Menyang kontèn

Amangkurat II

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Amangkurat II

Sri Susuhunan Amangkurat II inggih punika ingkang yasa saha minangka raja ingkang angka sepindhah wonten ing Kasunanan Kartasura minangka panerus saking Kesultanan Mataram, ingkang maréntah antawisipun taun 1677-1703.

Piyambakipun minangka raja Jawa kapisan ingkang ngagem ageman dinas khas Éropah saéngga rakyat asring nyebat Sunan Amral, inggih punika manawi pangretosan Jawi nipun Admiral.

Silsilah Kulawarga

[besut | besut sumber]

Nama asli Amangkurat II inggih punika Raden Mas Rahmat, putra Amangkurat I raja Mataram ingkang mijil saking Ratu Kulon putri Pangeran Pekik saking Surabaya. Amangkurat II gadhah kathah garwa nanging namung satunggal ingkang mijilaken putra (lajeng dados Amangkurat III). Konon, miturut Babad Tanah Jawi ibu Amangkurat III nguna-ngguna sadaya madunipun saéngga dados mandul.[1]

Perselisihan Masa Muda

[besut | besut sumber]

Mas Rahmat ageng ing Surabaya. Piyambakipun lajeng pindhah ing pura Plered minangka Adipati Anom. Nanging hubunganipun kaliyan rayinipun ingkang gadhah gelar Pangeran Singasari boten saé. Mireng kabar manawi kalungguhan Adipati Anom badhé dipunpindhahekn dhumateng Singasari.[2]

Nalika taun 1661 Mas Rahmat mberontak dipunsengkuyung déning para tokoh ingkang boten remen kaliyan pamarentaha Amangkurat I. Pemberontakan alit punika saged dipuntumpes. Para pendukung Mas Rahmat dipuntumpes sadaya. Nanging, Amangkurat I piyambak gagal nalika nyobi ngracuni Mas Rahmat taun 1663. Hubungan bapak lan putra punika tambah panas.

Nalika taun 1668 Mas Rahmat remen kaliyan Rara Oyi, kenya Surabaya ingkang badhé dipundadosaken selir déning bapakipun. Pangeran Pekik nekad nyulik Rara Oyi saperlu dipunpalakramakaken kaliyan Mas Rahmat. Akibatipun, Amangkurat I murka lan numpes Pangeran Pekik sakulawarganipun. Mas Rahmat piyambak dipunampuni sabibaripun dipunpeksa numpes Rara Oyi.

Persekuthuan kaliyan Trunajaya

[besut | besut sumber]

Mas Rahmat dipunampuni bapakipun nanging ugi dipunpecat saking kalungguhan Adipati Anom. Jabatan putra makutha Mataram lajeng dipunparingaken dhumateng putra ingkang sanès, inggih punika Pangeran Puger.

Nalika taun 1670 Mas Rahmat nyuwun bantuan Panembahan Rama, sawijining guru spiritual saking kulawarga Kajoran. Panembahan Rama nepangaken tilas mantunipun, ingkang nama Trunajaya saking Madura minangka piranti pemberontakan Mas Rahmat.[3]

Nalika taun 1674 dhateng kaum pelarian saking Makasar ingkang dipuntampik Amangkurat I nalika nyuwun sepethak lemah ing Mataram. Mendel-mendel Mas Rahmat maringi lemah ing désa Demung, sakket Besuki. Lajeng kagabung wonten ing pemberontakan Trunajaya.[3]

Kekiyatan Trunajaya samsaya ageng lan angèl dipunawonaken.Mas Rahmat rumaos bingung lan milih wonten ing pihak bapakipun. Piyambakipun lajeng dados putra makutha, amargi Pangeran Puger piyambak asalipun saking kulawarga Kajoran (pendukung pambrontak).[3]

Pungkasan, nalika tanggal 2 Juli 1677 Trunajaya nyerang pura Plered. Amangkurat I lan Mas Rahmat kabur ing arah kilèn, déné pura dipuntahan déning Pangeran Puger minangka bukti manawi boten sadaya kaum Kajoran njurung Trunajaya. Nanging Pangeran Puger piyambak kausir ing désa Kajenar.[3]

Kapustakaan

[besut | besut sumber]
  • Babad Tanah Jawi, Mulai dari Nabi Adam Sampai Tahun 1647. (terj.). 2007. Yogyakarta: Narasi
  • H.J.de Graaf. 1989. Terbunuhnya Kapten Tack, Kemelut di Kartasura Abad XVII (terj.). Jakarta: Temprint
  • M.C. Ricklefs. 1991. Sajarah Indonesia Modern (terj.). Yogyakarta: Gadjah Mada University Press
  • Moedjianto. 1987. Konsep Kekuasaan Jawa: Penerapannya olèh Raja-raja Mataram. Yogyakarta: Kanisius
  • Purwadi. 2007. Sajarah Raja-Raja Jawa. Yogyakarta: Media Ilmu

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. [1]
  2. [2]
  3. a b c d [3]


Kang sadurungé
Amangkurat I
Sunan Kartasura
1677-1703
Kang sawisé
Amangkurat III