Pararaton

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Serat Pararaton (1912) gubahané R. Mangkoedimedja

Pararaton, Serat Pararaton, utawa Pustaka Raja (tegesé 'buku bab para ratu') iku babon basa Jawa kang kalebu ing sastra Jawa Tengahan. Babon iki isi 32 kaca ukuran folio lan ngemu 1.126 larik. Surasané bab sajarah ratu-ratu ing Singasari lan Majapait. Sapa kang nulis babon iki, tekan sapréné ora kaweruhan.

Pararaton diwiwiti mawa carita panitisé Kèn Angrok ing alam donya. Dhèwèké mono kang miwiti Karaton Singasari (1222–1292).[1][2] Saparo isiné babon carita bab limpadé Kèn Angrok ing nglakoni urip nganti dadi ratu ing taun 1222. Lakoné mau uga cawuh karo mitos. Candhaké, isiné babon banjur wujud cuwilan-cuwilan carita kang urut titimangsané. Akèh lelakon ing kono kang kacathet titimangsané. Nyedhaki pungkasaning carita, katerangan sajarahé sansaya cekak lan cawuh karo katerangan sarasilahé sentana Karaton Majapahit.

Wigatiné Kèn Angrok ing babon iki ora mung katon saka dawané carita bab dhèwèké, nanging uga saka kapacaké jenengé ing sesirah liya babon iki Serat Pararaton atawa Katuturanira Kèn Angrok. Yèn ngèlingi candra sengkalané, babon iki nuduhaké titimangsa 1522 Saka (udakara taun 1600 M). Pérangan pungkasan babon iki dinuga dianggit antarané taun 1481 lan 1600 M.

Bebuka[besut | besut sumber]

Pararaton diwiwiti mawa bebuka cekak bab anggoné Kèn Angrok nitis ing alam donya éngga dadi ratu.[1] Dhèwèké nawakaké salirané supaya dadi banten utawa yadnya marang Yamadipati (déwa Jawa kang jaga régol naraka) karebèn dhèwèké ora perlu nandhang pati. Minangka ganjaran, Kèn Angrok dijanjèni bakal munggah swargané Wisnu banjur dilairaké manèh dadi ratuning Singasari kang pinunjul.

Janjiné mau diantebi. Déning Brahma, Kèn Angrok dilairaké lumantar wanita tani kang tembé omah-omah. Nalika babarané, ibuné nyèlèhaké dhèwèké ing sawijining kuburan. Awaké Kèn Angrok sumunar lan narik kawigatèné Ki Lembong, durjana kang liwat kono. Ki Lembong ngangkat dhèwèké dadi anak, nggedhèkaké, lan ngajari dhèwèké manéka warna kagunan. Kèn Angrok banjur katut ing jagating totohan, kadurjanan, lan jarah rayah. Ing babon kocap yèn Kèn Angrok bola-bali dislametaké déning déwa. Ing sawijining lelakon ing Gunung Kryar Lejar, para déwa mudhun saperlu ngadani parepatan lan Bathara Guru (Siwah) mbiwara yèn Kèn Angrok iku putrané. Kèn Angkrok tinakdir yèn bakal nggawa tata lan tentremé Tanah Jawa.

Bebukaning Pararaton iki banjur dilanjut carita bab Kèn Angrok sapatemon karo Lohgawé, wong Brahmana saka Indhu. Lohgawé mono nedya mesthèkaké pakoné Bathara Guru kaleksanan. Dhèwèké banjur kongkon Kèn Angrok saperlu nemoni Tunggul Ametung, lurahing Tumapel. Wusana, Kèn Angrok mrajaya Tunggul Ametung supaya bisa ndhaup Kèn Dedes (bojoné Tunggul Ametung) uga munggah kapraboning Singasari.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. ^ a b Johns, Anthony H. (1964). "The Role of Structural Organisation and Myth in Javanese Historiography". The Journal of Asian Studies 24 (1): 91–99. doi:10.2307/2050416. 
  2. ^ Mangkudimedja, R. M. (1979). Serat Pararaton: Ken Arok (ing basa Indonesia). Departemen P dan K, Proyek Penerbitan Buku Sastra Indonesia dan Daerah. 

Kapustakan[besut | besut sumber]

  • Brandes, Jan Laurens Andries (1896). Pararaton (Ken Arok) of Het boek der koningen van Tumapel en van Majapahit (ing basa Belanda). Albrecht. 
  • J.J. Ras, 1986, Hikayat Banjar and Pararaton. A structural comparison of two chronicles. In: C.M.S. Hellwig and S.O. Robson (eds.), A man of Indonésian letters (Dordrecht, Cinnaminson: Foris VKI 121, pp. 184–203), ISBN 90-6765-206-7
  • J.J. Ras, 2001, Sacral kingship in Java. In: Marijke J. Klokke and Karel R. van Kooij (eds.), Fruits of inspiration. Studies in honour of Prof. J.G. de Casparis, pp. 373–388. Groningen: Egbert Forsten, 2001. [Gonda Indological Studies 11.] ISBN 90-6980-137-X

Pranala njaba[besut | besut sumber]