Teuku Umar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Teuku Umar
Teuku Umar.jpg
Lair 1854
Meulaboh
Pati 11 Fèbruari 1899
Meulaboh
Kondhang ing Pahlawan Nasional Indonésia

Teuku Umar (Meulaboh, 1854-Meulaboh, 11 Fèbruari 1899) ya iku pahlawan kamardhikan Indonésia kang mimpin perang gerilya ing Acèh nalika jaman Walanda.[1] Teuku Umar iku bojone salah siji pahlawan nasional Indonésia, Cut Nyak Dhien.[1] Dhèwèké kapundhut nalika bala Walanda nyerang Meulaboh, mayitipun disarekake ing Mugo.[1]

Asal-usul[besut | besut sumber]

Teuku Umar lair ing laladan Meulaboh,Acèh Barat nalika taun 1854.[1] Asmane bapake ya iku Ahmad Mahmud keturunan Uleebalang, Meulaboh.[1] Buyute Umar asalé saka keturunan Minangkabau ya iku Datuk Makudum Sati.[1] Salah sijining keturunane Datuk Makudum Sati prenah nduwé jasa marang Sultan Acèh nalika kena ancaman saka Panglima Sagi sing péngin ngrebut palungguhane.[1] Nalika umur 20 taun, Teuku Umar kawin karo Nyak Sopiah, anak Uleebalang, Glumpang.[2] Teuku umar kawin karo Cut Nyak Dhien, sing nalika iku lagi baé dadi randa anyaran amarga bojone, Teuku Ibrahim Lamnga, kapundhut nalika nglawan Walanda.[3] Saka Cut Nyak Dhien, Teuku Umar nduwé anak wadon siji kang dijenengi Cut Gambang.[3]

Riwayat Perjuangan[besut | besut sumber]

Karir sing paling kondhang dilakoni déning Teuku Umar ya iku strategi perange nalika perang nglawan Walanda. Tanggal 5 April 1873, Walanda lan prajurite kang cacahé 3000 nyerang Karajan Acèh Darussalam lan bisa nguwasani tekan Masjid Raya Baiturrahman.[4] Nanging wadyabala Acèh bisa ngampleng balik prajurit Walanda nalika Mayor Jenderal JHR. Kohler ditembak mati.[4] Walanda sing krasa keteteran ngundang bala saka Batavia. Bala-bala rewangan saka Batavia ndadèkaké para pejuang Acèh kalang kabut.[5] Akèh bala Acèh kang palastra ing medan perang, ing antarané ya iku gugure Teuku Ibrahim Lamnga tanggal 29 Juni 1878.[5] Teuku Umar sing tansah mangerteni kaanan pasukane, wusanane duwé penggalih supaya bala Acèh bisa duwé daya kanggo nglawan Walanda, ya iku Teuku Umar ethok-ethok nyerah karo Walanda.[5] Nanging sejatine taktik mau duwé ancas njupuki senjatane bala Kompeni kanthi cara alus.[5] Nalika wis dipercaya, Teuku Umar bali marang wadyabala Acèh kanthi nggawa perbekalan lan persenjataan nganggo kapal Bengkulen.[5]

Akhir Hayat[besut | besut sumber]


Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g [Mardanas Safwan,1981:34]
  2. ^ [Hazil, 1955:48]
  3. ^ a b [H.M. Zainuddin et. al., 1972: 4]
  4. ^ a b [Marwati Djoenoet dan Nugroho Notosusanto,1992: 427]
  5. ^ a b c d e [Ahmad Effendi,1975: 34-35]

i