Sutomo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sutomo
Mantri Tenaga Kerja lan Transmigrasi Republik Indonesia 10
Linggih
27 Agustus 1964 – 26 Maret 1966
PrésidhènSoekarno
Kang sadurungéAhem Erningpradja
Kang sawiséAwaluddin Djamin
Rerincèn dhiri
Lair(1920-10-03)3 Oktober 1920
Nèderlan Surabaya, Jawa Wétan, Hindia Nèderlan
PatiOktober 7, 1981(1981-10-07) (umur 61)
Arab Saudi Padang Arafah, Arab Saudi
BangsaIndhonésia Indonésia
SisihanSulistina Sutomo
AnakBambang Sulistomo
AgamaIslam

Sutomo (lair ing Surabaya, Jawa Wétan, 3 Oktober 1920 – pati ing Padang Arafah, Arab Saudi, 7 Oktober 1981 ing umur 61 taun)[1] luwih misuwur kanthi sebutan Bung Tomo, ya iku pahlawan kang misuwur amarga peranané mbangkitaké semangat rakyat kanggo nglawan Walanda liwat bala NICA. Sutomo lair ing Kampung Blauran, kutha Surabaya. Bapaké kang asma Kartawan Tjiptowidjojo, wis tau nyambut gawé dadi punggawa papréntahan minangka staf pribadi ing siji perusahaan swasta, dadi asisten ing siji kantor pajek lan punggawa cilik ing perusahaan ékspor-impor Walanda[2].

Rikala enom[besut | besut sumber]

Sutomo gedhé ing lingkungan kang seneng marang pendhidhikan. Dhèwèké seneng nyambut gawé kang rekasa kanggo ngowahi nasib. Nalika umuré 12 taun, dhèwèké dipeksa metu saka MULO, Sutomo banjur kerja cilik-cilikan kanggo ngisi wektu. Banjur dhèwèké sêkolah ing HBS nanging ora tau resmi lulus. Sutomo banjur mèlu KBI (Kepanduan Bangsa Indonésia). Saka KBI Sutomo olèh filsafat kepanduan lan kesadaran nasionalis. Nalika umur 17 taun, dhèwèké dadi misuwur amarga kasil dadi wong kang kapindho ing Hindia Walanda kang éntuk peringkat Pandu Garuda[2].

Pamimpin Pêrjuangan Pêrtempuran Surabaya 10 November 1945[besut | besut sumber]

Sutomo tau dadi jurnalis kang suksès. Banjur dhèwèké mèlu golongan-golongan sosial lan pulitik. Nalika dhèwèké kapilih dadi anggota Gerakan Rakyat Baru (1994) kang disponsori Jepang, ora ana kang tepung karo dhèwèké. Nanging kabèh mau kanggo persiapan Sutomo kanggo perané kang wigati ing Oktober lan November 1945, dhèwèké dadi salah siji pamimpin kang ngopyaki lan mbangkitaké semangat rakyat Surabaya, kang nalika iku Surabaya diserang karo bala-bala NICA. Sutomo dikenang déning masarakat amarga seroan-seroané ing giyaran-giyaran radioné[2].

Sawisé kamardikan[besut | besut sumber]

Sawisé kamardikan Indonésia, Sutomo nyemplung ana ing pulitik ya iku taun 1950-an, nanging dhèwèké ora krasa bungah lan banjur ngilang saka kancah pulitik. Ing akir kapemimpinané Soekarno lan kawitan pamerintahané Suharto kang awitané dijurung, Sutomo dadi tokoh nasional manèh[2].

Manéka warna kalungguhan wigati kanagaran wis tau disandhang Bung Tomo. Dhèwèké wis tau njabat dadi Mantri Nagara Urusan Bekas Pejuang Bersenjata/Vèteran lan Mantri Sosial Ad Interim taun 1955-1956 ing jamane Kabinèt Nayakotama Burhanuddin Harahap. Bung Tomo uga dadi anggota DPR taun 1956-1959 kang makili Parté Rakyat Indonésia[2].

Nanging nalika awal taun 1970-an, dhèwèké nentang Orde Baru. Dhèwèké ora sarujuk karo program-program Soeharto saéngga dhèwèké ditahan pamaréntah (11 April 1978) amarga kuatir marang kritik-kritiké. Setahun ditahan, dhèwèké banjur dibebasaké déning Soeharto[2].

Dhèwèké isih seneng marang prakara-prakara pulitik nanging wis ora tau ngaton manèh ing kancah pulitik.

Sutomo iku wong kang tangat marang agama nanging dhèwèké ora tau nganggêp dhèwèké Muslim Salèh, utawa calon pamuka agama. Tanggal 7 Oktober 1981 dhèwèké séda ing Padang Arafah, nalika lagi munggah kaji. Nanging dhèwèké ora dikubur ing Arab, jinazahé digawa menyang Indonésia lan disarèkaké ing Tempat Pemakaman Umum Ngagel ing Surabaya[2].

Gêlar Pahlawan Nasional[besut | besut sumber]

Sawisé pamaréntah didhesek karo Gerakan Pemuda (GP) Ansor lan Fraksi Parté Golkar (FPG) karebèn mènèhi gelar pahlawan marang Bung Tomo tanggal 9 Novémber 2007.[3] Wasanané gelar pahlawan nasional diwènèhaké Bung Tomo ngepasi pèngetan dina Pahlawan tanggal 10 November 2008. Kaputusan iki diumumaké karo Mantri Komunikasi dan Informatika Kabinet Indonésia Bersatu, Muhammad Nuh pada tanggal 2 November 2008 ing Jakarta[4]. Kanggo ngenang Bung Tomo uga, ing taun 2010 stadion anyar ing Surabaya dijenengi Stadion Gelora Bung Tomo.

  1. Frederick, William H. (April 1982). "In Memoriam: Sutomo". Indonésia. Cornell University outheast Asia Program. 33: 127–128. seap.indo/1107016901.
  2. a b c d e f g "Sejarah Bung Tomo". Diarsip saka sing asli ing 2012-05-01. Dibukak ing 2012-06-21.
  3. http://news.okezone.com/index.php/ReadStory/2007/11/09/1/59809/pamaréntah-didésak-beri-gelar-pahlawan-pada-bung-tomo[pranala mati permanèn]
  4. http://www.menkokesra.go.id/content/view/9676/39/[pranala mati permanèn]