Candhi Sukuh

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sana Warisan Donya UNESCO
Candhi Sukuh
Janeng ing Pratélan Warisan Donya
Wangunan Utama Candhi Sukuh.
JinisBudaya
Wewatoni, iv
Tlatah UNESCOAsia Pasifik
Wangunan Utama Candhi Sukuh.
Barkas:Candhi Sukuh.jpg
Candhi Sukuh

Candhi Sukuh iku komplèks candhi agama Hindhu kang papané ana ing Kabupatèn Karanganyar, eks Karesidenan Surakarta, Jawa Tengah. Candhi iki bisa digrupaké candhi Hindhu amarga ing kéné tinemu obyèk pepujèn lingga lan yoni. Candhi iki dianggep kontrovèrsial amarga wujudé kang kurang lumrah lan amarga akèhé obyèk-obyèk lingga lan yoni kang nglambangaké seksualitas.

Sajarah cekak panemon[besut | besut sumber]

Situs candhi Sukuh tinemu manèh nalika jaman papréntahan Britania Raya ing Tanah Jawa ing taun 1815 déning Johnson, Residhen Surakarta. Johnson kala iku ditugasi déning Thomas Stanford Raffles kanggo nglumpukaké dhata-dhata kanggo nulis bukuné The History of Java. Banjur sawisé mangsa papréntahan Britania Raya wis liwat, ing taun 1842, Van der Vlis, kang nduwé warganagara Walanda nganakaké panlitèn. Banjur ing taun 1928, pamugaran diwiwiti.

Lokasi candhi[besut | besut sumber]

Lokasi candhi Sukuh anané ing gegeré Gunung Lawu kang papané kurang luwih 1.186 mèter sadhuwuring sagara ing ko'ordhinat 07o37, 38’ 85’’ Lintang Kidul lan 111o07,. 52’65’’ Bujur Kulon. Candhi iki papané ana ing dukuh Berjo, désa Sukuh, kacamatan Ngargoyoso, Kabupatèn Karanganyar, eks Karesidenan Surakarta, Jawa Tengah. Candhi iki adohé kurang luwih 20 kilomèter saka kutha Karanganyar lan 36 kilomèter saka Surakarta. Kurang luwih yèn mènèk gunung Lawu 4 kilomèter manèh, ana situs Candhi Cetho.

Struktur yasan candhi[besut | besut sumber]

Barkas:Denah candhi Sukuh.png
Denah candhi Sukuh.

Wangunan candhi Sukuh awèh kesan kaprasajan kang nyolok ing para pengunjung. Kesan kang olèh saka candhi béda tenan saka candhi-candhi ing gedhé ing Jawa Tengah liyané yaiku Candhi Barabudhur lan Candhi Prambanan. Malahan wujud yasan candhi Sukuh luwih mèmper karo tilas budaya Maya ing Meksiko utawa tilas budaya Inca ing Peru. Struktur yasan iki uga ngélingaké para rawuh karo wujud piramidha ing Mesir. Prekara wujud candhi bakal dirembug manèh ing ngisor iki.

Kesan kaprasajan iki banjur diwigatèkaké déning arkéolog misuwur Walanda W.F. Stutterheim ing taun 1930. Stutterheim banjur nyoba mènèhi katrangan karo telung argumèn: kapisan, bokmanawa tukang kang nggawé candhi Sukuh dudu tukang watu nanging tukang kayu saka désa lan dudu saka kalangan karaton, kapindho candhi digawé rada kesusu dadi kurang rapi utawa kaping telu, kaanan pulitik kala iku nalika mèh sirnané karaton Majapait amarga didesek déning laskar Islam Demak dadi ora mungkin kanggo nggawé candhi kang gedhé lan megah.

Para pengunjung kang ngleboni lawang utama banjur ngleboni gapura kang gedhé dhéwé bakal weruh wujud arsitèktur khas yèn gapura iki ora ditata tegak lurus nanging rada miring, wujudé trapesium mawa atep ing ndhuwuré.

Watu-watu ing candhi iki wernané rada abang, amarga watu-watu kang dienggo iku jinis andhésit.

Téras kapisan candhi[besut | besut sumber]

Gapura utama candhi Sukuh.

Ing téras kapisan ana gapura utama. Ing gapura iki ana siji sangkala ing basa Jawa kang uniné gapura buta abara wong. Tembung-tembung iki nduwé watek 9, 5, 3, lan 1. Yèn diwalik olèh taun 1359 Saka utawa taun 1437 Masèhi.

Téras kapindho candhi[besut | besut sumber]

Gapura ing téras kapindho wis rusak. Ing tengen lan kiwa gapura kang lumrahé ana reca dwarapala (panjaga lawang), ing kéné uga ana, nanging kahanané wis rusak lan wis ora cetha wujudé manèh. Gapura iki wis ora ana atepé lan ing téras iki ora akèh reca-recané. Nanging ing gapura iki uga ana siji candrasangkala ing basa Jawa kang uniné "gajah wiku anahut buntut" ("gajah pandhita nyokot buntut"). Wateké 8, 7, 3, lan 1. Yèn diwalik mula olèh angka taun 1378 Saka utawa taun 1456 Masèhi. Dadi yèn angka iki bener, dadi ana selisih mèh rongpuluh taun karo gapura ing téras kapisan!

Téras kaping telu candhi[besut | besut sumber]

Ing téras kaping telu iki ana palataran gedhé karo candhi babaon lan pirang-pirang relief ing sisih kiwa karo reca-reca ing sisih tengen. Yèn para pengunjung pèngèn marani candhi iki kudu ngliwati undhak-undhakan watu ing siji lorong ciyut. Jaré arsitèktur kaya ngéné sengaja digawé kaya ngéné. Awit candhi babon iki mèmpèr wujud vagina lan miturut para nimpuna pancèn kanggo ngetès kaprawanan para rara. Miturut carita, yèn siji rara kang prawan mènèk, banjur slaput rarané (selaput dara ?) bakal suwèk lan dhèwèké bakal metu getihé. Nanging yèn wis ora prawan manèh, nalika nglangkahi undhakan iki, kain kang dienggo bakal suwèk lan ucul.

Presis sadhuwuring candhi utama ing pérangan tengah ana kothak segi papat kang katonané papan kanggo ndokok sesajèn. Ing kéné ana bekas-bekas kemenyan, dupa, lan hio kang diobong, dadi katonané isih kerep dienggo.

Banjur ing sisih kiwa candhi babon ana sagrup relief-relief kang nggambaraké mitologi utama Candhi Sukuh lan wis bisa diidhéntifikasi panglukisan saka carita Kidung Sudamala. Urutan relief kaya déné.

Relièf kapisan[besut | besut sumber]

Relief kapisan.

Ing pérangan kiwa dilukisaké gambaré sang Sahadéwa utawa Sadéwa, sadulur kembar Nakula lan uga kang paling enom saka para Pandhawa Lima. Loro-loroné iku putrané Prabu Pandhu saka Déwi Madrim, garwa anomé kang kapindho. Madrim wis séda nalika Nakula lan Sadéwa isih cilik lan loro-loroné diasuh déning Déwi Kunthi, garwa sepuh Pandhu. Déwi Kunthi banjur ngemong Nakula lan Sadéwa karo telu putrané dhéwé saka Pandhu: Yudhisthira, Bima lan Arjuna. Relief iki ngemot gambaré Sadéwa kang lagi ndhodhok lan diiloni siji punakawan. Arep-arepan karo Sadéwa uga katon sawijinig paraga wanita yaiku Déwi Durga kang uga diiloni punakawan.

Relièf kapindho[besut | besut sumber]

Relief kapindho.

Ing relief kapindho iki ditatah gambaré Déwi Durga kang wis molah lan nitis dadi siji raksesi kang rupané nggegirisi tur medèni. Rong raksesi kang medèni; Kalantaka lan Kalañjaya ngancani Bathari Durga kang lagi murka lan ngancam bakal matèni Sadéwa. Kalantaka lan Kalañjayaiku titisan widadara kang dikutuk amarga ora mumulèni sang Déwa dadi kudu lair kaya déné buta kang rupané ala. Sadéwa ditalèni ing siji uwit lan diancam bakal dipatèni mawa pedhang amarga ora gelem ngeculaké Durga. Banjur ing mburi katon ana Ki Semar. Uga ana rupa dhemit sétan kang nglayang mabur lan ing sadhuwuring uwit ana manuk darès loro. Lukisan nggegirisi iki lukisan alas Sétra Gandamayu (Pakuburan Gandamayit) papan pangguwangan para déwa kang diusir saka kahyangan amarga nglanggar aturan.

Relièf kaping telu[besut | besut sumber]

Relief kaping telu.

Ing pérangan iki ana lukisan sang Sadéwa lan punakawané, Semar kang adhep-adhepan karo siji tapa wuta anama Tambrapetra lan putriné Ni Padapa ing patapan Prangalas. Sadéwa bakal ngusadananiné saka kawutané.

Relièf kaping papat[besut | besut sumber]

Relief kaping papat.

Adegan iki nuduhaké siji taman éndah ing endi sang Sadéwa lagi cangkrama karo Tambrapetra lan putriné Ni Padapa karo siji punakawan ing patapan Prangalas. Tambrapetra matur sembah nuwun lan nyaosaké putriné marang Sadéwa kanggo dirabi.

Relièf kaping lima[besut | besut sumber]

Lukisan iki adegan adu kakuwatan antara Bima lan rong raksesa Kalantaka lan Kalañjaya. Bima lan kakuwatané kang gedhé lagi ngangkat rong raksesa kanggo dipatèni karo kuku pañcanakané.

Reca-reca Sang Garudha[besut | besut sumber]

Prasasti Sukuh.

Banjur ing pérangan tengen ana rong reca Garudha kang sajatiné pethikan saka carita Ngebur Sagara Presan Kanggo Golèk Amreta (banyu kauripan) kang ana ing layang Adiparwa, kitab kapisan Mahabharata. Ing pérangan buntut sang Garudha ana siji prasasti.

Banjur isih kagandhèng karo carita panggolèkan amreta ini uga ana telung patung bulus kang nglambangaké bumi lan titisan (awatara) Bathara Wisnu. Wujud bulus iki mèmper méja lan bokmanawa pancèn dirancang kanggo papan ndokok sesajèn. Sawijining piramidha kang pucuké kairis nglambangaké éntuk Gunung Mandaragiri kang dijupuk pucuké kanggo ngudhak-udhak sagara kanggo golèk tirta amreta. È

Delengen carita Ngebur Sagara Presan Kanggo Golèk Amreta

Sawetara yasan lan reca liyané[besut | besut sumber]

Saliyané candhi utama lan reca-reca bulus, garudha lan relief-relief, uga isih tinemu sawatara reca kéwan wujud cèlèng lan gajah kang ana pelanané. Ing jaman mbiyèn para ksatriya lan priyayi nitih wahana gajah.

Banjur uga ana yasan mawa relièf tapal jaran karo rong wujud manungsa sajeroning, ing sisih kiwa lan kanan adhep-adhepan. Ana nimpuna kang nduwé pangidhepan yèn relief iki nglambangaké rahim siji wanita lan wujud sisih kiwa nglambangaké kadurjanan lan sosok tengen nglambangaké kabajikan. Nanging prekara iki ora patiya cetha.

Banjur uga ana yasan cilik ing ngarepé candhi utama kang diarani candhi pewara. Ing pérangan tengahé, yasan iki ana bolongané lan ing jeroné ana reca cilik tanpa sirah. Reca iki déning pirang-pirang kalangan isih dikeramataké amarga kerep diwènèhi sesajè

Rujukan[besut | besut sumber]

Kapustakan[besut | besut sumber]

Deleng uga[besut | besut sumber]