Masjidil Aksa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Masjidil Aksa
250px
Wedharan dhasar
Papané Al-Karam asy-Syarif, Yerusalem
Kordinaté koordinat 31°46'35N 35°14'8E
Kanggo agama Islam
Dhistrik Kutha lawas Yerusalem
Drajad éklésiastik Masjid
Pamandhégan Wakaf
Kartangan wangunan
Jinis wangunan Masjid
Gagrag wangunan Islam wiwitan
Arah arepan lor
Pandolokan watu kapisan 685 CE (Konstruksi Pisanan)
1033 CE (Konstruksi Kapindho)
Taun rampung 705 CE (Konstruksi Pisanan)
1035 CE (Konstruksi Kapindho)
Spesifikasi
Motan 5,000 (jero); 400,000 (jaba)[1]
Dawa 83 meter (272 kaki)
Amba 56 meter (184 kaki)
Kubah 1
Menara 4
Dhuwur menara 37 meter (121 kaki)
Bahan Limestone (external walls, minaret, facade) stalactite (minaret), lead (dome), white marble (interior columns)

Masjidil Aksa (Arab: المسجد الاقصى makna harfiah: "masjid paling adoh") iku salah siji wangunan kang dadi péranganing komplèks wangunan suci ing Kutha lawas Yerusalem (Yerusalem Wétan) kang misuwur kanthi jeneng Al-Haram asy-Syarif kanggoné umat Islam lan kanthi jeneng Har Ha-Bayit (Bukit Baitallah (?) Temple Mount) kanggoné umat Yahudi lan Nasrani.

Literatur Muslim(Kuran nul karim) nyatakaké yèn Muhammad diangkat menyang Sidratul Muntaha saka lokasi iki ing taun 621 Masèhi, ndadèkaké masjid iki minangka panggonan suci kanggoné umat Islam (pirsani Isra' Mi'raj.)

Masjidil Aksa kang biyèné diarani Baitul Maqdis, minangka kéblat salat umat Islam kang sepisanan sadurungé dialihaké menyang Ka'bah ing sajeroning Masjidil Karam. Umat Muslim ngadhep kéblat menyang Baitul Maqdis sajeroning Muhammad ngajaraké Islam ing Mekah (13 taun) nganti 17 wulan sawisé ijrah menyang Madinah. Sawisé iku kéblat salat dadi Ka'bah ing jero Masjidil Karam, Mekah nganti saiki.

Masjidil Aksa wektu iki wujud masjid kang diwangun kanthi permanèn déning Khalifah Abdul Malik bin Marwan saka Kekhalifahan Umayyah (Dinasti Bani Umayyah) ing taun 66 H lan rampung taun 73 H. Rada béda karo pangertèn Masjidil Aksa sajeroning prastawa Isra' Mi'raj (Q.S. Al Israa’:1) ya iku nyakup kabèh kawasan Al-Karam asy-Syarif.

Kobongan Masjidil Aksa tanggal 21 Agustus 1969 wis nyurung madegé Organisasi Konferensi Islam kang wektu iki anggotané ana 57 nagara. Pangobongan mau uga njalari sawijining mimbar kuna kang jenengé "Shalahuddin Al-Ayyubi" kobong nganti entèk. Dinasti Bani Hasyim, panguwasa Karajan Yordania wis ngganti nganggo mimbar gawéan Jepara, Indonésia[2][3] . Kulawarga Bani Hasyim, kang isih tetalèn getih karo Muhammad miturut tradhisi minangka kulawarga kang tanggungjawab njaga papan panggonan suci Islam ing kawasan mau.

Ètimologi[besut | besut sumber]

Jeneng Masjidil Aksa yèn diterjemahaké saka basa Arab sajeroning Basa Jawa, tegesé "masjid paling adoh". Jeneng iki asal saka katrangan sajeroning Kuran ing Surat Al-Isra' ayat 1 ngenani Isra Mi'raj. Isra Mi'raj ya iku lelungan kang dilakoni Muhammad saka Masjidil Karam tunuju Masjidil Aksa, lan sabanjuré munggah menyang swarga.[1][4] Sajeroning kitab Shahih Bukhari dipratélakaké yèn Muhammad sajeroning lelungan mau nitih Al-Buraq.[5] Istilah "paling adoh" dipigunakaké kanthi kontèks kang tegesé "paling adoh saka Mekah".[6]

Sajeroning atusan taun kang dimaksud Masjidil Aksa sakbeneré ora mung masjid waé, nanging uga tlatah saubengé yasan iku kang dianggep sawijining papan kang suci. Owah-owahan panyebutan kadadéan ing mangsa pamaréntahan kasultanan Utsmaniyah (kira-kira abad angka 16 nganti wiwitan 1918), ya iku aréa komplèks di saubengé masjid ingaran minangka Al-Karam Asy-Syarif, déné yasan masjid kang diyasa Umar bin Khattab ingaran Jami' Al-Aqsa utawa Masjidil Aksa.[7]

Wigati tumrap agama Islam[besut | besut sumber]

Istilah "Masjidil Aksa" sajeroning Islam ora mung winates ing pangertèn masjid waé, nanging kalebu kabèh Al-Karam Asy-Syarif (Bukit Omah Suci).[8] Masjid iki misuwur minangka omah ngibadah kaloro kang diyasa sawisé Masjidil Karam ing Mekah. Imam Muslim mratélakaké kadis kang diriwayataké saka Abu Dzar Al-Ghifari:

Aku takon marang Rasulullah saw. ngenani masjid kang wiwitan diyasa ing bumi iki.
Rasulullah saw. ngendika: "Masjidil Karam".
Aku takon: "Lajeng masjid pundi?"
Rasulullah saw. ngendika: "Masjidil Aksa".
Aku takon: "Pinten wekdal antawis kakalihipun?"
Rasulullah saw. ngendika: "Patang puluh taun. Banjur kabèh bumi Allah minangka papan sujud kanggomu. Mula ing ngendi waé yèn wis wektu salat, salat-a".[9][10]

Sajeroning lelungan wengi tumuju Baitul Maqdis (Yerusalem), Muhammad nitih Al-Buraq lan sarawuhé banjur salat rong rakangat ing Bukit Omah Suci. Sawisé rampung salat, malaékat Jibril ngajak munggah menyang surga, lan ketemu karo sawetara nabi liyané, lan sabanjuré nampa préntah saka Allah kang ngukuhaké kuwajiban tumrap umat Islam supaya ngayahi salat limang wektu saben dinané.[11][12] Muhammad banjur bali menyang Mekah.

Masjidil Aksa misuwur minangka "masjid paling adoh" sajeroning surat Al-Isra sajeroning Kuran.[13] Lokasiné miturut tradhisi umat Islam ditafsiraké minangka situs Al-Haram Asy-Syarif ing Yerusalem, ing ngendi madeg sawijining masjid kanthi jeneng iki. Miturut tradhisi iki, istilah masjid kang sajeroning basa Arab kanthi harfiah tegesé "papan sujud",[14] uga bisa tegesé panggonan-panggonan ngibadah monoteistik liyané kaya Haikal Sulaiman, kang sajeroning Kuran uga ingaran kanthi istilah masjid.[15] Para sajarawan donya kulon Heribert Busse lan Neal Robinson duwé panemuyèn iku penafsiran kang dikarepaké.[16][17]

Maimunah binti Sa’ad sajeroning kadis ngenani ziarah menyang Masjidil Aksa nyebutaké: "Ya Nabi Allah, wènèhna fatwa marang aku ngenani Baitul Maqdis". Nabi ngendika, "Panggonan dikumpulaké saka disebaraké (manungsa). Mula tekanana lan salat ing jeroné. Amarga salat ing jeroné kaya salat 1.000 rakangat ing panggonan liya ". Maimunah takon manèh: "Kados pundi manawi kula botensaged ". "Mula wènèhana lenga kanggo madhangi. Sing sapa mènèhi iku kaya-kaya wong iku wis nekani panggonan iku."[18][19][20]

Kiblat sepisanan[besut | besut sumber]

Sajarah wigati Masjidil Aksa sajeroning agama Islam uga olèh panekanan amarga umat Islam nalika salat naté madhep kéblat arah menyang Al-Aqsa nganti patbelas utawa pitulas sasi [21] sawisé prastawa ijrah menyang Madinah taun 624.[22] Menurut Allamah Thabathaba'i, Allah nyiapaké umat Islam kanggo pindhah kéblat mau, pisanan kanthi ngungkapaké kisah ngenani Ibrahim lan putrané Ismail, donga-dongané kanggo Ka'bah lan Mekah, upayané yasa Baitullah (Ka'bah), sarta préntah ngresiki kanggo minangka papan ngibadah marang Allah. Sabanjuré kaudhunaké ayat-ayat Kuran kang mrintahaké umat Islam supaya ngadhep arah Masjidil Karam nalika salat.[11]

Owah-owahan arah kéblat minangka alesan kena apa Umar bin Khattab, salah siji Khulafaur Rasyidin, ora salat ngadhep watu Ash-Shakhrah ing Bukit Omah Suci utawa yasa yasan ing saubengé; sanajan nalika Umar rawuh ing kana taun 638, panjenengané ngenali watu mau kang diyakini minangka papan Muhammad miwiti lelungan munggah menyang swarga. Bab iki amarga miturut yurisprudensi Islam, sawisé arah kéblat wis pindhah, Kab'ah ing Mekah wis dadi luwih wigati tinimbang papan watu Ash-Shakhrah ing Bukit omah Suci mau.[23]

Miturut riwayat-riwayat kang umum misuwur sajeroning tradhisi Islam, Umar mlebu Yerusalem sawisé pénaklukan ing taun 638. Dicaritakaké yèn panjenengané ngendika karo Ka'ab Al-Ahbar, wong Yahudi kang wis mlebu Islam lan mèlu rawuh bebarengan saka Madinah, ngenani papan paling apik kanggo yasa masjid. Al-Ahbar mrayogakaké supaya masjid diyasa ing samburiné watu Ash-Shakhrah "... mula kabèh Al-Quds (dumunung) ing ngarep panjenengan ". Umar ngendika, "Ka'ab, Panjenengan wis niru ajaran Yahudi".[24] Sanajan mangkono, sawisé pacelathon iku Umar nganggo jubahé miwiti ngresiki papan kang wis dikebaki runtah lan puing-puing mau. Semono uga kaum Muslim pengikuté mèlu ngresiki panggonan mau. Umar banjur ngayahi salat ing papan kang diyakini minangka papan salat Muhammad wektu Isra Mi'raj, lan Umar ing panggonan mau maca ayat-ayat Kuran saka Surat Sad.[23] Mula saka iku, miturut riwayat mau Umar dianggep wis nyucèkaké manèh situs mau minangka masjid.[25]

Ngèlingi kasucèn Bukit Omah Suci, minangka papan kang dipercaya naté dipigunakaké ndonga déning Ibrahim, Daud, lan Sulaiman, mula Umar ngadegaké siji omah ngibadah cilik ing pojok sisih kidul area mau. Sacara ati-ati panjenengané ngéndhani supaya watu Ash-Shakhrah ora dumunung antarané masjid iku lan Ka'bah, saéngga umat Islam mung bakal ngadhep arah Mekah waé nalika ngayahi ngibadah salat.[23]

Status religius[besut | besut sumber]

Gambar ing témbok sawijining omah ing Tunisia, nampilaké telu papan suci Islam.

Yerusalem déning akèh kalangan umat Islam dianggep panggonan kang suci, sarujuk karo penafsiran saka ayat-ayat suci Kuran lan manéka hadist. Abdallah El-Khatib duwé panemu yèn kira-kira ana pitung puluh papan sajeroning Kuran ing ngendi Yerusalem disebutaké kanthi kasirat.[26] Yerusalem uga kerep ingaran-sebut sajeroning kitab-kitab hadist. Sawetara akadhemisi duwé panemu yèn status kasucèn Yerusalem manawa kadayan déning tuwuhing panyebaran sajinis genre sastra tinamtu, ya iku Al-Fadhail (sajarah kutha-kutha); saéngga kaum Muslim kang kainspirasi, mligi sajeroning période Umayyah, ngangkat status kasucèn kutha iku ngluwihi statusé miturut kitab suci.[27] Akademisi-akadhemisi lainnya mempertanyakan keberadaan motif-motif pulitik Dinasti Umayyah, sehingga Yerusalem kemudian dianggap suci bagi umat Islam.[28]

Naskah-naskah abad tengahan, kaya déné uga tulisan-tulisan politis era modhèren, kapara mapanaké Masjidil Aksa minangka papan suci katelu tumrap umat Islam.[29] Contoné, kitab Sahih Bukhari ngutip Abu Hurairah saka Muhammad, kang martakaké: "Aja nganti lelungan iku ngabotaké (panjenengan) kajaba menyang telu masjid ya iku Masjidil Karam, Masjid Rasulullah, lan Masjidil Aksa".[30] Kajaba iku, Organisasi Konferensi Islam (kang alesan ngadegaké “kanggo mbébasaké Al-Aqsa saka pendhudhukan Zionis [Israèl]") nyebut Masjidil Aksa sajeroning sawijining résolusi kang ngutuk tindakan-tindakan Israèl ing kutha iku, minangka papan paling suci katelu tumrap umat Islam.[31]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. ^ a b "Al-Aqsa Mosque, Jerusalem". Atlas Travel and Tourist Agency. Dijupuk 2008-06-29.  Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "Atlas Travel" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  2. ^ "Indonésia Harus Bawa Isu Al-Aqsa di Forum OKI" (ing basa Basa Indonésia). Okezone. 
  3. ^ "Mihrab Dari Jepara" (ing basa Basa Indonésia). Tribun Kaltim. 
  4. ^ "Lailat al Miraj". BBC News (BBC MMVIII). Dijupuk 29 June 2008. 
  5. ^ Sahih al-Bukhari 5, 58, 227
  6. ^ Chiffolo, Anthony F. Dome of the Rock and El-Aqsa Mosque Divine Nature.
  7. ^ Jarrar, Sabri (1998). Muqarnas: An Annual on the Visual Culture of the Islamic World (ed. Ilustrasi, anotasi). BRILL. k. 85. ISBN 9004110844, 9789004110847 Priksa gandra |isbn= (pitulung).  Paramèter |juru besut= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  8. ^ Saed, Muhammad (2003). Islam: Questions and Answers-Islamic History and Biography. MSA Publication Limited. k. 12. ISBN 1861793235. 
  9. ^ Sunarto, Achmad (2002). Terjemah Kadis Shahih Muslim, Penerbit Hussaini, Bandung. Hlm. 246.
  10. ^ Masjid al-Aqsa: Second house of prayer established on Earth World Press.
  11. ^ a b Tabatabae, Sayyid Mohammad Hosayn. [[Tapsir al-Mizan|AL-MIZAN:AN EXEGESIS OF THE QUR'AN]], translation by S. Saeed Rizvi. WOFIS. ISBN 9646521142.  Cengkah URL–pranalawiki (pitulung)[pranala mati]
  12. ^ Sahih Muslim, 1:309
  13. ^ [Qur'an 17:1]
  14. ^ Hillenbrand, R. "Masdjid. I. In the central Islamic lands". Encyclopaedia of Islam Online. Brill Academic Publishers. Cithakan:ISSN.  Paramèter |juru besut= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  15. ^ [Qur'an 17:7]
  16. ^ Busse, Heribert. (1991). Jerusalem in the Story of prophet Muhammad's Night Journey and Ascension. Jerusalem Studies in Arabic and Islam, 14 pp.1–40
  17. ^ Robinson, Neal. (1996). Discovering The Qur'ân: A Contemporary Approach To A Veiled Text. SCM Press Ltd: London, p.192
  18. ^ (HR. Ibnu Majah).
  19. ^ Virtues of al-Aqsa Friends of Al-Aqsa.
  20. ^ Hadith of Imam Ahmad and Ibnu Majah
  21. ^ Baiquni, Umairul Ahbab, Achmad Sunarto (1996). Terjemah Kadis Shahih Bukhari, Penerbit Husaini, Bandung. Hlm. 293.
  22. ^ Allen, Edgar (2004). States, Nations, and Borders: The Ethics of Making Boundaries. Cambridge University Press. ISBN 0521525756. Dijupuk 9 June 2008. 
  23. ^ a b c Mosaad, Mohamed. Bayt al-Maqdis: An Islamic Perspective pp.3–8
  24. ^ Aiman, Abu (2007). Rahasia Di Balik Penggalian Al-Aqsha. PT. Cahaya Insan Suci. Cet. I. Hlm. 67. ISBN 979-1238-54-0. Diakses 6 Agustus 2010.
  25. ^ The Furthest Mosque, The History of Al-Aqsa Mosque From Earliest Times Mustaqim Islamic Art & Literature. 5 Januari 2008.
  26. ^ el-Khatib, Abdallah (1 May 2001). "Jerusalem in the Qur'ān" (Abstract). British Journal of Middle Eastern Studies 28 (1): 25–53. doi:10.1080/13530190120034549. Dijupuk 17 November 2006. 
  27. ^ Talhami, Ghada Hashem (2000). "The Modern History of Islamic Jerusalem: Academic Myths and Propaganda". Middle East Policy Journal. Blackwell Publishing. ISSN 1061-1924. Dijupuk 17 November 2006.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  28. ^ Silverman, Jonathan (May 6, 2005). "The opposite of holiness". Dijupuk 17 November 2006. 
  29. ^ Doninger, Wendy (1 September 1999). Merriam-Webster's Encyclopedia of World Religions. Merriam-Webster. k. 70. ISBN 0-877-79044-2. 
  30. ^ Baiquni, Umairul Ahbab, Achmad Sunarto (1996). Terjemah Kadis Shahih Bukhari, Penerbit Husaini, Bandung. Hlm. 590.
  31. ^ "Resolution No. 2/2-IS". Second Islamic Summit Conference. Organisation of the Islamic Conference. 24 February 1974. Dijupuk 17 November 2006. 

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]