Évolusi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Évolusi dhasaré duwé teges prosès owah-owahan kang suwéné tinentu. Ing konteks biologi modhérn, évolusi tegesé owahé frekuensi gén ing sawijining populasi. Akumulasi owahé gen iki njalari dumadine owahé makluk kang urip. Éwadéné téyori evolusi mesthi diasosiasèké karo Charles Darwin, nanging sanyatané gagasan téyori évolusi wis berakar kawit jaman Aristoteles. Éwadéné mangkono, Darwin iku ilmuwan pisanan kang nyetusaké téyori évolusi sing wis akèh kaboktèkaké mapan ngadhepi test-test ilmiah ("scientific testing"). Tekan saiki, téyori évolusi Darwin kang dumadi amarga seleksi alam, iku téyori paling apik lan kemungkinan besar bakal tetep mangkono ing mangsa ngarep[1]

Tokoh Évolusi[besut | besut sumber]

The Darwin-Wallace medali katerbitaké déning Linnean society ing riyaya 50 taun panerbitan Darwin and Wallace téyori bab seleksi alam

Carolus Linnaeus, panggagas sistem klasifikasi biologi modhérn, nunjukaké manawa kabèh kauripan donya bisa kaatur ing hiérarki kang, manawa digambaraké ing wangun dhiagram, mèmper silsilah. Sawisé Linnaeus, para naturalis asring nanggep manawa makluk urip padha 'berkerabat' nanging makluk urip mau durung mangerti apa sebabé.

Jean Baptiste de Lamarck, sawijining naturalis saka Prancis, iku ilmuwan pisanan sing ngajukaké gagasan dumadiné owah-owahan tumrap makluk urip bebarengan karo wektu amarga saka prabawa lingkungan.

Gregor Mendel iku pendeta lan ilmuwan saka Ceko, kang nyinaoni èlmu keturunan. Kanthi ngobservasi utawi nliti kacang polong pirang-pirang taun suwené, Mendel njupuk kesimpulan manawa ana sawijining patron ning keturunan. Asil penyelidikan Mendel dadi dhasar èlmu genetika.

Charles Darwin iku naturalis Inggris kang mèlu ekplorasi kapal HMS Beagle kanggo nggawé péta pelabuhan donya ing taun 1831. Sakwéné perjalanan iku Darwin nliti kéwan werna-werna lan tetanduran kang ditemoni. Darwin ana ing Kapuloan Galapagos kurang luwih 2 sasi lan nglakoni werna-werna pangamatan tumrap werna-werna kéwan kang ana ing kapuloan terpencil iku. Seka pangamatan iki, lan uga werna-werna pangamatan terusané kang dilakoni sakjroné puluhan taun tumrap koléksi kéwan lan tetanduran kang diéntuki iku Darwin nggawé embrio téyori évolusi. Ing taun 1859, Darwin nerbitaké "On the Origin of Species by means of Natural Selection", kang nyajèkaké bukti-bukti kang nunjukaké manawa kauripan wis ngalami évolusi sakjrone sajarahé lan manawa mékanisme kang njalari dumadiné évolusi iku seleksi alam.

Alfred Russel Wallace iku naturalis Inggris kang sugeng samangsa Darwin. Wallace sacara kapisah uga mikiraké téyori évolusi idhentik kaliyan Darwin. Darwin lan Wallace cekap suwé koréspondhensi sacara ilmiah. Wallace malah akèh ngirim spésies-spésies panemon anyar saka Asia tinuju Darwin supaya ditliti. Wallace téyori bab évolusi, miturut dhèwèké, iku asil pamikiran kang tumeka sacara spontan. Ing pihak liya, téyori évolusi Darwin iku asil pamikiran sacara métodis kan suwéné mataun-taun. Ironisé, Darwin dadi misuwur banget tinimbang Wallace dhéwé. Nanging, Wallace iku pambela Darwin lan téoriné ing mangsa kontrovérsial sawisé buku "The Origin of Species" katerbitaké.

Éwadéné gagasan évolusi (manawa makhuk urip malèh sacara berangsur-angsur) wis kadhiskusèkaké adoh sadurungé abad kaping 19, Darwin lan Wallace iku kang pisanan nyetusaké kepriyé prosès évolusi iku dumadi.

Miturut Ernst Mayr (2001), Darwin ngajokaké limang téyori perkara évolusi:

  1. Manawa kauripan ora langgeng kawit awal kaanané
  2. Pepadhan leluhur kanggo kabèh makluk urip
  3. Évolusi duwé sipat gradual (berangsur-angsur)
  4. Dumadiné pertambahan jumlah spésies lan percabangan garis katurunan
  5. Seléksi alam iku arupa mékanisme évolusi

Garis Besar[besut | besut sumber]

Darwin Finches

Évolusi njelasaké sajarah makluk urip, kéwan, tetanduran, jamur (fungi), mikroba. Bukti panyengkuyungé akèh banget lan asalé saka manéka warna cabang biologi: hiérarki taksonomi kaya kang katemokaké Linnaeus lan para panerusé, fosil-fosil kang nunjukaké manawa kauripan ing mangsa biyèn béda wanguné karo kauripan mangsa saiki, nganti bukti génétika kang nunjukaké pepadhan antarané manéka warna makluk urip. Saiki évolusi bisa dikandhakaké wis dadi téyori sentral ing biologi modhérn—ora luput manawa ahli génétika Theodosius Dobzhansky ngendika, "Nothing in biology makes sense except in the light of evolution".

Cucuk manuk finch (sakjinis manuk manyar) dadi topik pamikiran Darwin kang ndhasari évolusi téoriné (priksani gambar)[2]. Nalika manggon ing kapuloan Galapagos, péranganing ekspedhisi HMS Beagle, Darwin mriksani manawa cucuk manuk finch béda-béda, gumantung saka pulo ngendi asalé. Iki salah sawijining conto kepriyé manuk finch nyesuèkaké dhiri karo kondhisi pulo kang béda-béda. Contoné, ing pulo sijiné, cucuk manuk finch kuwat lan cendhak lan cocog kanggo mecah kulit kacang sing atos. Ing pulo liyané, cucuk manuk finch luwih dawa sithik lan luwih tipis, cocog kanggo ngisep jinis panganan kang ana ing pulo iku. Perkara iki njalari Darwin mikir sawijining kamungkinan manawa manuk finch ora kaciptaaké mangkono waé, ananging ngliwati prosès adhaptasi.

Wektu iku faktor penting ing évolusi. Prosès évolusi merlokaké wektu kang suwé banget. Miturut Darwin, ana loro mekanismé kang ndhasari évolusi. Angka siji, prosès évolusi nggawa spésies kang ana duwé interaksi karo kondhisi ékologiné. Contoné, amarga asil évolusi, sapérangan manuk duwé cucuk kang mung bisa dinggo ngisep madu kembang. Sakwéné kembang iku isih sumadya, manuk iku bakal urip. Nanging, manawa kembang iku, amarga ana sebabé, cures, manuk iku kamungkinan gedhé bakal cures uga. Mékanisme kang angka loro ya iku kalairan spésies anyar saka asil variasi ing spésies kang ana. Iki dumadi manawa sawijining grup mahluk urip dadi kapisah lan ing pungkasané duwé gaya urip kang béda banget. Conto klasik ya iku manuk finch ing dhuwur. Asal mulané, nénék moyang manuk saka manéka warna pulo ing Galapagos iku asalé saka dharatan Amérika Kidul. Amarga mencar ing manéka warna pulo, manuk iku pungkasané ngembangaké gaya urip kang béda-béda. Wéktu (ngliwati akèh génerasi manuk) lan perjuangan kanggo urip (survival) iku rong perkara kang dibutuhaké kanggo nglairaké génerasi anyar manuk finch. Wektu kang luwih dawa manèh lan ngliwati prosès sing padha, miturut Darwin bakal bisa njelasaké évolusi saka kabèh mahluk urip ing muka bumi kang asalé saka siji "common ancestor".

Sapérangan Salah Paham bab Evolusi[besut | besut sumber]

Famili Hominidae kang asalé saka nénék moyang sing padha
  • Évolusi dudu, kaya kang dikira akèh wong, nelaaké manawa 'manungsa asil évolusi saka munyuk'. Nanging, manungsa lan munyuk kang ana saiki duwé "moyang sing padha". Pangertèn "moyang" iki kudu dipahami kanthi moyang sacara fisik, dudu spiritual, paling ora nganti saiki.
  • Évolusi ora duwé pangertèn nggawé makluk urip tambah apik utawa tambah intelèk. Contoné, ula iku asil évolusi prosès saka sakjinis kadhal kang wis ora merlokaké 'tangan' lan 'sikil'.
  • Évolusi ora duwé tujuan tinentu. Organismé iku asil saka mutasi kang suksès, utawa gagal, gumantung saka kondhisi lingkungan wektu iku.
  • Manungsa ora duwé papan kang mirunggan ing "wit évolusi". Kita namung salah sawijining cabang saka wit iku.
  • Évolusi ora mandheg. Évolusi iku prosès basis saka bilogi lan terus berlangsung.
  • Akèh sing ngandhakaké manawa ora ana bukti-bukti évolusi. Evolusi wis akèh ditliti/diobservasi ing laboratorium utawa saka bukti-bukti fosil.

Sosial Kontrovérsi Évolusi[besut | besut sumber]

Kawit saka publikasi buku Darwin "The Origin of Species, évolusi éntuk akèh kritik lan dadi téma kang kontrovérsial. Nanging, kontrovérsi iki lumrahé sekitar implikasi saka téyori évolusi ing babagan filsafat, sosial, lan agama. Ing komunitas ilmuwan, téyori évolusi wis ditampa sacara wiyar lan ora ngéntuki tantangan. Kaya kang wis dipredhiksi déning Darwin, implikasi kang paling kontrovérsial ya iku évolusi manungsa. Khususé, akèh kang ora nrima manawa samudaya jinis makluk urip, kalebet manungsa, asalé saka prosès alam kang orang merlokaké campur tangan déwa-déwa, kalebet Tuhan. Aliran kang asring kaanggep berlawanan karo téyori évolusi ya iku panciptan (ciptaanisme utawa creationism ing basa Inggris) kang percaya manawa makluk urip lan samudaya jinisé kaciptaaké déning Tuhan, sacara kapisah (ora ana pepadhan leluhur, utawa manawa sakjinis makluk urip ora diturunaké saka jinis makluk urip liya). Ciptaanisme pisanan muncul ing kalangan Kristen literalis kang ora bisa nampa évolusi amarga dianggep bertentangan karo narasi kisah panciptan pitung dina ing Kitab Purwaning Dumadi ing Prajanjian Lawas, nanging samburiné muncul uga ing kalangan Islam (meski saknyatané ing al-Qur'an ora ana narasi panciptan spesifik kaya ing Purwaning Dumadi). Panyebab panolakan sapérangan kalangan beragama kasebut mungkin amarga anggepan manawa évolusi ngilangaké 'peran Tuhan' ing panciptan, utawa malah manawa évolusi nyokong atéisme, sanajan évolusi sebagai sains ora bisa nyampuri perkara tindakan ilahi, kang ana ing ranah kaimanan, tegesé ana ing njaba sains.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ White, Michael & Gribbin, John: "Darwin: A Life in Science", Simon & Schuster, London, 1995.
  2. ^ Bryson, B: "A Short History of Nearly Everything", Transworld, London, 2003.