, 1966).

Nanging, pamekaran globalisasi kabudayan kanthi inténsif dumados ing awal abad kaping 20 kanthi mekaripun tèknologi komunikasi. Kontak langkung medhia nggantosaken kontak fisik kanggé srana utama komunikasi antarbangsa. Éwah-éwahan kasebat ndadosaken komunikasi antarbangsa langkung gampil dipunlampahi, perkawis punika ndadosaken sangsaya énggalipun pamekaran globalisasi kabudayan.

Ciri mekaripun globalisasi kabudayan[besut | besut sumber]

  • Mekaring silih gentos kabudayan internasional.
  • Panyebaran prinsip multikabudayan (multiculturalism), lan gampilipun aksès satunggaling individu dhumateng kabudayan sanès ing njawi kabudayanipun.
  • Mekaring turisme lan plesiran.
  • Saya kathahing imigrasi saking satunggaling nagari tumuju nagari sanès.
  • Mekaring modhe ingkang gadhah skala global, kados sandhang, filem lan sanès-sanèsipun.
  • Nambah kathahipun prastawa-prastawa kanthi skala global, kados Piala Donya FIFA.

Ugi pirsani[besut | besut sumber]

Pranala njawi[besut | besut sumber]