Kubah Shakhrah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Kubah Shakhrah (Arab: مسجد قبة الصخرة, translit.: Qubbat As-Sakhrah, Ibrani: כיפת הסלע, translit.: Kipat Hasela, Turki: Kubbetüs Sahra, Inggris: Dome of the Rock) iku papan suci Islam lan marka tanah utama sing dumunung ing tengah-tengah sajeroning témbok komplèks Al-Haram asy-Syarif, komplèks iki dumunung ing jero témbok Kutha lawas Yerusalem (Yerusalem Wétan). Kubah Shakhrah iki rampung diyasa taun 691, andadèkak’e yasan Islam paling tuwa sing isih ana ing donya.[1]

Kubah Shakhrah dudu sawijining masjid, suwaliké, minangka sawijining komplèks papan dumunungé watu gedhé pangggonan Muhammad munggah sajeroning prastawa Isra lan Mi'raj. Qubbat As-Sakhrah dumunung ing Baitulmuqaddis ing kawasan Al-Haram asy-Syarif. Qubbat As-Sakhrah iku dudu Masjid Al Aqsa amarga Masjid Al Aqsa dumunung ora adoh saka yasan ini. Qubbat Al-Sakhrah kerep disalahfahami minangka Masjid Omar sing dadi papan Saidina Umar Al-Khatab salat nalika rawuh ing Baitulmuqaddis.

Wigatiné tumrap agama[besut | besut sumber]

Shakhrah utawa Watu Moriah, dideleng saka kubah.

Kubah Shakhrah, salah siji yasan ing komplèk Bukit Omah Suci (yasan utama liyané ya iku Masjid Al Aqsa, iku siji saka papan suci tumrap umat Islam sawisé Mekah lan Madinah. Wigatiné papan iki amarga anané Shakhrah ing jeroné. Miturut kaprecayan Islam, watu iki minangka titik nalika Muhammad ngayahi Mi'raj munggah menyang langit dikanthèni Malaikat Jibril.

Papan iki uga dadi papan suci tumrap umat Yahudi sing dedonga madhep arah watu iki. .

Sajarah[besut | besut sumber]

Gambar:Palestine Pound 1939 front.jpg
Qubbat As-Sakhrah muncul ing dhuwit kertas Mandat Palestina.

Kubah Shakhrah diyasa antara taun 687 nganti taun 691 déning Khalifah Abdul Malik bin Marwan, khalifah Ummaiyyah. Sajarah Qubbat Al-Sakhrah wis ngiewati rupa-rupa jaman, ya iku jaman Islam, jaman Perang Salib, jaman Mandat Karajan Manunggal lan jaman pendhudhukan Israèl.

Isra lan Mi'raj[besut | besut sumber]

Penaklukan Baitul Maqdis[besut | besut sumber]

Perang Salib[besut | besut sumber]

Denah lantai Kubah Sakhrah ing tengah-tengahé ana Sakhrah, kontruksi yasan iki nginspirasi Ordho Bait Allah.

Sajeroning Perang Salib, Kubah Shakhrah diserahaké marang Augustinian, sing banjur ngowahi dadi gréja, lan Masjid Al-Aqsa sadi pura Baldwin I taun 1104. Ordho Bait Allah, sing pecaya yèn Qubbat As-Sakhrah minangka lokasi Bait Salomo, ngadegaké markasé ing Masjid Al-Aqsa cedhak Qubbat As-Sakhrah ing abad ka-12.

Wacan[besut | besut sumber]

  • M. Irfan Zidny, M.A. ; MASJIDIL AQSHA Pusat Para Nabi dan Awal Mi'raj Rasul; Penerbit Antar Kota, Jakarta, 1986
  • Dan Bahat; CARTA's HISTORICAL ATLAS OF JERUSALEM A Brief Illustrated Survey; Carta, The Israèl Map & Publishing Co. Ltd; Jerusalem; revised and expanded 1976.
  • Biblical Archaeology Review; Was the Temple Mount Once a Cemetry; May/June 1985 vol.XI No. 3

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ Rizwi Faizer (1998). "The Shape of the Holy: Early Islamic Jerusalem". Rizwi's Bibliography for Medieval Islam. Diarsip saka sing asli ing 2002-02-10. 

Pranala njaba[besut | besut sumber]