Amangkurat III

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sri Susuhunan Amangkurat Mas, utawi asring ugi kaserat minangka Amangkurat III utawi Sunan Mas (tanggal lair boten dipunmangertosi, séda ing Sri Lanka taun 1734), inggih punika Raja Kasunanan Kartasura ingkang jumeneng antawis taun 17031705.[1]

Asmadalem[besut | besut sumber]

Nama aslinipun inggih punika Radén Mas Sutikna. Miturut Babad Tanah Jawi, piyambkipun minangka putra tunggal saking Amangkurat II, amargi ibunipun sampun ngguna-guna garwa sanèsipun supads mandhul. Mas Sutikna ugi ajejuluk Pangeran Kencet, amargi gadhah cacat ing pérangan tungkak..[2]

Dipuncariyosaken ugi bilih Mas Sutikna watakipun boten saé, gampil duka lan sréi manawi wonten priya sanès ingkang langkung gagah. Nalika njabat minangka Adipati Anom, piyambakipun palakrama kaliyan sedhérékipun, ingkang nama Radén Ayu Lembah, putri Pangéran Puger. Nanging gawrwanipun lajeng dipunpegat amargi slingkuh kaliyan Radén Sukra, putra Patih Sindureja.

Radén Sukra lajeng dipunpejahi déning utusan Mas Sutikna, déné Pangeran Puger dipunpaksa ngukum mati Ayu Lembah, putrinipun piyambak. Mas Sutikna lajeng palakrama kaliyan Ayu Himpun rayi Ayu Lembah.

Pasulayan kaliyan Pangeran Puger[besut | besut sumber]

Amangkurat III minggah ing dhampar kencana jumeneng nata ing Kartasura nggantosi Amangkurat II ingkang séda taun 1702. Konon, miturut Babad Tanah Jawi, sajatosipun wahyu keprabon dhawah dhumateng Pangeran Puger.

Panjurung tumrap Pangeran Puger saking para pejabat ingkang boten remen kaliyan papréntahanipun raja ingkang énggal mau. Babagan punika damel Amangkurat III kuwatos. Piyambakipun megat Raden Ayu Himpun lan ngangkat prameswari énggal, satunggaling kenya saking désa Onje.

Tekanan tumrap kulawarganipun damel Raden Suryokusumo (putra Pangeran Puger) ngraman. Amangkurat III ingkang kawedén lajeng ngurung Pangeran Puger sakulawarga. Nanging lajeng dipunbebasaken malih amargi panyuwunan saking Patih Sumabrata.

Panjurung dhateng Pangeran Puger saperlu ngrebut tahta malih. Pungksanaipun, nalika taun 1704, Amangkurat III ngirim utusan saperlu mejahi Pangeran Puger sakulawarga, nanging sasaranipun punika langkung rumiyin pindhah dhatang Semarang.]].[3]

Ninggalaken Kartasura[besut | besut sumber]

Pangeran Puger ing Semarang pikantuk panyengkuyung saking VOC,,[4] tamtu kémawon kanthi syarat-syarat ingkang nguntungaken Walanda. Piyambakipun lajeng ngankat dhirinipun minangka raja kanthi gelar Pakubuwana I. Gabungan pasukanipun ébah taun 1705 saperlu ngrebut Kartasura. Amangkurat III yasa pertahanan ing Ungaran dipunpimpin Pangeran Arya Mataram, pakdhénipun, ingkang méndel-méndel malah njurung Pakubuwana I.

Arya Mataram saged kasil mbujuk Amangkurat III saperlu nianggalaken Kartasura. Piyambakipun lajeng gabung kaliyan Pakubuwana I, ingkang minangka kakangipun piyambak.

Papréntahan Amangkurat III ingkang singkat punika minangka kutukan Amangkurat I dhumateng Amangkurat II ingkang sampun ngracuni unjukanipun nalika mlajar nalika Kesultanan Mataram runtuh akibat pemberontakan Trunajaya taun 1677 rumiyin.

Konon, Amangkurat II dipunkutuk bilih keturunanipun boten wonten ingkang dados raja, kejawi satunggal tiyang (Amangkurat III) punika ugi namung sekedhap. Cariyos kutukan punika saged kapanggihaken wonten ing Babad Tanah Jawi ingkang dipunserat nalika reh paprintahanipun raja tedhak turune Pakubuwana I saéngga kaleresanipun awrat dipunbukteaken.

Kapustakan[besut | besut sumber]

  • Abdul Muis. 1999. Surapati. cet. 11. Jakarta: Balai Pustaka* Babad Tanah Jawi, Mulai dari Nabi Adam Sampai Tahun 1647. (terj.). 2007. Yogyakarta: Narasi
  • M.C. Ricklefs. 1991. Sajarah Indonesia Modern (terj.). Yogyakarta: Gadjah Mada University Press
  • Moedjianto. 1987. Konsep Kekuasaan Jawa: Penerapannya olèh Raja-raja Mataram. Yogyakarta: Kanisius
  • Purwadi. 2007. Sajarah Raja-Raja Jawa. Yogyakarta: Media Ilmu

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. [1][pranala mati permanèn]
  2. [2]
  3. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-06-10. Dibukak ing 2013-01-22.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  4. [3]


Kang sadurungé
Amangkurat II
Sunan Kartasura
1702-1705
Kang sawisé
Pakubuwana I