Karajan Kahuripan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

Karajan Kahuripan dibangun déning Airlangga sing brasil selamat wektu karajan Medang dihancurke karajan Sriwijaya taun 1019 M. Keturunan wangsa Isyana iki dadi raja Kahuripan wektu umuré tesih 16 taun ning Airlangga brasil nyatuake manèh sisa-sisa karajan Medang, malah bisa nguwasani Bali lan Jawa Tengah.

Karya sastra lan candhi[besut | besut sumber]

Taun 1035 M ing jaman pamaréntahan Airlangga, Mpu Kanwa brasil nggubah kitab Arjuna Wiwaha sing diadaptasi saka epik Mahabharata. Kitab iku nyeritaake Arjuna (inkarnasi saka Wisnu). Kitab iki digubah kanggo ngormati Airlangga.

Saliyané kitab Arjuna Wiwaha, carita Airlangga uga ana ing candhi tilas karajan Kahuripan iki yaiku candhi Belahan ing pèrèng gunung Penanggungan.

Kahuripan dadi Jenggala lan Pangjalu[besut | besut sumber]

Pewaris tahta Kahuripan yaiku Dewi Kili Suci milih dadi pertapa, akhire karajan Kahuripan dipecah dadi loro yaiku Jenggala kanggo Jayasabha lan Pangjalu kanggo Jayabhaya, kedadeyan pembageyan iku ing taun 963 Saka tujuane kanggo ngindari perang saudara, tugas pembageyan iku diserahke ing pendeta sakti yaiku Arrya Bharad. Arrya Bhadad mbagi karajan nganggo cara sing unik yaiku nggawé aliran banyu ing lemah sing dikucurke saka kendi pusaka. Bates sing digawé pendeta iku kira-kira ing kali Brantas saiki uga gunung Kawi. Riwayat karajan Jenggala akhire cures digabung karo Pangjalu amarga pangeran saka Pangjalu (Kediri) yaiku Kameswara nikah karo putri saka Jenggala yaiku putri Kirana.

Silsilah[besut | besut sumber]

Silsilah katurunan prabu Airlangga ora ana cathetan sajarahé saka sumber sajarah sing primer, dadine muncul akèh versi silsilah antarané saka lontar babad Arya sing disimpen ing Gedong Kirtya, Singaraja-Bali, silsilahe yaiku:

Ana sumber liya yèn putra Airlangga iku ana 4 yaiku:

Urung ana kepastian apa tokoh Lembu Amerdadu iki padha karo tokoh Lembu Amiseno sing uga karan-sebut dadi raja pertama ing karajan Pangjalu utawa karajan Daha.

Karajan Medang > Karajan Kahuripan > Karajan Jenggala lan Karajan Pangjalu


 
Krajan ing Jawa

0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga | Kanjuruhan
600-1500 (Hindu-Buddha): Mataram Kuna, Medhang, Kahuripan, Janggala, Pangjalu, Singhasari, Majapahit, Pajajaran, Blambangan
1500-saiki (Islam): Demak, Pajang, Banten, Cirebon, Sumedang Larang, Mataram Enggal, Yogyakarta, Surakarta, Mangkunagaran, Pakualaman