Menyang kontèn

Mangkunagara ing Kartasura

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ing Kartasura ya iku putra pambarep Sunan Amangkurat IV saka garwa pangrêmbe nama Mas Ayu Sumanarsa kang banjur kajunjung sêsêbutan Radèn Ayu Kilèn, utawa Radèn Ayu Sêpuh. Nalika timur nama Radèn Mas Sura, pêparab Radèn Mas Sandi lan kapundhut putra dening pamane Pangeran Purbaya lan diaringi nama Radèn Mas Damar.

Sawise ngancik diwasa, Pakubuwana I paring nama Pangeran Riya lan didhaupake karo putranipun Panêmbahan Cakraningrat ing Madura, nama Radèn Ayu Ragaasmara. Uga krama karo putrine Pangeran Blitar nama Radèn Ajêng Wulan kang banjur nurunake trah Mangkunegaran.

Nalika Pangeran Purbaya lan Pangeran Blitar ngraman, Pangeran Riya uga melu ing pabarisan. Sawise rampung, pangeran Riya kondur Kartasura lan pararingan nama Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, dedalem ing Kapurbayan.

Rehning dadi putra mbarep, Mangkunegara bisa marisi kalenggahan jumeneng ratu. Nanging nalika Amangkurat IV surut, kang kalenggahake jumeneng ya iku Pangeran Adipati Anom jejuluk Pakubuwana II kang isih kurang umur. Ora suwe, 31 Januari 1728 Mangkunegara kakendhangake menyang Betawi[1] lan oleh 3 taun banjur kakendhangake menyang Selong nganti seda lan layone kakondurake menyang Jawa sumare ing Imagiri. [2]

Pangeran Adipati Arya Mangkunagara peputra 16 ya iku :

  1. Radèn Mas Ngali, saking garwa putri ing Madura, diwasanipun asma Pangeran Tirtakusuma ing Pancuran.
  2. Radèn Mas Umar, saking garwa putri ing Kablitaran, seda timur.
  3. Radèn Mas Said, saking garwa putri ing Kablitaran, diwasanipun ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang sapisan ing Surakarta
  4. Radèn Mas Sakadi, saking garwa ampeyan, seda timur.
  5. Putri saking ampeyan, dèrèng nama lajêng seda.
  6. Radèn Mas Ambiya, saking ampeyan, diwasanipun nama Pangeran Pamot.
  7. Radèn Mas Sabar, saking ampeyan, diwasanipun nama Pangeran Arya Mangkudiningrat.
  8. Radèn Ayu Tirtawiguna, saking ampeyan, lajêng krama malih nama Radèn Ayu Puspakusuma.
  9. Kakung saking ampeyan, dèrèng nama seda.
  10. Radèn Ayu Tirtayuda, ing Nglorog tanah Pacitan, saking ampeyan.
  11. Pangeran Kap, saking ampeyan.
  12. Radèn Ayu Mangkuyuda, saking ampeyan.
  13. Radèn Mas Arya Toyakusuma, saking ampeyan.
  14. Radèn Mas Arya Warihkusuma, saking ampeyan.
  15. Radèn Mas Arya Ranukusuma, saking ampeyan.
  16. Radèn Ayu Mangunyuda, ing Banyumas, saking ampeyan.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Remmelin, D.r. Willem G.J. (2002). PERANG CINA DAN RUNTUHNYA NEGARA JAWA, 1725-1743. Jendela. kc. 54. ISBN 97995978265. {{cite book}}: Check |isbn= value: length (pitulung)
  2. Mangkunagaran, Pakempalan. Serat Babad Panambangan - 1918 (ing basa Jawa).