Untung Surapati

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Untung Suropati
Lair 1660
Rantepao, Sulawesi
Pati Cithakan:BirthDeathAge
Bangil, Jawa Wétan
Jalaran pati Shot
Pasaréyan Jawa Wétan
Ethnicity Bangi
Pakaryan Pajuang Pulo Jawa

Untung Suropati (lair ing Bali, 1660 – tilar donya ing Bangil, Jawa Wétan, 5 Desember 1706 kanthi yuswa 45/46 taun) yaiku pahlawan nasional Indonesia ing Pulo Jawa. Panjenengané diresmèkaké dadi pahlawan nasional Indonesia adhedasar S.K. Presiden No. 106/TK/1975 tanggal 3 November 1975[1].

Asal-Usul[sunting | sunting sumber]

Untung Suropati, jeneng asliné ora dimangertèni. Miturut Babad Tanah Jawi, asalé dhèwèké saka Bali sing ditemokaké déning Kapten van Beber, perwira VOC sing ditugasaké ing Makasar. Kaptèn van Beber banjur ngedol karo perwira VOC liya ing Batavia kang asma Moor. Awit nduwèni budhak anyar, pasugihané Moor saya akèh. Bocah cilik kuwi dianggep nduwèni kauntungan banjur diwènèhi jeneng si Untung[1]. Nalika umur 20 taun, dhèwèké dilebokaké kunjara déning Moor amarga wani nikahi anaké kang asma Suzane. Dhèwèké nanging bisa mlayu saka kunjara karo kanca-kancané lan dadi buronan.[1]

Olèh Jeneng Surapati[sunting | sunting sumber]

Taun 1683 Sultan Ageng Tirtayasa raja Banten dikalahaké dening VOC. Putrané kang aran Pangeran Purbaya minggat ing Gunung Gedhé. Dhèwèké nyerah nanging kudu dipethuk dening perwira VOC pribumi[2].

Kaptèn Ruys (pamimpin bèntèng Tanjungpura) kasil nemokaké Untung lan kanca-kancané. Dhèwèké ditawani kerja dadi tentara VOC tinimbang dadi buronan. Untung banjur mèlu latihan ketentaraan, diwènèhi pangkat letnan, lan ditugasi methuk Pangeran Purbaya.[2]

Untung nemoni Pangeran Purbaya amarga arep digawa menyang Tanjungpura. Uga teka pasukan Vaandrig Kuffeler sing ora ngajeni marang Pangeran Purbaya. Untung ora trima banjur ngrusak pasukan Kuffeler ing kali Cikalong, 28 Januari 1684.[2]

Pangeran Purbaya tetep nyerah ing Tanjungpura, nanging sisihané kang asma Gusik Kusuma njaluk supaya Untung ngeteraké dhèweké bali menyang Kartasura. Untung banjur dadi buronan VOC manéh. Dheweké uga wis tau ngalahaké pasukan Jacob Couper sing tau ngoyak dhèweké ing désa Rajapalah.[2]

Nalika ngliwati Cirebon, Untung gelut karo Raden Surapati anak angkat sultan. Sawisé diadhili, kabukti yèn sing salah Suropati. Suropati banjur diukum mati. Awit kadadean kuwi jeneng Surapati diwenehaké Untung dening Sultan Cirebon[2].

Patiné Kapten Tack[sunting | sunting sumber]

Untung alias Suropati teka ing Kartasura ngaterake Raden Ayu Gusik Kusuma marang bapaké, yaiku Patih Nerangkusuma. Nerangkusuma kuwi tokoh anti VOC sing sregep ngandhani Amangkurat II supaya mungkiri prajanjèn karo bangsa Walanda. Narangkusuma uga nikahake Gusik lan Suropati[1].

Kapten François Tack (perwira VOC senior sing melu ing penumpasan Trunajaya lan Sultan Ageng Tirtayasa) teka ing Kartasura wulan Februari 1686, dheweké nangkep Suropati. Amangkurat II sing wis dikandhani Nerangkusuma, ethok-ethok ngrewangi VOC[2].

Paperangan banjur kadadean ing ngarep keraton. Pasukan VOC kalah. 75 wong Walanda tiwas, Kapten Tack uga tiwas ing tangané Untung Suropati. Tentara Walanda sing isih urip padha minggat[2].

Oleh gelar Tumenggung Wiranegara[sunting | sunting sumber]

Amangkurat II yen polahe dheweke, ngapusi VOC kebongkar. Mula dheweke ngrestoni Suropati lan Nerangkusuma ngrebut Pasuruan. Ing kana, Sunggajaya, sing banjur minggat menyang Surabaya. Bupati Surabaya sing aran Adipati Jangrana ora mbales ulahe Suropati amarga dheweké wis kenal Suropati ing Kartasura[1].

Untung Suropati banjur diangkat dadi bupati Pasuruan kang oleh gelar Tumenggung Wiranegara.

Taun 1690 Amangkurat II ethok-ethok ngirim pasukan kanggo ngrebut Pasuruan. Nanging gagal amarga kabeh mau mung ethok-ethok kanggo ngapusi VOC[1].

Patine Untung Suropati[sunting | sunting sumber]

Sakpaninggale Amangkurat II taun 1703, ana kadadean rebutan takhta Kartasura antarane Amangkurat III karo Pangeran Puger. Taun 1704 Pangeran Puger kanthi pitulungan saka VOC dheweké diangkat dadi Pakubuwana I . Taun 1705 Amangkurat III diusir saka Kartasura banjur mlayu ing Pasuruan[1].

September 1706 gabungan pasukan VOC, Kartasura, Madura, lan Surabaya dipimpin Mayor Goovert Knole nyerang Pasuruan. Paperangan ing benteng Bangil akhire niwasaké Untung Suropati alias Wiranegara tanggal 17 Oktober 1706. Dheweké pesen supaya sedane dirahasiakake[1]. Pasarean Suropati digawe rata karo lemah. Perjuangane banjur diterusaké anak-anake.

18 Juni 1707 Herman de Wilde mimpin ekspedisi mburu Amangkurat III. Dheweke nemokake pasareane Suropati lan banjur dibongkar, jinazahe diobong lan awune dibuwang ing segara.

Rujukan[sunting | sunting sumber]

Kapustakan[sunting | sunting sumber]

  • Abdul Muis. 1999. Surapati. cet. 11. Jakarta: Balai Pustaka
  • Babad Tanah Jawi, Mulai dari Nabi Adam Sampai Tahun 1647. (terj.). 2007. Yogyakarta: Narasi
  • M.C. Ricklefs. 1991. Sejarah Indonesia Modern (terj.). Yogyakarta: Gadjah Mada University Press

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Untung_Surapati&oldid=877775"