Amir Sjarifuddin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Mr. Amir Sjarifoeddin
Amir Sjarifuddin

Mangsa jabatan
3 Juli 1947 – 29 Januari 1948
Présidhèn Soekarno
Didhisiki déning Sutan Syahrir
Diganti déning Mohammad Hatta

Mangsa jabatan
14 November 1945 – 29 Januari 1948
Présidhèn Soekarno
Didhisiki déning Imam Muhammad Suliyoadikusumo
Diganti déning Mohammad Hatta

Mangsa jabatan
2 September 1945 – 12 Maret 1946
Présidhèn Soekarno
Didhisiki déning Tidak ada,Jabatan baru
Diganti déning Mohammad Natsir

Miyos (1907-04-27)April 27, 1907
 Nèderlan Medan, Sumatera Utara, Hindia Walanda
Tilar donya Dhésèmber 19, 1948(1948-12-19) (umur 41)
 Indonésia Surakarta, Jawa Tengah, Indonésia
Kabangsan Indonésia
Partai pulitik PSI
PKI
Profèsi Pulitikus
Agami Kristen

Mr. Amir Sjarifoeddin Harahap (ejaan baru: Amir Syarifuddin Harahap) (lair ing Medan, Sumatera Lor, 27 April 1907 – pati ing Surakarta, Jawa Tengah, 19 Dhésèmber 1948 ing yuswa 41 taun) ya iku tokoh Indonésia, mantan menteri lan perdana menteri ana ing wiwitan ngadege nagara Indonésia.[1]

Keluarga[besut | besut sumber]

Bapake, Djamin gelar Baginda Soripada (1885-1949), ya iku jaksa ing Medan. Ibune, Basunu Siregar (1890-1931), saka kulawarga Batak kang kang wis mbaur karo masyarakat Melayu-Islam di Deli.[1] Bapake keturunan keluarga kepala adat saka Pasar Matanggor ing Padang Lawas Tapanuli.[1]

Pendidikan[besut | besut sumber]

Amir sekoalah ana ing ELS utawa sekolah dasar Walanda ing Medan taun 1914 nganti tekan rampung sasi Agustus 1921.[2] Merga undangan saka sepupune, T.S.G. Mulia kang nembe wae diangkat dadi anggota Volksraad lan sinau ana ing kutha Leiden taun 1911, Amir banjur lunga menyang Leiden.[2] Ora suwe Amir banjur watawis taun 1926-1927 Amir dadi anggota pengurus perhimpunan siswa Gymnasium ing Haarlem.[2] Saksuwene iku Amir uga aktif melu ana ing diskusi-diskusi kelompok kristen kaya ing CSV-op Java kang saiki dadi GMKI (Gerakan Mahasiswa Kristen Indonésia).[2] Amir manggon ing omah guru pangugem agama Kristen Calvinis, Dirk Smink.

Nanging nalika September 1927, sawise lulus ujian tingkat kapindho, Amir bali menyang kampunge amarga ana masalah kaluwarga, sanadyan kanca-kanca rakete ngandhani supaya ngampungake sekolahe ing Leiden. Banjur Amir mlebu ing sekolah hukum ing Batavia, numpang ning omahe Mulia (misanane) kang wis dadi direktur sekolah pendidikan guru ing Jatinagara. Sawise iku Amir pindhah menyang asrama pelajar Indonesisch Clubgebouw, Kramat 106, dhèwèké manggon bareng salah siji senior sekolahe, ya iku Mr. Mohammad Yamin.

Perjuwangan[besut | besut sumber]

Nalika arep invasi Jepang menyang Hindia Walanda, Amir ngupaya nyarujuki lan numindaki garis Komunis Internasional supaya kaum kiwa bisa ngajak aliansi nganggo kakuwatan kapitalis supaya mbubarake Fasisme. Iki ana gegayutane karo pagaweyan pulitik Muso karo tekane menyang Hindia Walanda ing taun 1936.

Amir banjur dihubungi karo anggota-anggota kabinet Gubernur Jenderal, ngajak kabèh kakuwatan anti-fasis supaya kerja bareng dinas rahasia Walanda kanggo ngadhepi serangan Jepang. Rencana iku ora éntuk sambutan kang akeh. Kanca-kanca kang padha-padha aktivis kapitayane isih durung balik manèh amarga polemik ing awal taun 1940-an, sarta ora mudheng karo strategi nglawan Jepang. Dhèwèké pengin nganggo taktik liyane, bareng karo Jepang kanthi pangarep-arep supaya Jepang bakalan menehi kamardhikan marang Hindia Walanda sawise kolonialis Walanda dikalahake. Garis Amir iki kabukti bener.

Ing sasi Januari 1943 Amir katangkep fasis Jepang ing satengahing gelombang-gelombang panangkepan kang ana ing Surabaya. Kadadeyan iki bisa dinyana minangka kabongkare jaringan organisasi anti fasisme Jepang kang ana gegayutane karo Amir. Apa manèh saka turahan klompok iki Amir suk mben bakalan dadi Menteri Pertahanan, barengan karo kanca-kancane rakete kang ngrewangi. Nanging identifikasi penting saka kedadeyan Surabaya iku, hukuman paling abot diwenehake menyang bekas para pandhegan Gerindo lan Partindo Surabaya saka sidhang pengadilan kang dianakake ing taun 1944.

Dokumen NEFIS (Netherlands Expeditionary Forces Intelligence Service), instansi rahasia kang dipandhegani Van Mook, ing tanggal 9 Juni 1947 nulis babagan Amir; "dheweke nduwèni prabawa kang gedhé ing kalangan massa lan wong kang ora tepung tembung wedi". Walanda kayane ngerti yèn pahargiyan kang mambu klenik marang dhèwèké ing kalangan Pesindo asale saka carita para kanca tahanane. Dhèwèké disiksa fisik lan moral, nanging dhèwèké malah ngguyu nalika para panyiksa nggantung Amir kanthi sikil kang ana ing dhuwur.

Ing sajroning Persetujuan Renville tanggungjawab kang abot ini ana ing kaum Komunis, Amir minangka negosiator utama saka Républik Indonésia. Kabinet Amir Sjarifuddin mundur kanthi sukarela lan tanpa perlawanan, nalika disalahake perkara persetujuan Renville déning golongan Masyumi lan Nasionalis.

Jabatan[besut | besut sumber]

Cathetan Suku[besut | besut sumber]


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Amir_Sjarifuddin&oldid=1098381"