Kasultanan Ngayogyakarta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Nagari Kasultanan Ngayogyakarta[1]
ꦏꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦡ​ꦲꦢꦶꦤꦶꦁꦫꦠ꧀
1755–saiki
Flag
Gendera Kasultanan
(Gula Klapa)[2][3][4][5]
Praja Cihna, Lambang Kesultanan Yogyakarta
Praja Cihna, Lambang Kesultanan Yogyakarta
Pernahé Kasultanan Ngayogyakarta
Wewengkon Kasultanan Ngayogyakarta ing taun 1830 (werna ijo)
Kutha krajan Kutha Ngayogyakarta
Basa Jawa 1755-1950, Walanda 1755-1811; 1816-1942, Inggris 1811-1816, Jepang 1942-1945, Indonésia 1945-1950
Agama Islam, Kejawèn
Pamaréntahan Monarki (kasultanan)
Sultan
 •  1755-1792 ISKS Hamengkubuwana I
 •  1940-1950 (status diudhunké); w. 1988 ISKS Hamengkubuwana IX
 •  1989-petahana ISKS Hamengkubuwana X
Pepatih Dalem (Pepatih Dalem)
 •  Pertama (1755-1799) Danureja I
 •  Pungkasan (1933-1945) Danureja VIII
Sajarah
 •  Hadeging Nagari: Prajanjèn Giyanti 13 Pébruwari 1755
 •  Mudhun status: Pengundangan UU No. 3 Taun 1950 4 Maret saiki
Sadurungé
Sawisé
Kesultanan Mataram
Kadipaten Pakualaman
Daerah Istimewa Yogyakarta
---
Status Pulitik:
  • De facto mardika (1755-1830)
  • De jure negara dhepèndhen saka VOC (1755-1799)
  • De jure negara dhepèndhen saka Republik Bataav/Franco Nederland (1800-1811)
  • De jure negara dhepèndhen saka EIC (Inggris) (1811-1816)
  • De jure negara dhepèndhen saka Nederlands Indie (1816-1830)
  • Negara dhepèndhen saka Nederlands Indie (1830-1942)
  • Negara dhepèndhen saka Kekaisaran Jepang (1942-1945)
  • Negara dhepèndhen/dhaérah istiméwa saka dari Republik Indonesia wujud monarki manunggal dengan bentuk monarki sinartan parlemèn (1945-1950)
  • Status negara diudhunké resmi menyang status dhaérah istimewa satingkat provinsi (1950)
    ---
    Lain-Lain
  • Hymne Sultan: Gendhing Monggang
  • Sapérangan wewengkon didegaké Negara Kepangeranan Pakualaman pada 1813

Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat (Jawa: ꦑꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦡꦲꦢꦶꦟꦶꦁꦫꦠ꧀) iku diyasa déning Radèn Mas Sujana utawa Pangéran Mangkubumi kang jumeneng nata kanthi asma Ngarsa Dalem Sampéyan Dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Hamengku Buwana Sénapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalifatullah Ingkang Jumeneng Kaping I Ing Ngayogyakarta Hadiningrat. Adeging nagari kasultanan iki lumantar Prejanjèn Giyanti (Palihan Nagari) surya kaping 13 Fébruari 1755 utawa tanggal kaping 29 Rabingulakir 1680 Bé ing désa Giyanti, Karanganyar sawisé pamberontak saka nagara Mataram. Pecahé Kraton Mataram ora ucul saka anané prabawa bangsa Walanda sing duwé kapentingan pulitik kolonialisme.[6]

Wiwitan[besut | besut sumber]

Adhedhasar Prejanjèn Giyanti utawa Palihan Nagari, Pangéran Mangkubumi duwé hak setengah laladan saka karajan Mataram. Kutha krajan kasultanan iki yaiku Ngayogyakarta. Sadurungé prajanjèn iki, ana pasemon antarané Pangéran Mangkubumi karo Nicholas Harthing kang manggon ing pasanggrahan Pangéran Mangkubumi ing désa Padhagangan, Grobogan. Ing pasemon iku sakloroné wawanrembug tansah alot, mula pasemon iki ngentekaké 2 dina, yaiku dina Minggu nganti Senin tanggal 22 nganti 23 Sèptèmber 1754. Pasemon iku ngrembug babagan pamérangan laladan, gela raja, pernahé laladan Pangéran Mangkubumi.

Pagelaran Kraton Ngayogyakarta

Pangéran Mangkubumi ngèyèl menawa laladané manggon ing kulon kanthi kutha krajané Ngayogyakarta, amarga dhèwèké mangertèni menawa Walanda arep nganggo pulitik devide et empera. Menawa kratoné kaya pilihan Pangéran Mangkubumi cedhak marang kraton Surakarta, Walanda kuwatir amarga sakloroné (Ngayogyakarta lan Surakarta) bisa nglawan Walanda, lan Walanda bisa kalah. Pangéran Mangkubumi milih papan kanggo ngadegaké karaton Ngayogyakarta amarga alesan filosofis magis kang duwé gegayutan marang topografi calon karajan Pangéran Mangkubumi. Walanda banjur ngalah marang panemuné Pangéran Mangkubumi babagan papan kraton lan punjeré papréntahan. Pangéran Mangkubumi uga nyebut pandhega minangka sultan, dudu sunan, supaya ora ngembari karo kraton Surakarta.

Sri Sultan Hamengkubuwana X

Banjur Prejanjèn Giyanti ditandhatangani ing désa Giyanti dina Kemis Kliwon, tanggal 29 Rabiulakhir, Bée 1680 taun Jawa, wuku Langkir utawa tanggal 13 Fébruari 1755. Ing péhak Mangkubumi sing mèlu nandhatangani Pangéran Harya Hamangkunagara Mataram, Pangéran Natakusuma, Pangéran Ngabèhi Lèring Pasar, Pangéran Harya Pakuningrat, Adipati Danureja, lan Tumenggung Rangga Prawiradirja.[6]

Kaprajuritan[besut | besut sumber]

Nagari Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat handuweni saperangan bregada-bregada prajurit. Rikala semana, kacathet Ngayogyakarta nate handuweni nganti cacah 15 bregada prajurit kang nduweni ayahane dewe-dhewe. Nalika jaman pendhudhukan Jepang (1942 - 1945), Ngarsa Dalem Kaping IX hambubarake bregada-bregada prajurit negari awit Panjenenganipun-Dalem ora kersa yen bregada prajurit kraton mengko arep didadekake tambahan personil kanggo perang pasifik wetan. Nalika Indonesia wus mardika tahun 1945, karaton sempet ora nduweni bregada prajurit, nganti KGPH. Mangkubumi lan Ngarsa Dalem Kaping IX nggagas anane bregada prajurit meneh, ananging bregada prajurit kang kaanggit amung cacah 10 bregada kajaba Bregada Prajurit Langenastra, Bregada Prajurit Somaatmaja, Bregada Prajurit Jager, Bregada Prajurit Suranata, lan Bregada Prajurit Suragama. Bregada prajurit ing Ngayogyakarta saiki amung ngayahi karya nalika ana upacara-upacara ing Karaton kayata, Garebeg Mulud, Garebeg Sawal, Garebeg Besar, Dhaup Ageng, Caos Pakurmatan Tamu Agung, lsp. Cacah 10 bregada prajurit kang ngayahi karya nganti saiki yaiku :

Bregada Prajurit Karaton

  1. Bregada Prajurit Wirabraja
  2. Bregada Prajurit Dhaèng
  3. Bregada Prajurit Patangpuluh
  4. Bregada Prajurit Jagakarya
  5. Bregada Prajurit Prawiratama
  6. Bregada Prajurit Nyutra
  7. Bregada Prajurit Ketanggung
  8. Bregada Prajurit Mantrijero

Bregada Prajurit Kepatihan

  1. Bregada Prajurit Bugis

Bregada Prajurit kagungan Adipati Anom

  1. Bregada Prajurit Surakarsa

Jinis prajurit Kraton Ngayogyakartaa:

  1. Prajurit Wirabraja
  2. Prajurit Dhaèng
  3. Prajurit Patangpuluh
  4. Prajurit Jagakarya
  5. Prajurit Prawiratama
  6. Prajurit Nyutra
  7. Prajurit Ketanggung
  8. Prajurit Mantrijero
  9. Prajurit Bugis
  10. Prajurit Surakarsa

Deleng uga[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Nama resmi ini mengacu pada naskah dalam bahasa Jawa dari Cithakan:Ke wikisource. Nama resmi lainnya yang terdapat dalam dokumen resmi adalah Negeri Ngayogyakarta Hadiningrat ( Cithakan:Ke wikisource ), Daerah Kesultanan Yogyakarta ( Cithakan:Ke wikisource )
  2. Kraton Jogja (2023-08-31). "Hajad Kawula Dalem Mubeng Beteng 1 Sura Jimawal 1957 Kembali Diselenggarakan Secara Langsung".
  3. Pemerintah Daerah DIY (2019-09-01). "5.000 Orang Ikuti Lampah Budaya Mubeng Beteng 2019".
  4. Cithakan:Cite tweet
  5. Historia (2019-12-31). "Ricklefs yang Tak Sempat Saya Temui".
  6. a b Ensiklopedi Kraton Yogyakarta. Yogyakarta: Dinas Kebudayaan Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. 2009.

Kasultanan Mataram > Kasultanan Yogyakarta > Kadipaten Pakualaman


 
Krajan ing Jawa

0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga
600-1500 (Hindu-Buddha): Mataram Kuna, Kahuripan, Janggala, Pangjalu, Singhasari, Majapahit, Pajajaran, Blambangan
1500-saiki (Islam): Demak, Pajang, Banten, Cirebon, Sumedang Larang, Mataram Enggal, Surakarta, Ngayogyakarta, Mangkunagaran, Pakualaman