Yérusalem

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Yerusalem)
Jump to navigation Jump to search
Yerusalem
יְרוּשָׁלַיִם (Yerushalayim)
القدس (al-Quds)
Flag of Jerusalem.svg JerLogo.jpg
Gendéra Yérusalem Lambang Yérusalem

80px

Yérusalem ing Israèl

Katrangan cekak
Jembar: 63,78 km²
Padunung: 760.800 jiwa(2009)
Kapadhetan: 5.768 jiwa per km²
Suku bangsa: Wong Yahudi,Arab, Arménia lan liya-liyané
Agama: Agama Yahudi, Islam, Kristen, lan liya-liyané.
Situs wèb resmi: http://www.jerusalem.muni.il
Pulitik
Walikutha: Nir Barkat

Yérusalem (basa Ibrani: יְרוּשָׁלַיִם Yerushalayim; basa Arab: القدس al-Quds; iku kutha kuna ing Wétan Tengah kang wigati banget kanggo telung agama: Agama Yahudi, Kristen, lan Islam.

Kutha iki saiki kanthi de facto kutha krajané Israèl[1]. Nanging wong Palestina uga nuntut pérangan wétan kutha iki kang arep didadekaké kutha krajan nagarané ing masa ngarep.

Wiwit taun 2008 Walikutha Yerusalem iku Nir Barkat, sadurungé iku Uri Lupolianski, siji tokoh Yahudi Harédi utawa Yahudi Ultra Ortodoks.

Ètimologi[besut | besut sumber]

Tembung Semitik tumrap jeneng "Yerusalem" kang akèh disetujoni ya iku 'S-L-M' kang jrdoning basa Arab utawa Ibrani tegesé damai,[2] kerukunan utawa kasampurnan. Sawijining kutha kang karan Rušalimum utawa Urušalimum muncul sajeroning cathetan Mesir kuna minangka siji rujukan pisanan tumrap Yerusalem.[3] Wangun Mesir mau dikira-kira kaudhunaké saka jeneng lokal kang ana ing surat-surat Amarna, e.g: sajeroning EA 287 (ana sawetara wangun) Urusalim.[4][5] Wangun Yerushalayim (pelafalan Ibrani) pisanan muncul ing kitab Yosua. Wangun iki wujud sawiji portmanteau saka yerusha (pusaka) lan jeneng asli Shalem kang dudu wujud evolusi fonetik prasaja saka wangun iki sajeroning surat Amarna. Sapérangan kalangan yakin anaé gayutan tembung iki karo tembung Shalim, déwa pemurah saka mitologi Ugarit kang dadi personifikasi wektu wengi.[6] Lumrahé panambang -im nuduhaké wangun jamak sajeroning tata basa Ibrani lan -ayim wangun gandha saéngga nuwuhaké anggepan yèn jeneng mau tegesé fakta kutha mau dumunung ing rong bukit.[7][8] Sanajan mangkono, lafal tembung pungkasan -ayim mung muncul sajeroning perkembangan pungkasan, lan ora ana ing mangsa Septuaginta. Sajeroning basa Yunani lan Latin tembung iki ditulis Hierosolyma. Sajeroning basa Arab, Yerusalem karan Ursalim al-Quds utawa luwih populèr minangka al-Quds (Kudus). "Zion" wiwitané dianggep dadi péranganing kutha, nanging sabanjuré dadi tandha kutha kanthi sakabèhané. Ing periode kakuwasan Raja Daud, kutha iki dikenal minangka Ir Daud (Kutha Daud).[9].

Sajarah[besut | besut sumber]

Tembok Yebus, Kutha Daud

Bukti-bukti keramik nuduhaké anané aktivitas ing Ofel, kang wektu iki dikenal kanthi jeneng Yerusalem ing Zaman Tembaga watara milenium angka 4 SM,[10] kanthi bukti siji pemukiman tetep sajeroning awal Zaman Perunggu watara 3000–2800 SM.[10][11] Teks Kebencian (watara abad ke-9 SM), ngrujuk marang kutha kang karan Roshlamem utawa Rosh-ramen[10] lan surat Amarna (watara abad angka 14 SM) manawa dadi kang sepisanan nyebut kutha mau.[12][13] Sawetara ahli arkéologi, kalebu Kathleen Kenyon, yakin Yerusalem[14] minangka siji kutha kang diyasa masarakat Semitik Kulon karo pamukiman kang tumata watara 2600 SM. Miturut tradhisi Yahudi, kutha iki diyasa Shem lan Eber, leluhur Abraham.

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. Sadurungé dipindhah mréné, kutha krajan Israèl dumunung ing kutha Tel Aviv
  2. Cithakan:Cite DVD-notes
  3. G.Johannes Botterweck, Helmer Ringgren (eds.) Theological Dictionary of the Old Testament, (tr.David E.Green) William B.Eerdmann, Grand Rapids Michigan, Cambridge, UK 1990, Vol. VI, p.348
  4. EA287 Abdi Hiba of Jerusalem to the king, No. 3
  5. The El Amarna Letters from Canaan
  6. Elon, Amos (1996-01-08). Jerusalem. HarperCollins Publishers Ltd. ISBN 0006375316. Dijupuk 2007-04-26. Epitet ini mungkin saja merupakan jeneng kuna Yerusalem—Salem (miturut jeneng déwa pagan ing kutha iku), kang kanthi etimologis magepokan karo tembung basa-basa Semitik kang tegesé damai (syalom sajeroning b.Ibrani, salamjroning b.Arab). 
  7. Wallace, Edwin Sherman (1977). Jerusalem the Holy. New York: Arno Press. k. 16. ISBN 0405102984. Sawijining wawasan kang sarupa diugemi déning wong-wong kang migunakaké wangun gandha Ibrani kanggo tembung mau  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung);
  8. Smith, George Adam (1907). Jerusalem: The Topography, Economics and History from the Earliest Times to A.D. 70. Hodder and Stoughton. k. 251. Istilah-aim utawa-ayim dianggo minangka istilah umum wangun gandha saka tembung barang, lan digunakaké minangka penanda kutha-kutha hulu lan hilir.  (pirsani iki [1])
  9. "Jerusalem". Jafi.org.il. Dijupuk 2009-05-05. 
  10. a b c Freedman, David Noel (2000-01-01). Eerdmans Dictionary of the Bible. Wm B. Eerdmans Publishing. kk. 694–695. ISBN 0802824005. 
  11. Killebrew Ann E. "Biblical Jerusalem: An Archaeological Assessment" in Andrew G. Vaughn and Ann E. Killebrew, eds., "Jerusalem in Bible and Archaeology: The First Temple Period" (SBL Symposium Series 18; Atlanta: Society of Biblical Literature, 2003)
  12. Vaughn, Andrew G.; Ann E. Killebrew (2003-08-01). "Jerusalem at the Time of the United Monarchy". Jerusalem in Bible and Archaeology: the First Temple Period. Atlanta: Society of Biblical Literature. kk. 32–33. ISBN 1589830660.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung);
  13. Shalem, Yisrael (1997-03-03). "History of Jerusalem from Its Beginning to David". Jerusalem: Life Throughout the Ages in a Holy City. Bar-Ilan University Ingeborg Rennert Center for Jerusalem Studies. Dijupuk 2007-01-18. 
  14. jeneng asli URU URU salem KI sajeroning basa Akkadia, tinemu katulis sajeroning surat-surat Amarna wektu kutha isih dikepung wong Mesir lan dikuwasani déning Abi Heba kang tegesé kutha damai

Pratélan kampung-kampung in Yérusalem[besut | besut sumber]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.
Panorama Temple Mount, kalebu Masjidil Aksa, lan Dome of the Rock, dideleng saka Bukit Zaitun