Sulaiman
Sulaiman | |
---|---|
![]() Digambarake Nabi Sulaiman ing Karajane | |
Holy Monarch, Prophet, 'Solomon the Wise', Constructor of the Temple | |
Dipun urmati ing | Judaism Christianity Islam |
Mangaruhi | David |
Dipun pangaruhi déning | Many Jews, Christians and Muslim monarchs |
Sulaiman (basa Arab:سليمان) (kurang luwih 975-935 SM)[1] ya iku putrané Nabi Daud. Awit cilik baginda wis nunjukaké kapinteran pikirané. Panjenengané diangkat dadi nabi taun 970 SM. Jenengé disebutake kaping 27 ing Al-Quran.[1] Dhèwèké tilar donya ing tlatah Rahbaam, Baitul Maqdis-Palestina.[1]
Genealogi[besut | besut sumber]
Sulaiman bin Daud bin Aisya bin Awid saka keturunan kulawarga Yahuza bin Ya'qub.
Biografi[besut | besut sumber]
Raja kabèh makluk[besut | besut sumber]
Allah ngangkat Sulaiman dadi nabi lan rasul.[2] Sawisé cukup umur lan ramané séda, Sulaiman diangkat dadi raja ing kraton Israil.[2] Dhèwèké nguwasani ora mung manungsa, nanging uga kéwan lan lelembut kaya ta jin lan liya-liyané. Baginda bisa mahami basa kabèh kéwan.[2] Kraton Nabi Sulaiman éndah tenan.[2] Dibangun kanthi gotong royong manungsa, kéwan, lan jin.[2] Temboke saka watu pualam, saka lan lawange saka emas lan tembaga, pyane saka perak, rerenggan lan ukiranne saka mutiara lan inten, berlian, pasir ing taman disebari mutiara, lan sakpiturute.[2]
Interaksi Sulaiman karo jin, kéwan lan liyané[besut | besut sumber]
Nabi Sulaiman diparingi anugrah kewicaksanan déning Allah awit rumaja.[2] Dhèwèké uga duwé kaistimewan, ya iku bisa micara lan mahami basa kéwan, jin, lan sebangsane saéngga kabèh makluk iku mau manut déning perintahe baginda.[2]
Panjenengané uga bisa nundukake jin lan angin, saéngga bisa dikon ngapa baé kalebu jupuk tembaga cuer saka bumi kanggo gawé perkakas, yasan kraton, bètèng, piring-piring gedhé, lan tungku-tungku.[2]
Cathetan suku[besut | besut sumber]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |