Ismail Marzuki
| Ismail Marzuki | |
|---|---|
| Latar wuri | |
| Lair | 11 Mèi 1914 Kampung Bali, Tanah Abang, Jakarta |
| Pati | Mèi 25, 1958
(Umur 44 taun) |
| Jinis Musik | Tembang kabangsaan Indonésia |
| Pakaryan | Komponis Pangripta lelagon |
| Instrumen | Komponis |
Ismail Bin Marzuki (lair ing Kwitang, Senen, Batavia, 11 Mèi 1914 – pati ing Kampung Bali, Tanah Abang, Jakarta, 25 Mèi 1958 ing umur 44 taun) yaiku komponis gedhé Indonésia. Jenengé didadekaké minangka sawijiné pusat seni ing Jakarta yaiku Taman Ismail Marzuki (TIM) ing kawasan Salemba, Jakarta Pusat.
Latar belakang
[besut | besut sumber]Ismail Marzuki lair dan gedhé ing Jakarta saka kulawarga Betawi.
Sumbangan marang musik Indonésia
[besut | besut sumber]Lagu ciptaané karya Ismail Marzuki kang paling populer yaiku Rayuan Pulau Kelapa kang digunakaké minangka lagu penutup pungkasan giyaran saka stasiun TVRI ing masa papréntahan Orde Baru.
Ismail Marzuki èntuk anugerah penghormatan taun 1968kanthi mbukak Taman Ismail Marzuki, sawijining taman lan pusat kebudayan ing Salemba, Jakarta Pusat. Ing taun 2004 dhèwèké dinobatké mdadi salah sawijiné tokoh pahlawan nasional Indonésia.
Dhèwèké sempet madekaké orkes Empat Sekawan. Kejaba iku dikenal publik nalika ngisi musik ing filem Terang Bulan.
Kang ngréka lagu
[besut | besut sumber]Ismail Marzuki sasuwéné iki dipercaya karo masarakat Indonésia minangka pangripta lagu Halo, Halo Bandung kang kawentar. Lagu mau nggambarké gedhéné semangat rakyat Bandung ana ing prastawa Bandung Lautan Api. Nanging satemene sapa pangripta lagu mau kang satemené isih diperdebatkan karo sapéranga masarakat Indonésia.
Taun 1934, Walanda ngedegake Nederlands Indische Radio Omroep Maatshappij (NIROM). Orkes musik Lief Java angsal kalodhangan ngisi acara siaran musik. Nanging, Ismail Marzuki wiwit nyingkurake lagu-lagu Barat, banjur miwiti nyiptakake lagu-lagu piyambak, ing antarane "Ali Baba Rumba", "Ohle le di Kotaraja", lan " Ya Aini".[1]
Lagu-lagu ciptaane banjur direkam ing piringan ireng(gramopon) ing Singapura. Orkes musike gadhah satunggal lagu pambuka(intro) ingkang dipunparingi nama Seet Jaya Islander.[2]
Wonten bab ingkang narik kawigatosan saking lelampahan musikipun Ismail Marzuki. Karya musik ingkang gadhah nada romantis lan patriotik, jebul ya piyambakipun ugi nate nyerat satu nggaling karya komikal, satir, lan parodi, inggih punika lagu "Hari Lebaran" ingkang medalaken tahun 1954.[3]
Lumantar lagu punika, kanthi lucu piyambakipun kados nggambaraken kahanan sosial wekdal samanten ingkang timpang antawisipun para pejabat lan kawula alit. Dinten Lebaran punika dinten kemenangan tumrap sedaya umat Islam sasampunipun ngrampungaken siam ing wulan Ramadan, dipunrayakaken kanthi kumpul kulawarga, dhahar kupat, ngagem ageman enggal, plesiran (dolan), lan sapanunggalipun.[4]
Nanging, ing tengahing kabingahan punika, piyambakipun nyalipakan sindiran alit. Ismail Marzuki nyoroti tumindakipun tiyang-tiyang sugih lan gadah, kalebet para pejabat ingkang gesang sarwa gampil, dene kawula alit kedahipun gesang kanthi sarwa prihatos.[5]
Karya lagu
[besut | besut sumber]- Aryati
- Gugur Bunga
- Melati di Tapal Batas (1947)
- Wanita
- Rayuan Pulau Kelapa
- Sepasang Mata Bola (1946)
- Bandung Selatan di Waktu Malam (1948)
- O Sarinah (1931)
- Keroncong Serenata
- Kasim Baba
- Bandaneira
- Lenggang Bandung
- Sampul Surat
- Karangan Bunga dari Selatan
- Selamat Datang Pahlawan Muda (1949)
- Juwita Malam
- Sabda Alam
- Roselani
- Rindu Lukisan
- Indonésia Pusaka
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "Biografi Ismail Marzuki - Kisah Sang Maestro Musik Indonesia" (ing basa Indonesia). 2016-11-10. Dibukak ing 2025-11-20.
- ↑ "Biografi Ismail Marzuki - Kisah Sang Maestro Musik Indonesia" (ing basa Indonesia). 2016-11-10. Dibukak ing 2025-11-20.
- ↑ Jakarta, Dewan Kesenian (2024-04-05). "Sisi Lain Ismail Marzuki dalam "Hari Lebaran" | Dewan Kesenian Jakarta" (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-11-20.
- ↑ Jakarta, Dewan Kesenian (2024-04-05). "Sisi Lain Ismail Marzuki dalam "Hari Lebaran" | Dewan Kesenian Jakarta" (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-11-20.
- ↑ Jakarta, Dewan Kesenian (2024-04-05). "Sisi Lain Ismail Marzuki dalam "Hari Lebaran" | Dewan Kesenian Jakarta" (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-11-20.
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Ismail Marzuki
- Ismail Marzuki (1914-1958): Komponis Pejuang Legendaris Archived 2010-05-27 at the Wayback Machine.
| Artikel biografi Indonésia iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Nurdyansa. (2025, 5 November). Biografi Ismail Marzuki – Kisah Sang Maestro Musik Indonesia. BiografiKu.com. Diakses 20 November 2025, dari https://www.biografiku.com/biografi-ismail-marzuki-sang-maestro/ [1]
Dewan Kesenian Jakarta. (2024, 11 April). Sisi Lain Ismail Marzuki dalam “Hari Lebaran”. DKJ.or.id. Diakses 20 November 2025, dari https://dkj.or.id/sisi-lain-ismail-marzuki-dalam-hari-lebaran/ [2]
- ↑ "Biografi Ismail Marzuki - Kisah Sang Maestro Musik Indonesia" (ing basa Indonesia). 2016-11-10. Dibukak ing 2025-11-20.
- ↑ Jakarta, Dewan Kesenian (2024-04-05). "Sisi Lain Ismail Marzuki dalam "Hari Lebaran" | Dewan Kesenian Jakarta" (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-11-20.