Candhi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Gambar:Hindu Temple in Java, Indonésia.jpg
Prambanan, Salah siji candhi ing Jawa

Candhi iku yasan kang lumrahé digawé nalika jaman kuna saka kabudayan Hindhu-Buda.[1] sing diarani candhi durung mesthi jaman mbiyené dadi panggonan kanggo ngibadah. Ana uga candhi kang mbiyèné kanggo patirtan utawa kraton.[1] Candhi ya iku yasan tilas saking mangsa lampau ingkang dados panggonan ngibadah ibadah, pura, patirtaan lan gapura agama Hindhu-Buda.[1] Tembung candhi asalé saka tembung “Candhika” kang tegesé jeneng salah siji Déwa kematian (Durga).[1] Amarga perkara mau candhi mesthi digayutake karo monumen panggon padharmaan kanggo muliakake ratu Anumerta (kang wis séda) tuladhané candhi Kidal kanggo muliakake Raja Anusapati.[1] Penafsiran kang ana ing masarakat ya iku istilah 'candhi' mung ngrujuk saka yasan tilas jaman Hindhu-Buda ing Nusantara, ya iku ing Indonésia lan Malaysia waé (tuladhané: Candhi Lembah Bujang ing Kedah).[1] Nanging saka sudut pandang Basa Indonésia, istilah 'candhi' uga ngrujuk marang kabèh wangunan sajarah Hindhu-Buda ana ing donya ora mung sing ana ing Indonésia lan Malaysia, uga Candhi ana ing Kamboja lan India, kaya ta candhi Angkor Wat ing Kamboja lan candhi Khajuraho ing India.[1]

Antara abad ke-7 dan ke-15 masehi, ratusan yasan keagamaan diyasa dari bahan bata merah atau batu andesit di pulau Jawa, Sumatera, dan Bali. Yasan ini ingaran candhi. Istilah ini juga merujuk kepada berbagai yasan pra-Islam termasuk gerbang, dan bahkan pemandian, akan tetapi manifestasi utamanya tetap adalah yasan suci keagamaan.[2]

Fungsi lan Jinis[besut | besut sumber]

Candhi bisa migunani kanggo: [3]

Struktur Yasan Candhi [4]

  1. Kaki candhi ya iku dasaré candhi(segi papat, ujur sangkar utawa segi 20)[4]
  2. Tubuh candhi, panggon iki awujud kamar–kamar kanggo nyimpen reca utawa patung.[4]
  3. Atap candhi bentuké limasan, bermahkota stupa, lingga, ratna utawa amalaka.[4]

Sistem tata letak komplék candhi

  • Sistem konsentris (prabawa saka India) ya iku posisi candhi indhuk ana ing tengah-tengah anak–anak candhi (candhi perwara), tuladhané Candhi Prambanan.[4]
  • Sistem berurutan (asli Nusantara) ya iku posisi candhi indhuk ana ing mburiné anak–anak candhi, tuladhané Candhi Penataran.

Candhi dibagi dadi [4]

  1. Candhi kraton, ya iku candhi kang digawé kanggo kabèh warga kraton. Tuladhané: Candhi Borobudur, Candhi Prambanan, Candhi Sèwu, Candhi Plaosan (Jawa Tengah), Candhi Panataran ing Jawa Wétan.[4]
  2. Candhi wanua/watak,ya iku candhi kang digawé kanggo kabèh masarakat ana ing laladan tartamtu ing sawijining kraton. Tuladhané: Candhi kang asalé saka jaman Majapahit, Candhi Sanggrahan (Tulung Agung, Jawa Wétan), Candhi Gebang (Yogya), Candhi Pringapus (Temanggung, Jawa Tengah).[4]
  3. Candhi pribadi, ya iku candhi kang digawé kanggo dharmakaké salah sijining tokoh. Tuladhané: Candhi Kidal (pendharmaan Anusapati, ratu Singhasari), Candhi Jajaghu (Pendharmaan Wisnuwardhana, ratu Singhasari), Candhi Ngrimbi (pendharmaan Tribuanatunggadèwi, ibu Hayam Wuruk), Candhi Tegawangi (pendharmaan Bhre Matahun), lan Candhi Surawana (pendharmaan Bhre Wengker).[4]

Arsitektur Candhi[besut | besut sumber]

Candhi Pawon cedhak Borobudur, tuladha Langgam Jawa Tengah.
Gerbang Bajang Ratu ing Trowulan, tuladha Langgam Jawa Wétan.

Pangyasa candhi digawé manut ketentuan kang ana ing kitab Vastusastra utawa Silpasastra kang digawé déning silpin ya iku seniman kang gawé candhi (arsitèk jaman dhisik).[1][3] Salah saji péranganing kitab Vastusastra ya iku Manasara kang asalé saking India kidul, kang ora mung isi patokan-patokan gawé kuil.[3] Salah siji ketentuan saka kitab saklitane Manasara nanging wigati ing Indonésia ya iku syarat yasan suci apiké diyasa cedhak banyu kali (mligi cedhak pertemuan 2 buah kali, tlaga, segara.[3]

Bahan-bahan kanggo gawé candhi: [3]

  • Watu Andesit
  • Watu putih (tuff), kaya nana ing Candhi Ratu Boko, Jateng
  • Watu abang

Macem-macem dénah candhi: [3]

  • dénah bujur sangkar
  • dénah pasagi panjang
  • dénah lingkaran
Pérangan saka Candhi Langgam Jawa Tengah Langgam Jawa Wétan
Wujud yasan Cenderung tambun Cenderung dhuwur lan ramping
Payon Cetha nuduhaké undakan, lumrahé ana 3 tataran Payoné dadi kesatuan tataran. Undakan-undakan cilik kang akèh minangka kesatuan payon kang melengkung halus.
Kemuncak Stupa (candhi Buda), Ratna utawa Vajra (candhi Hindhu) Kubus (kebanyakan candhi Hindhu), kadang kala Dagoba kang bentuke tabung (candhi Buda)
Gawang pintu lan rerenggan relung Gaya Kala-Makara; kepala Kala nganggo mulut menganga tanpa rahang ngisor ana ing nduwuré lawang, gatuk karo Makara ganda ing sisih lawang Mung kepala Kala tengah menyeringai lengkap karo rahang ngisor ana ing nduwur lawang, Makara ora ana
Reliéf Ukiran luwih dhuwur lan menonjol karo gambar bergaya naturalis Ukiran luwih cendhak (tipis) lan kurang menonjol, gambar bergaya kaya wayang bali
Tata letak lan lokasi candhi utama Mandala konsentris, simetris, formal; kanthi candhi utama ana ing tengahé halaman komplkés candhi, diubengi jajaran candhi-candhi perwara kang luwih cilik ana ing barisan kang rapi Linear, asimetris, ngetutké topografi (penampang ketinggian) lokasi; kanthi candhi utama ana ing mburi, paling adoh saka lawang mlebu, lan seringkali terletak ing lemah kang paling dhuwur sakompléks candhi, candhi perwara ana ing ngarep candhi utama
Arah madap yasan Akehé madep ngétan Akehé madep ngulon
Bahan yasan Akehé watu andesit Akehé bata abang

Indonésia[besut | besut sumber]

Candhi-candhi ing Indonésia, ya iku:[5]

Jawa Pérangan Kulon[besut | besut sumber]

Candhi-candhi ing Jawa Kulon ya iku:[5]

Jawa Pérangan Tengah[besut | besut sumber]

Candhi-candhi ing Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta, ya iku:[5]

Jawa Pérangan Wétan[besut | besut sumber]

Candhi-candhi ing Jawa Wétan, ya iku: [5]

Bali[besut | besut sumber]

Candhi-candhi ing Bali ya iku:[5]

Sumatra[besut | besut sumber]

Candhi-candhi ing Sumatra, ya iku:[5]

Kalimantan[besut | besut sumber]

Candhi-candhi ing Kalimantan ya iku:[5]

Kamboja[besut | besut sumber]

Candhi ing Kamboja:

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h http://candhi.pnri.go.id Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "internet1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  2. ^ Soekmono, R. "Candhi:Symbol of the Universe", pp.58-59 in Miksic, John, ed. Ancient History Volume 1 of Indonésian Heritage Series Archipelago Press, Singapore (1996) ISBN 978-981-3018-26-6
  3. ^ a b c d e f www.oocities.org Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "internet5" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  4. ^ a b c d e f g h i http://okanila.brinkster.net
  5. ^ a b c d e f g http://syadiashare.com