Menyang kontèn

Gajah Mada

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gajah Mada

Mahapatih Majapahit
Mangsa jabatan
k.1334 – k.1359
Monark Tribhuwana Wijayatunggadewi, Hayam Wuruk
Didhisiki déning Arya Tadah (Mpu Krewes)
Diganti déning 6 mahamantri agung

Tilar donya 1364
Déréng dipunmangrtosi
Kabangsan Majapahit
Agami Hindu-Buda

Gajah Mada (ꦥꦸꦒꦗꦃꦩꦢ) (séda k. 1364) inggih punika satunggalipun mahapatih saking karajan Majapahit, tiyang ingkang saged damel manunggalipun bumi nuswantara.[1][2] Nanging, ngantos dumugi sapunika misteri asal-usulipun Gajah Mada déréng wonten ingkang mangertos.[1] Miturut criyos Bali, Gajah Mada boten gadhah rama lan ibu, nanging asalipun saking uwoh krambil minangka panjelmaanipun Sang Hyang Narayana ing ngatasipun donya.[3] Manawi criyos punika leres, Gajah Mada miyosipun ing pulo Bali.[3] Nanging amargi ing Kutha Malang (Singasari) wiwit rumiyin saged kapanggih tandha-tandha mengeti Gajah Mada, saéngga wonten pamanggih manawi Gajah Mada miyosipun ing Kali Brantas, kinten-kinten taun 1300.[3]

Gajah Mada misuwur kanthi sumpahipun, ingkang dipunsebat Sumpah Palapa, sampun kaserat wonten ing kitab Pararaton.[4] Panjenenganipun mratelakaken boten badhé dhahar palapa sadéréngipun damel manunggalipun bumi nuswantara.[5] Ing wekdal sapunika, Indonésia sampun ndadosaken Gajah Mada minangka salah satunggalipun Pahlawan Nasional lan dados simbol nasionalisme[5] lan manunggalipun nuswantara.[2]

Wiwit Karieripun

[besut | besut sumber]
Salah satunggalipun reca ingkang nggambaraken Gajah Mada. Sapunika dipunsimpen ing musiyum Trowulan, Mojokerto.
Satunggalipun margi kanthi asma Gajah Mada.

Miturut sumber mitologi, kitab, lan prasasti saking jaman Jawa Kuno, Gajah Mada miwiti kariéripun ing taun 1313. Kariéripun Gajah Mada dados saya inggil sasampunipun prastawa pamberontakan Ra Kuti nalika wekdal kakuwasaanipun Sri Jayanagara, nalika Gajah Mada nglenggahi kalungguhan patih.[2] Gajah Mada dados Mahapatih (Mantri Ageng) ing wekdal Ratu Tribhuwanatunggadewi. Ing wekdal salajengipun Gajah Mada nglenggahi kalungguhan minangka Amangkubumi (Mahamantri) ingkang saged ndadosaken Majapahit minangka karajan ingkang jaya.[6] Gajah Mada wiwit misuwur nalikanipun saged ngalahaken Sadéng lan Kéta (1331) ingkang mbaléla.[7] Sasampunipun punika Gajah Mada ngungelaken sumpah ingkang kawentar, inggih punika Gajah Mada boten badhé amukti palapa sadérengipun saged nelukaken nuswantara kados ta Ara-ara (ing Kalimantan), Seram,(Maluku), Pahang (Malaysia), Dompo (Sumbawa), Bali, Sunda (Jawi Kilèn), Palémbang (Sumatera), lan Tumasik (Singapura).[7]

Sumpah Palapa

[besut | besut sumber]

Ing taun 1334, Ratu Putri Sri Tribhuana Tunggadéwi Maharajasa Jayawisnuwardhani nglantik Gajah Mada dados Mapatih Amangkubumi nggantos Arya Tadah ingkang pensiun.[8] Ing wekdal punika, Sang Mapatih ngungelaken janji bektinipun kanthi ngacungkaken kerisipun ingkang nama Surya Panuluh ingkang sadéréngipun punika kagunganipun Dyah Kertarajasa Jayawardhana, Raja Pendiri Karajan Majapahit.[8] Gajah Mada ngikraraken sumpah ingkang sampun misuwur ingkang dipunwastani Sumpah Palapa.[9] Serat Pararaton ngamot Sumpah Palapa ingkang dipunaturaken wonten ing ngajengipun Ratu Tribhuwana Tunggadéwi ingkang ungelipun kados punika:[9]

Lamun huwus kalah nusantara isun amukti palapa, lamun kalah ring Ara-ara, ring Seram, Tanjungpura, ring Haru, Pahang, Dompo, ring Bali, Sunda, Palémbang, Tumasik, samana isun amukti palapa

tegesipun:

Manawi nuswantara sampun kalah, kula nembé badhé lérén, manawi Ara-ara sampun kalah, lajeng ugi Seram, Tanjungpura, Haru, Pahang, Dompo, Bali, Sunda, Palémbang, Tumasik, wekdal punika kula nembé badhé lérén

Kanthi konsép persatuan punika, Gajah Mada saged nyegah paperangan antawisipun karajan-karajan kasebat ingkang wiwitanipun tansah n saged mbudidaya nguwasani.[8] Awit saking pangayomanipun Majapahit kanthi semboyan Bhinneka tunggal ika, tan hana dharma mangrwa, karajan-karajan kalawau saged damel rakyatipun sami tentrem.[8] Sanésipun punika Gajah Mada saged damel krajaanipun kiyat lan saged nyegah saking penjajahanipun karajan manca mliginipun karajan Tiongkok/Tartar.[8]

Dhiléma

[besut | besut sumber]

Sang Mahapatih Gajah Mada pikantuk ujian ingkang awrat nalikanipun Perang Bubat.[8] Sasampunipun dados karajan ingkang sampun kiyat, Majapahit sajatosipun saged nelukaken Karajan Sunda (Pakuan Pajajaran), nanging Gajah Mada langkung milih nyegah paperangan.[8] Sang Dyah Hayam Wuruk Sri Rajasanagara (Raden Tetep) ingkang nembé kémawon dados raja Majapahit ingkang énggal ugi gadhah kajeng ndadosaken Putri Raja Sunda ingkang nama Dyah Pitaloka minangka permaésurinipun.[8] Persatuan antawisipun Majapahit kaliyan Karajan Sunda kanthi tali palakrami punika dipunkajengaken saged dipunwujudaken.[8] Ing wiwitanipun rencana punika saged dipuntampi kanthi saé déning Karajan Sunda, nanging nalika ing wewengkon Bubat, rombongan saking Karajan Sunda ngajukaken syarat supados Sang Raja majapahit kedah majeng piyambak dhateng calon pengantén putri lan rombongan ing wewengkon wau.[8] Gajah Mada dados dhiléma (bingung anggénipun mundhut pamanggih), nampi utawi boten syarat punika, amargi mbebayani tumrapipun persatuanipun nuswantara ingkang sampun dipunyasa kanthi sisah.[8] Gajah Mada tansah mbudidaya saged ngrembag prakawis punika kaliyan Raja Sunda supados saged dipuntampi lan dipunsarujuki, nanging nalikanipun wangsul dhateng Kotaraja, Gajah Mada mireng manawi Karajan Sunda jejeg kaliyan pamanggih utawi pendhirianipun, ngantos Patih Anepaken saking Karajan Sunda sampun siyap sumadya kanthi tamtamanipun manawi syaratipun boten saged dipuntampi déning Gajah Mada.[8] Pungkasanipun perang dados solusi akir, ngantos Raja Sunda saged dipunperjaya, lajeng putrinipun Raja Sunda ingkang nama Dyah Pitaloka milih lampus dhiri (bunuh diri) amargi mangertos ramanipun sampun dipunperjaya déning Majapahit.[8]

Perang Bubat

[besut | besut sumber]

Ambisinipun Gajah Mada nelukaken nuswantara saged kalaksanan ing masa pemerintahanipun Hayam Wuruk.[7] Gajah Mada saged nelukaken Ujung Malaysia, Sumatera, Kalimantan, Maluku, ngantos dumugi Papua.[7] Nanging wewengkon Jawi Kilèn nembé saged dipuntelukaken nalika taun 1357 kanthi paperangan ingkang dipunwastani Perang Bubat.[7]

Tilar Donya

[besut | besut sumber]

Ngantos dumugi sapunika sababipun Gajah Mada tilar donya déréng wonten ingkang mangertos, kados pundi lan wonten pundi makamipun ugi déréng wonten ingkang mangertosi.[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c Misteri Gajah Mada Archived 2010-05-27 at the Wayback Machine. (dipununduh tanggal 27 April 2011)
  2. a b c [Yamin, Muhammad. 1945. Gadjah Mada, pahlawan persatoean Noesantara. Jakarta:Balai Poestaka] Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku2" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  3. a b c Seri Pahlawan (1) Gadjah Mada Pahlawan Persatuan Nusantara (dipununduh tanggal 25 April 2011)
  4. [Poesponegoro & Notosusanto (ed.). 1990. Sajarah Nasional Indonésia Jilid II. Jakarta: Balai Pustaka]
  5. a b Memory of Majapahit: Gajah Mada dipunundhuh tanggal 6 Juli 2011)
  6. [J.L.A. Brandes, 1902, Nāgarakrětāgama; Lofdicht van Prapanjtja op koning Radjasanagara, Hajam Wuruk, van Madjapahit, naar het eenige daarvan bekende handschrift, aangetroffen in de puri te Tjakranagara op Lombok]
  7. a b c d e Sejarah Majapahit Archived 2011-06-23 at the Wayback Machine. (dipununduh tanggal 25 April 2011)
  8. a b c d e f g h i j k l m Mahapatih Gadah Mada (dipununduh tanggal 25 April 2011)
  9. a b Biografi Patih Gadjah Mada (dipununduh tanggal 25 April 2011)

Pranala njawi

[besut | besut sumber]
  • Gajah Mada
  • Yamin, Muhammad (1945). Gadjah Mada, pahlawan persatoean Noesantara. Balai Poestaka. ISBN 9794073237, 9789794073230. {{cite book}}: Check |isbn= value: invalid character (pitulung)