Trowulan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Gapura Paduraksa Bajang Ratu

Trowulan, iku kecamatan kang kalebu ing salah sawijiné Kabupatén Mojokêrto, pêrsise 11 km ing sisih kilon kutha Mojokêrto.[1] jarak têmpuhipun kirang langkung 60 km saking Surabaya.[1] Ing wewengkon Mojokêrto taksih wontên kaéndahan Karajan Majapahit kang jaman biyèn digawé karo Radèn Wijaya.[1] Awit saka abad kaping 13 lan abad kaping 14, Kêrajaan Majapahit iku duwé kutha krajan ing Triwulan.[1] Nanging, jaman taun 1478 Kêrajaan Majapahit dipserang kaliyan wadya Islam kaéndahan kang edi peni lan karaméan ing Trowulan dadi ical botên wontên kabaripun.[1] Botên mênika kèmawon, Triwulan sampun ora dadi punjer Kêrajaan Majapahit malih.[1]

Taun 1292 Singasari dikuwasani keturunan kraton Kadhiri ya iku Jayakatwang. Salah sawijining keturunan Singasari, Radèn Wijaya, sumingkir menyang Pulo Madura. Ing pulo iku, Wijaya olèh pramayoga déning kang baureksa Madura, ya iku Aria Wiraraja, supaya éthok-éthok ngabdi karo Jayakatwang.

Jayakatwang nampa Wijaya lan kanugrahan lemah ing tlatah Tarik kang isih awujud alas. Tarik iki dadi cikal bakal kraton Majapahit.

Ing pungkasan taun 1293, Wijaya migunakaké prajurit Kubilai Khan kang arep nyerang Singasari (Kertanagara), gabungané prajurit Cina karo Wijaya iki bisa ngalahaké Jayakatwang kang déning prajurit Cina dikira Kertanagara. Radèn Wijaya uga ngalahke prajurit Kubilai Khan wektu acara pista kamenangan musuh Jayakatwang.

Sajarah Majapahit[besut | besut sumber]

Raja[besut | besut sumber]

Radèn Wijaya[besut | besut sumber]

Radèn Wijaya iku minangka Raja kang utama gawé Karajan Majapahit.[2] Karajan kang duwé gayutan raket karo Karajan Singosari, ya iku Raja Kertanagara ing mangsa 1268 Maséhi.[2] Radèn Wijaya, duwé mungsuh kang bisa diarani abot, kaya ta:

Ing taun 1292, Radèn Kertanagara mati dipaténi Adipati Jayakatwang.[2] Awit saka iku, Radèn Wijaya gabung karoAdipati Wiraraja saka Madura.[2] Pasukan Cina lan Radèn Wijaya nyerang Karajan Kadhiri.[2] Amerga ana salah paham, Cina nyerang Radèn Wijaya, nanging kalah, dadiné Cina mundhur lan Radèn Wijaya menang.[2] Ing taun 1293, Radèn Wijaya diwènèhi gelar Raja Kertarejasa.[2]

Radèn Jayanagara[besut | besut sumber]

Jayanagara iku ratu Majapahit kaping pindo (1309-1328), putra Radèn Wijaya saka Dara Petak kang asalé saka Karajan Dharmasraya. Dyah Dara Petak iku saka lima istri Radèn Wijaya lan mung saka Dyah Dara Petak iki Radèn Wijaya duwé katurunan putra lanang, mulane Dyah Dara Petak entu' gelar Stri Tinuheng Pura kang tegesé: Istri kang dituake ing pura. Ing jaman kakuasaan Jayanagara iki kerep kedadeyan pemberontakan kang dilakoni déning Sora taun (1311), Nambi taun 1316, uga Kuti taun 1319. Ing jamané Radèn Wijaya, asring ana berontakan, nanging ora bisa ngalahaké Radèn Wijaya.[2] Rikala taun 1309, Radèn Wijaya séda, awuné disimpen ing Candhi Ngrimbi lan Candhi Simping.[2] Dadiné, Raja Jayanagara gantéaké Radèn Wijaya.[2] Amerga ing jaman pamaréntahané Radèn Jayanagara akèh kang padha brontak.[2] Sédané Radèn Jayanagara ing taun 1328.[2]

Ratu Tribhuwana Tungga Déwi[besut | besut sumber]

Sawisé Radèn Jayanagara séda, Ratu Tribhuwana Tungga Déwi gantéaké dadi Ratu ing Majapahit kanthi taun 1350.[2] Nama asliné Tribhuwana Wijayatunggadewi ya iku Dyah Gitarja. Dhèwèké iku putri saka Radèn Wijaya lan Gayatri. Duwéni adhi kandung kang duwé nama Dyah Wiyat lan kakang tiri kang namané Jayanagara. Ing mangsa pamaréntahané Jayanagara (1309-1328) dhèwèké diangkat dadi panguasa bawahan ing Jiwana lan duwé gelar Bhre Kahuripan.

Miturut Pararaton, Jayanagara ngrasa wedi yèn takhtané terancam, saéngga dhèwèké menging adhi- adhiné dhaup. Sawisé Jayanagara séda taun 1328, para ksatriya padha rawuh kanggo nglamar putri loro mau. Akhiré, sawisé ngléwati sayembara, diéntukna wong lanang loro, ya iku Cakradhara dadi garwane Dyah Gitarja, lan Kudamerta dadi garwane Dyah Wiyat.

Cakradhara duwé gelar Kertawardhana Bhre Tumapel. Saka nikahane nan iku lair Dyah Hayam Wuruk lan Dyah Nertaja. Hayam Wuruk banjur diangkat dadi yuwaraja kang duwé gelar Bhre Kahuripan utawa Bhre Jiwana, Yèn Dyah Nertaja dadi Bhre Pajang.

Hayam Wuruk[besut | besut sumber]

Raja Hayam Wuruk duwé gelar Raja Sri Rajasanagara.[2] Amerga bantuané Patih Gadjah Mada, Majapahit ngalami pucuk kejayaan.[2] Karajan Majapahit iku dirangkum ing buku kang duwé sesirah Nagara-Kertagama, kang digawé karo mpu Prapanca.[2] Raja Hayam Wuruk iku mréntah kanthi taun 1350-1380.[2]

Wewengkon[besut | besut sumber]

Wewengkon kekuasaané jembar banget, wiwit saka Timor Timur kanthi Ujung Tanah Malayu, kalebu Tumasik saiki dadi Singapura.[3]

Pasisirs waé yèn Majapahit mau kraton gedhé dhéwé ing donya rikala semono.[3] Kondhangé Gajah Mada ing jaman Majapahit iku ora mung amarga letak wewengkon kekuasaané kang jembar.[3]

Warisan[besut | besut sumber]

Musiyum[besut | besut sumber]

Musiyum Mojokerto

Barang-barang purbakala kang wis tinemu (Direktorat Sajarah dan Purbakala) kasimpen ing Musiyum Mojokerto utawa ing Musiyum Trowulan.[4] Musiyum iki diyasa R. A. Kromo Djojo Adinegoro biyén Bupati Mojokerto. R. A. Kromo Djojo Adinegoro kang makarya sama karo Henricus maclaine Pont arsiték saka Walanda utawa Walanda.[5] Tanggal 24 April 1924 ngedhekaké Oudheeidkundige Vereeneging Majapahit (OVM).[5]

Arca[besut | besut sumber]

Arca Harihara (sapalih Siwa sapalih Wisnu) wujud anumerta Radhén Wijaya

Kang kudu diperhatikaké iku ora kabéh ciri arca mau bisa mawa jangkep nemoni saben arca ing mangsa Majapahit.[6] Ciri-ciriné mung ana ing arca kang wigati, kaya ta:

Candhi, Bentuk, lan Gunané[besut | besut sumber]

Gambar:Candhi Tikus.jpg
Candhi Tikus, petirtaan Majapahit

Miturut catatané Badan Pelestarian Peninggalan Purbakala Mojokerto, candhi utawa gapura iki duwé fungsi dadi lawang mlebu kanggo yasan suci kanggo méngeti wafaté Raja Jayanagara kang ing Nagarakertagama diarani “kembali ke donya Wisnu” taun 1250 Saka (sakiwa-tengené taun 1328 M).[7].Candhi utawa Gapura Bajang Ratu iki ana ing kedhuwurén 41,49 mèter ing dhuwuré lumah air laut, orientasiné ngarah kanthi Timur LautTenggara.[7] Digawé saka bahan/batu bata kajaba tangga sarta ambang pintu (dhuwur lan ngisor) kang digawé saka watu andesit.[7] Denah yasan minangka segi empat, berukuran 11,5 x 10,5 mèter kanthi dhuwuré 16,5 m. Lorong lawang mlebu lebaré kira-kira 1,4m.[7] Mawa vertikal Bajang Ratu dibagi dadi 3 pérangan, ya iku sikil, awak lan payon gapura.[7] Mawa kuwu gapura duwé suwiwi lan pager témbok ing sisiné.[7]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f (Drs. Djoko. 1993. Trowulan Berkas Kutha krajan Majapahit hal: 15. Jakarta. Penerbit: Balai Pustaka)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s (Drs. Djoko. 1993. Trowulan Berkas Kutha krajan Majapahit hal: 20-21. Jakarta. Penerbit: Balai Pustaka) Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku2" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  3. a b c www.koran-jakarta.com
  4. (Drs. Djoko. 1993 Trowulan Berkas Kutha krajan Majapahit hal: 27. Jakarta. Penerbit: Balai Pustaka)
  5. a b wisatamelayu.com
  6. a b c d e f g h i www.parisada.org
  7. a b c d e f iwanudin.com