Kutha Ngayogyakarta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ngayogyakarta
Kutha
Saka kiwa ndhuwur banjur mèlu lakuné dom jam: Tugu Yogyakarta, Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, Dalan Maliyabara, Universitas Gadjah Mada, Bank Indonesia Ngayogyakarta, Golek Ayun-Ayun
Saka kiwa ndhuwur banjur mèlu lakuné dom jam: Tugu Yogyakarta, Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, Dalan Maliyabara, Universitas Gadjah Mada, Bank Indonesia Ngayogyakarta, Golek Ayun-Ayun
Gendéra Ngayogyakarta
Gendéra
Official seal of Ngayogyakarta
Lambang
Peparab: Kutha Pelajar, Kutha Budaya, Kutha Gudheg
Sesanti: Amemayu Ayuning Bawana
Pernahé ing Daerah Istimewa Yogyakarta
Pernahé ing Daerah Istimewa Yogyakarta
Ngayogyakarta kapernah ing Jawa
Ngayogyakarta
Ngayogyakarta
Pernahé ing Pulo Jawa lan Indonésia
Koordhinat: 7°48′5″S 110°21′52″E / 7.80139°S 110.36444°E / -7.80139; 110.36444Koordhinat: 7°48′5″S 110°21′52″E / 7.80139°S 110.36444°E / -7.80139; 110.36444
NagaraIndonésia
ProvinsiDaerah Istimewa Yogyakarta
Kacamatan
Pamaréntahan
 • WalikuthaHaryadi Suyuti
 • Wakil walikuthaHeroe Purwadi
Laladan
 • Kutha46 km2 (18 sq mi)
 • Métro2.159,1 km2 (833,6 sq mi)
Élepasi113 m (371 ft)
Cacah warga (2016)
 • Kutha412.331
 • Pepadhet9,000/km2 (23,000/sq mi)
 • Métro4.010.436
 • Pepadhet métro1,900/km2 (4,800/sq mi)
Dhémografi
 • Agama[1]Islam 83.22%
Katulik 9.39%
Protèstan 6.26%
Buda 0.29%
Hindhu 0.20%
Kong Hu Cu 0.02%
Liyané 0.01%
Zona wektuWIK (UTC+7)
Kodhe laladan(+62) 274
Plat montorAB
HDIIncrease 0.837 (Dhuwur banget)
Situs wèbwww.jogjakota.go.id (ing basa Indonésia)

Kutha Ngayogyakarta (Jawa: ꦏꦸꦛꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠ, Pegon: كوڟا ڠايَوڮياكارتا) utawa cekaké Kutha Yogya iku kutha krajan Daerah Istimewa Yogyakarta. Kutha iki naté dadi kutha krajan Indonésia ing jaman révolusi. Kajaba iku kutha iki minangka kutha krajan Daerah Istimewa Yogyakarta, kang dipanggedhèni déning Sri Sultan Hamengkubuwana X lan Sri Paduka Paku Alam X. Ngayogyakarta kaloka minangka kutha pelajar, amarga amèh 20% kang ndunungi produktifé wujud pelajar lan ana 137 pawiyatan luhur. Pawiyatan luhur kang diduwèni pamaréntah antarané Universitas Gadjah Mada, Universitas Negeri Yogyakarta, Institut Seni Indonésia Yogyakarta lan Universitas Islam Negeri Sunan Kalijaga.

Pérangan saka Kutha Ngayogyakarta, ya iku Kuthagedhé, tau dadi punjer Kasultanan Mataram antara 1575-1640. Kraton (Pura) Sultan kang isih duwé fungsi sajeroning makna kang sakbeneré ya iku kraton Kasultanan Ngayogyakarta, kang dadi pecahan saka Mataram.

Sajarah[besut | besut sumber]

Madegé Kutha Ngayogyakarta diwiwiti kanthi anané Prajanjèn Giyanti ing tanggal 13 Fèbruari 1755 kang ditandatangani Kompeni Walanda ya iku déning Gubernur Nicholas Hartingh makili Gubernur Jendral Jacob Mossel. Isi Prajanjian Gianti iku mau: Nagara Mataram dipérang dadi loro: Setengah isih dadi Hak Krajan Surakarta, setengah liyané dadi Hak Pangéran Mangkubumi. Sajeroning prejanjèn mau uga Pengèran Mangkubumi diakoni dadi Raja ing setengah laladan Pedalaman krajan Jawa kanthi Gelar Sultan Hamengkubuwana Sénapati Ing Ngalaga Ngabdul Rakman Sayidin Panatagama Khalifatullah.

Déné laladan-laladan kang dadi kakuwasané ya iku Mataram (Ngayogyakarta), Pojong, Sukawati, Bagelen, Kedhu, Bumigedhé lan ditambah laladan mancanagara ya iku; Madiun, Magetan, Cirebon, saparo Pacitan, Kartasura, Kalangbret, Tulungagung, Majakerta, Bojanegara, Ngawèn, Sela, Kuwu, Wanasari, Grobogan.

Sawisé rampung Prajanjian Pembagéyan Laladan iku, Pengéran Mangkubumi kang kawastanan Sultan Hamengkubuwana I sigra ngukuhaké yèn laladan Mataram kang ana ing sajeroning kakuwasané iku dijenengi Ngayogyakarta Hadiningrat lan kutha krajané ing Ngayogyakarta. Katetepan iki diumumaké ing tanggal 13 Maret 1755.

Panggonan kang dipilih dadi kutha krajan lan punjer papréntahan iki ya iku alas kang ingaran Beringin, kang wis ana désa ciliké ya iku Pachetokan, lan ana sawijining pasanggrahan kang jenengé Garjitawati, kang diyasa déning Susuhunan Pakubuwana II lan jenengé banjur diowahi dadi Ayodya. Sawisé panetepan mau diwedharaké, Sultan Hamengkubuwana sigra mrintahaké marang rakyat supaya mbabad alas mau kanggo diadegaké sawijining karaton.

Sadurungé karaton iku dadi, Sultan Hamengkubuwana I ngersakaké manggon ing pasanggrahan Ambarketawang laladan Gamping, kang pinuju digawé uga. Manggon kanthi resmi ing papan mau ya iku tanggal 9 Oktober 1755. Saka papan iki panjenengané tansah ngawasi lan ngatur pangyasa kraton kang pinuju digarap.

Setaun sabanjuré Sultan Hamengkubuwana I ngersakaké lumebu Pura ayar kanggo ngresmèkaké. Kanthi mangkono wis madeg Kutha Ngayogyakarta utawa kanthi jeneng wutuh ya iku Nagari Ngayogyakarta Hadiningrat. Pasanggrahan Ambarketawang ditinggal déning Sultan Hamengkubuwana lan pindhah menyang karaton kang anyar. Pahargyan jumenenging kutha digelar ing tanggal 7 Oktober 1756[2]

Géografi[besut | besut sumber]

Kutha Ngayogyakarta dumunung ing tengahing Provinsi DIY, kanthi wates wewengkon:

Wewengkon Kutha Ngayogyakarta gumêlar ing antarané 110° 24′ 19″ nganti 110° 28′ 53″ Bujur Wétan lan 7° 15′ 24″ nganti 7° 49′ 26″ Lintang Kidul kanthi dhuwuring èlevasi rata-rata 114 m sadhuwuré lumahing sagara.[3] Luas wilayah Kota Yogyakarta iku 32,5 km².[4]  

Papréntahan[besut | besut sumber]

Kutha Ngayogyakarta katata sajeroning cacah 14 Kemantren. Kemantren-kemantren ing Kutha Ngayogyakarta kasebut ya iku:

Walikutha Yogyakarta[besut | besut sumber]

No Walikutha Mangsa tugas
1 M. Enoch Mèi 1947-Juli 1947
2 Mr. Soedarisman Poerwokoesoemo Juli 1947-Januari 1966
3 Soedjono A. Y. Januari 1966-November 1975
4 H. Ahmad November 1975-Mèi 1981
5 Soegiarto 1981-1986
6 Djatmiko D 1981(?)/6-1991
7&8 R. Widagdo 1991-2001
9 Herry Zudianto 2001-2006
10 Herry Zudianto 2006-2011
11 Haryadi Suyuti 2011-2016 (sedang menjabat)

Kutha kembar[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. Data Sensus Penduduk 2010 - Badan Pusat Statistik Republik Indonesia <http://sp2010.bps.go.id/index.php/site/tabel?tid=321&wid=3400000000&lang=id>
  2. Sajarah Kutha Ngayogyakarta ing situs resmi
  3. Data geografis Kutha Ngayogyakarta ing Situs resmi Kutha Ngayogyakarta
  4. Kutha Ngayogyakarta, Admin. "Kahanan Geografi" (PDF). Dibukak ing 2021-10-11.[pranala mati permanèn]

Deleng uga[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Daerah Istimewa Yogyakarta