Teuku Mohammad Hasan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Teuku Mohammad Hasan
Mr T.M. Hasan.jpg
Mr. Teuku Muhammad Hasan
Gubernur kapisan Sumatera
Lungguh
1945 – 1949
Kadhisiki Jabatan Anyar
Kagantèni Jabatan Diilangi
Menteri Pendhidhikan lan Kebudayaan
Lungguh
1948 – 1949
Kadhisiki Ali Sastroamidjojo
Kagantèni Sarmidi Mangunsarkoro
Menteri Agama
Lungguh
1948 – 1949
Kadhisiki Masjkur
Kagantèni Masjkur
Rerincèn priangga
Lair (1906-04-04)April 4, 1906
Nèderlan Pidie, Acèh, Indhiya Nèderlan
Pati Sèptèmber 21, 1997(1997-09-21) (umur 91)
Indonésia Jakarta, Indonésia
Almamater Leiden University
Agama Islam

Teuku Muhammad Hasan ya iku Gubernur Wewengkon Sumatra sing kapisan [1] sawisé Indonésia merdeka , Menteri Pendhidhikan lan Kebudayaan Indonésia ing taun 1948 tekan taun 1949 dalam Kabinet Darurat[2]. Saliyané iku panjenengané ya iku pejuang kamardikan lan pahlawan nasional Indonésia.

Kauripan Awal[besut | besut sumber]

Teuku Muhammad Hasan dilairaké tanggal 4 April 1906 minangka Teuku Sarong, ing Sigli, Acèh. Bapaké, Teuku Bintara Pineung Ibrahim ya iku Ulèë Balang ing Pidie (Ulèë Balang ya iku bangsawan sing mimpin salah sijining laladan ing Acèh). Ibuké asmané Tjut Manyak.

Panjenengané sekolah ing Sekolah Rakyat (Volksschool) ing Lampoeh Saka 1914-1917. Ing taun 1924 sekolah ing sekolah sing basane Walanda Europeesche Lagere School (ELS), dilanjutake ing Koningen Wilhelmina School (KWS) ing Batavia (saiki Jakarta). Sabanjure panjenengané mlebu Rechtschoogeschool (Sekolah Tinggi Hukum).

Mangsa-mangsa ing Walanda[besut | besut sumber]

Ing yuswa 25 taun, T.M Hasan mutuské arep sekolah ing Leiden University, Walanda. Saksuwené ing Walanda, panjenengané gabung karo Perhimpunan Indonésia sing dipelopori déning Muhammad Hatta, Ali Sastroamidjojo, Abdul Madjid Djojodiningrat lan Nasir Datuk Pamuntjak. Saliyané kesibukané minangka mahasiswa, Hasan uga dadi aktivis sing ngenekaké kagiyatan-kagiyatan organisasi apik iku ing jero kutha utawa ing kutha-kutha liya ing Walanda. Hasan éntuk gelar Meester in de Rechten (Master of Laws) taun 1933.

Balik menyang Indonésia[besut | besut sumber]

Nalika taun 1933, Mr. T.M Hasan bali menyang Indonésia. Tekané ing pelabuhan Ulee Lheue, Kutaraja, buku-bukuné disita kanggo pemeriksaan amarga dicurigani ènèk buku paham pergerakan sing bakalé mbebayani kedudukané pamaréntah kolonial Walanda, khususé ing Acèh. Saksuwen ing Kutaraja, Hasan dadi Pegiat ing babagan Agama lan Pendhidhikan.

Ing babagan agama, panjenengané gabung karo organisasi Islam Muhammadiyah mingka konsul ing ngisore pimpinan R.O. Armadinata. Nalika era iki, Muhammadiyah wes kasil ngadegaké perkumpulane wanita ya iku Aisyiyah, Hizbul Wathan, lan salah sijining lembaga pendhidhikan saktingkat Hollandsch-Inlandsche School utawa HIS. Perkembangan salanjute, Muhammadiyah uga ngadegaké cabang-cabang ing sakpropirane kutha liya ing Acèh. Kacatet ing mangsa akir Pamaréntahan Walanda ing Acèh (1942), jumlah cabang Muhammadiyah ing Acèh cacahé 8 (wolu).

Saliyané aktif ing Muhammadiyah, Hasan uga aktif ing donya pendhidikan. Panjenengane mèlu mlopori ngadeke organisasi Atjehsche Studiefonds (Dana Pelajar Acèh) sing tujuane kanggo mbiyantu anak-anak Acèh sing pinter nanging ora mampu arep sekolah.

Saliyané iku, Hasan uga dadi komisaris organisasi pendhidhikan sing jenenge Perkumpulan Usaha Sama Akan Kemajuan Anak (PUSAKA). Tujuan organisasi iki ya iku kanggo ngadegaké salah sijining sekolah endek basa Walanda kaya Hollandsch-Inlandsche School.

Aktivitas kependhidhikan Hasan sing liyané ya iku ngadegaké Perguruan Taman Siswa ing Kutaraja tanggal 11 Juli 1937. Ing kepengurusan lembaga sing diprakarsai déning Ki Hajar Dewantara iki, Hasan dadi ketua karo sekretaris Teuku Nyak Arief. Sedela sawisé pembéntukane, Hasan ngirim utusane ya iku, T.M. Usman el Muhammady kanggo nemoni Ki Hajar Dewantara ing Yogyakarta. Tujuane ya iku ngarep supaya Taman Siswa njembarake jaringane, ya iku karo ngadegaké cabang ing Acèh. Miturut pangarepan mau, Majelis Luhur Taman Siswa ngirim telong guru ing Acèh, ya iku Ki Soewondo Kartoprojo karo istrine sing uga minangka guru lan Soetikno Padmosoemarto. Ing wektu sing cendak, Hasan lan pengurus Taman Siswa ing Kutaraja kasil mbukak 4 (papat) sekolah Taman Siswa ing Kutaraja, ya iku siji Taman Anak, Taman Muda, Taman Antara lan Taman Dewasa.

Rujukan[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Jabatan pamaréntahan
Didhisiki déning:
Ali Sastroamidjojo
{{{jabatan}}}
1948—1949
Diganti déning:
Sarmidi Mangunsarkoro
Didhisiki déning:
Masjkur
{{{jabatan}}}
1948-1949
Diganti déning:
Masjkur
Didhisiki déning:
Tidak ada, kalungguhan baru
{{{jabatan}}}
1945-1949
Diganti déning:
Jabatan di hapus