Amangkurat IV

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Amangkurat IV

Sri Susuhunan Prabu Amangkurat Jawa utawi dipunsinged Amangkurat IV (lair: Kartasura, ? - séda: Kartasura, 1726) inggih punika raja kaping sekawan Kasunanan Kartasura ingkang maréntah taun 1719 - 1726.

Silsilah[besut | besut sumber]

Nama aslinipun inggih punika Raden Mas Suryaputra, putra saking Pakubuwana I ingkang lair saking permaisuri Ratu Mas Blitar (keturunan Pangeran Juminah, putra Panembahan Senopati kaliyan Retno Dumilah putri Madiun).

Amangkurat IV gadhah putra-putra ingkang ing antawisipun samangke dados tokoh-tokoh ingkang wigati, kados ta, saking garwa padmi peputra Pakubuwana II[1] kang madegaken karaton Surakarta, saking garwa ampeyan Mas Ayu Tejawati peputra Hamengkubuwana I ratu kapisan ing Yogyakarta, lan saking garwa ampeyan Mas Ayu Karoh lair Arya Mangkunagara, bapa saking Mangkunagara I. Saking dhaup kaliyan putrinipun Untung Surapati, peputra RM. Sandiya kang salajengipun manggen ing Dhusun Mlangi, Ngayogyakarta kawentar kanthi asma Kyai Nur Iman Mlangi.[2]

Kadadosan saking Pangangkatanipun=[besut | besut sumber]

Pangeran Arya Dipanagara inggih punika putra Pakubuwana I ingkang lair saking selir. Nalika taun 1719 piyambakipun dipunparingi tigas nangkep Arya Jayapuspita, pambrontak saking Surabaya (rayi Adipati Jangrana). Mireng warta sédanpun sang bapa ingkang dipunlajengaken kanthi pengangkatan Amangkurat IV minangka raja énggal dadosaken Dipanagara boten purun kondur ing Kartasura..[3]

Arya Dipanagara lajeng ngangkat piyambakipun dados raja kanthi gelar Panembahan Herucakra ingkang jumeneng ing Madiun. Piyambakipun gabung kaliyan kelompok Jayapuspita ingkang dumunung ing Mojokerto. Sesarengan, nyusun pemberontakan tumrap Amangkurat IV ingkang angsal panyengkuyung saking VOC.

Déné, Amangkurat IV ugi wonten perkawis kaliyan kalih rayinipun, inggih punika Pangeran Blitar lan Pangeran Purbaya. Kekalih pangeran punika lajeng dipuncabut hak lan kasugihanipun déning Amangkurat IV.

Pangeran Blitar lajeng nyerang pura kanthi panyengkuyung saking kaum ulama ingkang boten remen kaliyan VOC. Pangeran Purbaya lan Arya Mangkunagara (putra Amangkurat IV) kagabung ing salebeting pemberontakan punika. Nanging amargi pihak Amangkurat IV langkung kiat, para pambrontak pungkasanipun nyingkir ninggalaken Kartasura.

Pangeran Blitar lajeng yasa malih kutha Karta (bekas pura Mataram jaman Sultan Agung). Piyambakipun ngangkat piyambakipun dados raja kanthi gelar Sultan Ibnu Mustafa Paku Bawana, lan karajanipun dipunsebut Mataram Kartasekar.

Pakdhé Amangkurat IV, inggih punika Arya Mataram ugi ninggalaken Kartasura pinuju Pati ing pundi piyambakipun ngangkat piyambakipun dados raja ing mrika.[4]

Akhir Pamaréntahan[besut | besut sumber]

Amangkurat IV lajeng wonten perkawis kaliyan Cakraningrat IV bupati Madura (kilén). Cakraningrat IV punika ndhérék merangi pemberontakan Jayapuspita ing Surabaya taun 1718 rumiyin. Piyambakipun gadhah kapitadosan bilih Madura badhé langkung makmur manawi wonten ing sangandhapipun VOC tinimbang Kartasura ingkang dipunanggep bobrok.

Hubungan kaliyan Cakraningrat IV lajeng saé malih sabibaripun dipunpendhet minangka mantu Amangkurat IV. Samangké Cakraningrat IV punika ngraman dhateng Pakubuwana II, gantosipun Amangkurat IV.

Amangkurat IV piyambak gerah nalika wuan Maret 1726 amargi dipunracun. Sadèrèngipun sampet manggihaken pelakunipun, piyambakipun séda nalika tanggal 20 April 1726.

Amangkurat IV dipungentosi putranipun ingkang nembé 15 taun kanthi gelar Pakubuwana II minangka raja Kartasura salajengipun.

Kapustakan[besut | besut sumber]

  • Babad Tanah Jawi, Mulai dari Nabi Adam Sampai Tahun 1647. (terj.). 2007. Yogyakarta: Narasi
  • M.C. Ricklefs. 1991. Sajarah Indonesia Modern (terj.). Yogyakarta: Gadjah Mada University Press
  • Moedjianto. 1987. Konsep Kekuasaan Jawa: Penerapannya olèh Raja-raja Mataram. Yogyakarta: Kanisius
  • Purwadi. 2007. Sajarah Raja-Raja Jawa. Yogyakarta: Media Ilmu

Cathetan suku[besut | besut sumber]


Sing mengku  sadurungé:
Pakubuwana I
Sunan Kartasura
1745-1749
Diganti déning:
Pakubuwana II
(Sunan Surakarta)