Uyah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Uyah
Panen uyah ing tlatah Thailand

Uyah iku sajinis mineral sing asalé saka banyu sagara.[1] Wanguné kristal warna putih, kerep diasilaké saka air laut nanging ana uga sing ditambang ing dharatandharatan.[1] Uyah racaké sumadya ing wangun kimia Natrium klorida (NaCl).[1] Uyah dibutuhaké déning awak manungsa, nanging yèn dikonsumsi kanthi luwih-luwih bisa njalari lelaralelara blegudreg.[1] Saliyané kanggo bumbu masak, uyah uga dianggo ngawètaké panganan.[1] Kanggo nyegah lelara gondhok, uyah kudu ditambahi dat Iodium.[1]

Ing tlatah Madura uyah iku dadi komoditi sing utama.[1] Uyah uga tinemu dibudidaya déning masarakat ing pasisir sagara Jawa yaiku sadawaning dalan Juwana-Rembang.[1]

Ing mangsa katiga / panas prodhuksi uyah iku akèh, amarga gawé uyah iku perlu ana panas srengéngé sing cukup.[2]

Uyah uga maragaké kripik pelem pakel luwih kempriyuk.[3]

Uyah sagara

Kagunan[besut | besut sumber]

Saliyané bisa ngasinaké uyah uga bisa ngilangaké amisamis ing welut.[4] Carane welut kang isih urip ing plastik banjur diwénéhi uyah.[4] Banjur dijarké nganti welut mati.[4] Sawisé iku welut diresiki.[4]

  • Ngurangi rasa asin ing iwak asin.[4]

Iwak asin kang dikumbah nganggo banyu uyah bakal kurang rasa asiné.[4] Awit uyah kang némplék ing iwak bakal mèlu larut ing banyu uyah.[4]

Woh-wohan kang rasané kecut bisa diwuwuri uyah dhisik sadurungé digawé manisan.[4] Tujuwané supaya ngurangi kadar uyah dadi rada ora asin.[4]

  • Uyah bisa nggawé sayuransayuran ijo kang digodhog tetep duwé warna ijo[4]

Masak uyah karo banyu banjur campur sayuran ing banyu uyah.[4] Masak sayuran nganti mateng. Sayuran bakal tetep seger wernané ora alum.[4]

Sawisé nanas dioncéki lan dijupuki matané, nanas banjur diléléti uyah.[4] Kanthi mangkono rasa gatel yèn mangan nanas bakal ilang.[4] Saliyané iku nanas bakal luwih legi rasané, tenggorokan uga ora bakal gatel manèh.[4]

  • Tamba lara untu[4]

Yèn lara untu bisa ditambani nganggo uyah.[4] Carane banyu anget kang dicampur uyah lan diudheg nganti rata banjur dianggo kemu.[4] Yèn kulina kemu nganggo banyu uyah uga bisa ngilangaké bau mulut.[4]

Carané banyu anget kang wis diwadhahi émbér banjur dicampur karo uyah.[4][4] Sawisé iku sikil kang krasa pegel banjur direndem ing banyu uyah mau.[4] Banjur rendem sikil manèh ing banyu anyep.[4] Baléni terus, sawisé iku rasa pegel-pegel ing sikil bakal ilang.[4]

Noda getih angél banget diilangi, apamanéh yèn wis garing.[4] Uyah bisa ngilangaké noda getih ing kain.[4] Kain kang kena noda getih banjur dikum utawa direndem ing banyu uyah.[4] Sawisé iku banjur dikumbah nganggo sabun utawa deterjen. Yèn durung patiya ilang bisa dikucek manèh supaya ilang nodané.[4]

  • Nyegah iwak kanthil ing wajan[4]

Yèn iwak digoréng ing wajan lan iwak mau kanthil bakal ndadékaké kulit iwaké nglothok lan goréngan iwak banjur katon ora sedhep manèh yèn disawang.[4] Cara ngatasiné yaiku nggoréng iwak nganggo téflon, nanging yèn ora nduwé téflon ana cara liyané.[4] Wajan kang kanggo nggoréng iwak digosok dhisik nganggo uyah lagi disokaké lenga kang kanggo nggoréng.[4] Kanthi cara iki iwak bakal ora kanthil ing wajan.[4]

  • Ngilangaké rasa panas ing kulit[4]

Sawisé ngiris lombok lumrahé kulit tangan krasa panas.[4] Iki kang diarani wedangen.[4] Carané nambani yaiku tangan diwijiki nganggo banyu uyah nganti resik kalebu ing lekitan-lekitan driji.[4]

Cara Ngawe uyah ing laladan Pantura
  • Ngurangi rasa pedhes[4]

Yèn keceplus lombok bisa uga ditambani nganggo uyah, carané uyah diemut ing ilat.[4] Uyah bisa ngurangi rasa pedhes kang disebabaké lombok.[4]

Industri[besut | besut sumber]

Industri kimia kang mupangatake garam utawa sodiun klorida utawa garam dapur kanggo bahan bakuné diarani indhustri khlor alkali.[5] Industri iki duwé prodhuk khlorin (Cl2) lan sodium hidroksida (NaOH), kang uga dibutuhaké indhustri liyané kaya ta indhustri pulp lan kertas, tekstil, déterjén, sabun, lan pangolahan. banyu limbah.[5] Teknologi mutakhir kang digunakaké ing indhustri khlor alkali kanggo ngasilaké produk-produk iku yaiku elektrolisa larutan garam (brine).[5] Teknologi iki digunakaké awit uyah regané luwih murah, luwih murni, tekanan lan temperatur luwih sithik.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h http://www.suaramerdeka.com(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)
  2. http://www.khususpendidikan.co.cc(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)
  3. http://eprints.umm.ac.id Archived 2011-09-21 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)
  4. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai aj ak al am an ao ap aq ar as http://www.tabloidnova.com Archived 2010-05-16 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)
  5. a b c d http://www.unri.ac.id/ Archived 2010-07-04 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)