Organisasi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Organisasi Kemahasiswaan ing Lithuania

Organisasi (Yunani: ὄργανον, organon - piranti) ya iku golongan wong ing sawijining wadhah kang duwé ancas padha.[1].

Ing ngèlmu-ngèlmu sosial, organisasi disinau déning peneliti saka pirang-pirang babagan ngèlmu, mliginé sosiologi, ékonomi, ngèlmu pulitik, psikologi, lan manajemen.[1] Kajian ngenani organisasi kerep diarani studi organisasi (organizational studies), prilaku organisasi (organizational behaviour), utawa analisa organisasi (organization analysis).[1]

Definisi[besut | besut sumber]

Ana pirang-pirang téyori lan perspektif ngenani organisasi, ana kang cocog antarané siji lan liyané, lan uga ana kang béda.[1] Organisasi dhasaré digunakae minangka panggonan utawa wadhahe wong-wong kang padha kumpul, bekerjasama kanthi rasional lan sistematis, terencana, terorganisasi, terpimpin lan terkendali, nalika manfaatake sumber daya (uang, material, mesin, metode, lingkungan), sarana-parasarana, data, lan liyané kang digunakaké kanthi efisien lan efektif kanggo nggayuh ancas organisasi.[1]

Minurut para ahli ana pirang-pirang pengertian organisasi.

  • Stoner kandha yèn organisasi ya iku pola gegayutan-gegayutan kanthi lumantar wong-wong kang ana ing ngisore pengarahan wong dhuwuran kanggo nggayuh ancas bebarengan [2].
  • James D. Mooney kandha yèn organisasi ya iku wujud saben perserikatan manungsa kanggo nggayuh ancas bebarengan [3].
  • Chester I. Bernard duwé panyaruwe yèn organisasi minangka sawijining sistem aktivitas kerja sama kang ditindakake déning wong loro utaa luwih[4].
  • Stephen P. Robbins kandha yèn Organisasi ya iku nyawijining (entity) sosial kang dikoordinasikake kanthi sadhar, kanthi sawijining watesan kang relatif bisa diidentifikasi, kang bekerja adhedhasar kang relatif terus kanggo nggayuh swijining ancas bebarengan utawa saklompok ancas.[5].

Chathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e Keith Davis, Human Relations at Work, (New York, San Francisco, Toronto, London: 1962).Hlm.15-19
  2. ^ Singarimbun, Masri lan Sofyan Efendi. 1976. Understanding Practice and Analysis. New York: Random House.Hlm. 132
  3. ^ D, Ratna Wilis. 1996. Teori-Teori Belajar. Jakarta: Penerbit Erlangga.Hlm. 56
  4. ^ Horton, Paul B. dan Chester L. Hunt. 1984. Sociology. Edisi keenam. International Student Edition. Tokyo: Mc.Graw-Hill Book Company Inc.Hlm. 89
  5. ^ Stephen P.Robbins. Teori Organisasi Struktur, Desain, dan Aplikasi, (Jakarta: Arcan: 1994), hlm.4