Pulo Madura

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Pulo Madura
Géografi

Pulo Madura panggonané ana ing wetané Pulo Jawa. Dawane mila saka pojok kulon lan pojok wétan bisa diliwati 5 jam nganggo kendaraan. Pulo iki jembaré ana 5.250 km2 (luwih cilik sethithik ketimbang Pulo Bali) lan cacahé sing ndunungi ana 3,5 yuta jiwa. Pulo iki kahanané rada gersang, gunung kapur lan tegalan. Yèn ing wetané rada subur lan bisa ditanduri. Wong Madura minangka ètnis sing populasiné cukup akèh ing Indonésia, cacahé watara 20 yuta jiwa, asal sakai Pulo Madura lan pulo-pulo saubengé kaya Gili Raja, Sapudi, Raas, lan Kangean. Saliyané iku, wong Madura akèh uga sing manggon ing tlatah wétan Jawa Wétan sing biyasa disebut wewengkon Tapal Kuda, ya iku wiwit sakai Pasuruan nganti tekan saloré Banyuwangi.

Sajarah[besut | besut sumber]

Litografi déning Auguste van Pers sing nggambaraké sawijining pangéran saka Madura lan baturé ing mangsa Hindhia Walanda

Sacara pulitis, Madura sajeroning maabad-abad wis dadi subordinat tlatah kakuwasan sing munjer ing Pulo Jawa. Watara taun 900-1500, pulo iki ana ing sangisoré prabawa kakuwasan krajan Hindhu Jawa wétan kaya Kedhiri, Singhasari, lan Majapait. Ing antara taun 1500 lan 1624, para panguwasa Madura gumantung marang krajan-krajan Islam ing pasisir lor Jawa kaya Demak, Gresik, lan Surabaya. Ing taun 1624, Madura ditaklukaké déning Mataram. Sawisé iku, ing paro pisanan abad kawolulas Madura ana ing sangisoré kakuwasan kolonial Walanda (wiwit 1882), wiwitané déning VOC, banjur déning pamaréntah Hindhia-Walanda. Nalika jaman pamérangan provinsi ing taun 1920-an, Madura dadi péranganing provinsi Jawa Wétan.[1]

Pamérangan administratif[besut | besut sumber]

Pérangan administratif

Pulo Madura dipérang dadi 4 kabupatèn, ya iku:

Budaya[besut | besut sumber]

Karapan sapi ing Sumenep, Madura.

Pulo Madura misuwur saka asil produksi uyahé, lan dijenengaké Pulo Uyah. Ing Pulo Madura, wong-wongé seneng main karapan sapi. Sayembara karapan sapi dianakaké ing sasi Agustus-Septèmber lan dibanjuraké nganggo final piala présidhèn ing Oktober.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ Van Dijk, K., de Jonge, H. & Touwen-Bouwsma, E., Introduction, di dalam: van Dijk et al. (penyunting), Across Madura Strait: the dynamics of an insular society, Leiden: KITLV Press, 1995, hlm. 1-6.

Gladri gambar[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]